JILID 2 Ngaji Al Hikam Wong Awam Flipbook PDF


61 downloads 103 Views 1MB Size

Story Transcript

Ngaji Noto Ati

1

Ngaji Kitab Al-Hikam Kanggo Wong Awam Ahmad Rofiq Copyrights © Ahmad Rofiq 2023 All rights reserved Editor Desain Sampul Tata letak Pra cetak Distribusi

: Abu eL- Afifi : Team LT Press : Najib Classic : Iqbal : Saiful Fuad

Cetakan I, April 2023

Diterbitkan Oleh:

LT Press Jl. Kebun Jambu, No. 04 Peganden Manyar Gresik Jawa Timur Indonesia Hp. 082139536592

Hak cipta dilindungi Undang-Undang. Dilarang mengutip atau memperbanyak sebagian atau seluruh isi buku ini tanpa izin tertulis dari penerbit.

2

Ahmad Rofiq

Ngaji Noto Ati

3

Ahmad Rofiq

Ngaji Kitab Al-Hikam kanggo

Wong Awam JILID 2

press

4

Ahmad Rofiq

Daftar Isi

1. 2. 3. 4. 5. 6.

Dungo kok gak kabul??? Nilaine' nikmat Ngersulo iku kriminal Ora mergo dungomu Nah, ternyata... Ojo mburu jahe'r tapi ke’langan bandeng 7. Wong waras lan wong lali 8. Roja' lan khouf 9. Corone' husnudzon marang gusti alloh

Ngaji Noto Ati

5

Pengantar Penulis

Alhamdulillah, atas rahmat dan pertolongan Allah SWT buku ini akhirnya bisa terbit dan sekarang ada di tangan Anda. Sholawat dan salam semoga tercurah pada Baginda Nabi Muhammad SAW, manusia sempurna yang segala prilakunya menjadi suri tauladan bagi kita semua.

Buku ini adalah Jilid kedua dari buku “NGaji Kitab Al Hikam Kanggo Wong Awam”. Sebuah buku yang berisi tulisan-tulisan saya dalam bahasa jawa pasaran atau Boso Jowo ‘Embongan yang telah beredar di media sosial, baik facebook, WhatsApp dan lain-lain. Pada mulanya saya tidak kepikiran untuk mengumpulkan dan menghimpun tulisan yang berserakan ini dan kemudian mencetaknya menjadi sebuah buku. Namun ketika saya buka-buka PC saya kemudian menemukan tulisan-tulisan ini, terlintas ide untuk mengumpulkan tulisan ini dalam sebuah buku. Siapa tahu, Anda mendapatkan sesuatu yang berharga 6

Ahmad Rofiq

di saat atau setelah membaca buku ini, baik berupa kemanfaatan, inspirasi ataupun lainnya. Jika seperti itu maka alangkah bahagia diri saya. Kalaupun toh Anda tidak mendapatkan apa-apa yang berharga dari buku ini, maka tidaklah mengapa. Anggap saja dengan membaca buku ini Anda telah berpartisipasi dalam menggalakkan gerakan literasi di negeri ini. Daripada duduk bengong atau menggunjing orang , saya kira masih jauh lebih bermanfaa saat Anda mengalokasikan waku Anda untuk membaca buku ini. Akhirnya, semoga buku ini bisa menginspirasi Anda. Setidaknya menemani Anda dalam menghabiskan waktu senggang yang ada. Wallahu ‘Alam bisshowab

Gresik, April 2023 Penulis Ahmad Rofiq

Ngaji Noto Ati

7

Siji

Dungo Kok Gak Kabul..?? Brow, iki ayo ngaji. Ora usah serius2... Santai wae'brow, ngaji ala dai cangkem elek'..kwkwk..,kitabe' gak main-main brow "alhikam", karangane' Ibnu Athoillah Assakandary...setuju ta brow? Ee..tinimbang bahas wong liyo brow timbang sambat masalah nog facebook...ngaji wae' brow yo...masio gratul-gratul...mulai brow yo, BISMILLAH ‫ ﻭﻣﺗﻰ ﻣﻧﻌك اﺷﻬدك ﻗﻬرﻩ‬.‫ﻣﺗﻰ اﻋطﺎك اﺷﻬدك ﺑرﻩ‬

