Dolan ing pasar caplek Flipbook PDF

Dolan ing pasar caplek

8 downloads 119 Views 17MB Size

Story Transcript

DOLAN ING PASAR CAPLEK dening alfa

Nalika dina setu aku lan kancaku janjian. Sesuk minggu aku ngajak kancaku dolan ing Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kanda karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat.

“Mbok, ngenjang kulo nyuwun digugah gasik nggih mbok, kulo enten janjian kalih kancane”. kandaku. “Loh, sesuk yo dina minggu ndhuk, apa yo ameh ana kegiayatan sekolah, kok yo tumbenan dina minggu njaluk digugah gasik ?” “Mboten mbok, ngenjang kulo janjian kalih kanca badhe dolan teng pasar caplek, kepingin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kulo kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, yo wes sesuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi ndisik anggone reresik omah, bare kono nek kepingin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”

Gantining dina, tabuh lima esuk simbokku nggugah supaya aku enggal sholat subuh lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku sholat, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan kancaku banjur pamit marang simbok. “ Mbok, kulo mangkat riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat.

Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandangan lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe.

Tumuju aku marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan kancaku uga jajan maneka werna. Sabare marem anggonku jajan. Aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradisional, selaine kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masyrakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modern lan papan panggonan liyane.

r u t a mnuwun sampun nyemak cerita kulo

Dolan Ing Pasar Caplek Nalika dina setu aku lan kancaku janjian. Sesuk minggu aku ngajak kancaku dolan ing Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. (PENGENALAN) Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kanda karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat. “Mbok, ngenjang kulo nyuwun digugah gasik nggih mak, kulo enten janjian kalih kancane”. kandaku. “Loh, sesuk yo dina minggu ndhuk, apa yo ameh ana kegiayatan sekolah, kok yo tumbenan dina minggu njaluk digugah gasik ?” “Mboten mbok, ngenjang kulo janjian kalih kanca badhe dolan teng pasar caplek, kepingin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kulo kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, yo wes seuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi sik anggone reresik omah, bare kono nek kepingin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”. (PENGGAWATAN) Gantining dina, tabuh lima esuk mamakku nggugah supaya aku enggal sholat subuh lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku sholat, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan kancaku banjur pamit marang simbok. “ Mbok, kulo mangkat riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat. (KLIMAKS) Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandangan lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe. Tumuju aku marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan kancaku uga jajan maneka werna. (PELERAIAN) Sawise marem anggonku jajan. Aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradisional, selaine kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masyrakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modern lan papan panggonan liyane. (PENYELESAIAN)

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 MYDOKUMENT.COM - All rights reserved.