8

Ahmad Rofiq

Ngene' brow..maksute' kalimat nog duwur iku, iki rungokno temen yo, terus hayati..terus angen2nen dewe', oke brow? Siap budall??? Ne'k awakmu wis dungo utowo jaluk nang gusti alloh, misale' jaluk sugih, jaluk rizki lancar, jaluk bojo, jaluk sehat, jaluk iso lunas utang, utowo jaluk opo wae' lah....kok diijabahi lan disembadani, iku artine' Gusti Allah ngenalno Nog Awakmu Yen Gusti Allah Iku Apikan Tenan, Gusti Allah Iku Moho Loman Tenan... Gusti Allah ngetokno lomane' ben kowe iso syukur.. Tapi ne'k awakmu jaluk utowo dungo pingin iki iku...pingin dadi iki utowo dadi iku, la kok ora dikabulno karo Gusti Allah, iku artine' "ben kowe' paham ne'k Gusti Allah iku moho digdoyo. Ora iso dirayu, ora iso diintervensi....ngono lo brow... Gusti Alloh ngetokno digdoyone' ben kowe' iso tawadlu', ora mlete', ora rumongso hebat.. Dadi ojo salah paham brow yo...kadang kowe salah paham, nek dungo langsung dikabulno kowe' Ngaji Noto Ati

9

ngeroso sakti, ngeroso hebat....ora ngono broww..carane' mahami...paham ora brow? Sruput sik kopine' brow...!! Sakiki sewalike' brow.... Kowe' wis dungo nangisnangis, kadang wis mbelih pitik barang, petuk sopo wae' yo wis mbok jaluki dungo...tapi tetep wae' ora kesampaian karepmu, iku artine' "Gusti Allah ngenalno nang awakmu yen Gusti Allah iku moho digdoyo,moho mekso (‫) اﻟﻘﮭﺎر‬... Gusti Allah iku moho independen, ora iso dirayu, ora iso diintervensi, ora iso didemo..ngono lo brow, dadi ora mergo Gusti Allah Geting Kowe' Brow..... Paham brow?? La berhubung dewek2 iki dikongkon dungo....yo dungo wae' brow, dikabulno utowo ora iku ora urusan dewek2.... Kowe' dungo tokk iku wis oleh ganjaran kok brow... Intine' brow, ojo geman suudzon nang gusti alloh....ojo geman protes...siap to brow? nah, sakiki ayo tambah seneng marang gusti alloh brow.... dikon dungo yo dungo, dikon jaluk yo jaluk, 10 Ahmad Rofiq

engko nek ora kabul yo gak po2... kowe' dungo ngene' wae brow..... "gusti, jenengan niku pengeran paling hebat, masalah dungo kulo jenengan kabulno opo ora terserah panjenengan gusti...kabul nopo mboten penjenjangan tetep pengeran kulo sing paling hebat.." kowe' nek wis dungo ngono brow....wahh josss....tenan iki.... wis yo, kapan2 dilanjut....aku tak makaryo disik....salam brow

Ngaji Noto Ati

11

Loro

Nilaine’ Nikmat

Alhamdulillah...! mari nyeruput kopi karo mangan gorengan bro, urip rosone' nikmat tenan. jan gusti alloh iku moho apikan tenan, paring nikmat dewe'k2 iki iso seneng atine' mung kelawan nyeruput kopi. Tenan Lo Bro, uakeh wong sing pingin iso Seneng atine' wae' butuh biaya Mahal. La Kok aku lan Kowe' diparingi Iso seneng mung kelawan gorengan lan sak cingkir kopi. Iku Jan Nikmat sing luar biasa Bro, Nikmat peparinge' Gusti Alloh sing wajib Kito syukuri tenan. GAK NGONO TA BRO..?

12 Ahmad Rofiq

Coro Kowe' gelem Mikir lan angen2 Bro, Kowe' bakal ngerti Yen iso *nyeruput Kopi* utowo iso nyeruput susu, wedang jahe' lan liyo2ne ancen *Nikmat Songko Gusti Alloh* sing gueede' banget. Soale' melibatkan berjuta faktor sing nyebabno Kowe' Iso nyeruput Kopi. Misale', Kowe' Iso nyeruput Kopi sebab ilatmu normal, sebab isih ambekan, sebab untumu ora loro, sebab bumi ora gempa....wis pokoe' akeh banget lah. La iku kabeh Mergo MOHO APIKANE' GUSTI ALLOH marang aku lan awakmu. Tak baleni Bro Yo.... Kabeh Nikmat iku mau mergo *MOHO APIKANE'* GUSTI ALLOH marang awakmu. Ora Mergo amalmu Bro, Ora mergo ketaatanmu. Dadi Ojo GR Kowe' Bro, engko dang Kowe' GR, diparingi Nikmat Mergo amalmu akeh, Mergo sholat dhuhamu aktif, Mergo tahajudmu mempeng, Mergo wiridanmu suuuwe'. Hora Ngono Bro...Yo mergo *GUSTI ALLOH MOHO LOMAN* lan Moho Apikan.

Ngaji Noto Ati

13

Oke Bro, Ayo diterusno ngajine' Sakiki. Bukaen iku kitabmu Al Hikam. Oh Yo Yo, Kowe' gak gowo kitab, lali aku Bro, sorry Bro Yo. Yo wis Bro, iku waliken HP mu... kwkwk.. Saiki tekan Hikmah nomer 212

Bismillahirrahmanirrahim

‫ َﻋ َر َﻓ َﮭﺎ ِﺑ ُو ُﺟ ْو ِد ﻓُ ْﻘدَ ا ﻧِ َﮭﺎ‬, ‫َﻣﻥْ ﻟَ ْﻡ َﯾ ْﻌ ِر ﻑِ َﻗدْ َر اﻟ ﱢﻧ َﻌ ِﻡ ِﺑ ُو ْﺟ َداﻧِ َﮭﺎ‬ "SOPO WONGE' ORA WERUH NILAINE' NIKMATNIKMAT PEPARINGE' ALLOH PAS ONONE' NIKMAT-NIKMAT IKU, MONGKO BAKAL DIWERUHNO KARO ALLOH KELAWAN ILANGE' NIKMAT-NIKMAT IKU" Ngene' BRO contone'. Kowe' Duwe' kuping waras iku asline' kan Nikmat gueede' banget. Tapi Kowe' lak ora sadar lan jarang nyukuri Nikmat duwe' kuping waras iku to. Nah berhubung Kowe' ora ngerti nilaine' Nikmat duwe' kuping waras, terus siji mongso Gusti Alloh ngelebokno semut siji Nog Jero kupingmu. Walah Bro, Kowe' jur jungkir-jungkir, bengok-bengok, nDasmu mbok tabok-tabok Ben 14 Ahmad Rofiq

semute' metu. Rasane' nDas Sak kupingmu Yo jelase' teng...teng...teng. Nah, nek wis Ngono iku Kowe' baru sadar kan Bro, yoopo gedene' Nikmat duwe' kuping waras. Pas wujude' kuping warasmu bertahun-tahun ora Mbok ngerteni lan mbok syukuri, jur Gusti Alloh meruhno Kowe' yoopo gede'ne' Nikmat duwe' kuping waras. Corone' ngenalno? Yo iku mau to Bro, dileboni semut siji iku. Untung Gusti Alloh moho Welas asih nog awakmu Bro, isih dileboni semut siji. La umpomo dileboni semut sing pas selingkuh??? Opo Kowe' gak jingkrak-jingkrak koyo pemain kuda lumping hee...., Opo kowe Gak bengak-bengok koyo asu ditale'ni gulune' ..heee... Mangkane' Bro Yo, ayo disyukuri. Duwe' kuping waras, Ayo disyukuri *isih iso Ngupil* Artine' Kowe' dikei Gusti Alloh driji. Duwe' driji waras iku nikmat luar biasa gede'. Aku yakin kok Bro, masio uripmu kekurangan tur utangmu nog Warung akeh, Kowe' jelas ora gelem ne'k drijimu diketok terus diijoli duit Ngaji Noto Ati

15

500 yuto. Iku artine' drijimu siji luwih berharga tinimbang 500 yuto. Ngono kok Yo ora tau Mbok pikir lan Mbok angen2 to... Bro... Bro... La piye' carane' nyukuri? Cukup ucapno alhamdulillah, sing tenanan Bro Yo, nreseb sampek nog ati. Ora akeh lah jumlahe'. Pisan tok lah tapi hayati tenanan Bro.. Sakiki ngene' Bro, umpomo awakmu oleh Nikmat gueede', Misale' oleh persen sak milyar sebab mari ngedolno tanah. Olehe' nyukuri piye'? Cukup ucapno Alhamdulillah...., Nek Kowe' Takon *Mosok Ngono tok??* IYO..IYO BROW, Cukup ucapno Alhamdulillah..., Kowe' iki kok ngeye'l wae' to diomongi. Dawuhe' Imam Sahl bin Abdillah, nog syarahe' kitab Al Hikam Iki

‫ﻣﺎ ﻣﻥ ﻧﻌﻣﺔ إﻻ واﻟﺣﻣد � اﻓﺿﻝ ﻣﻧﮭﺎ‬ *"Ora Ono Nikmat masio sepiro wae' gedene' kejobo ucapan ALHAMDULILLAH isih luwih Utomo tinimbang Nikmat kui"* 16 Ahmad Rofiq

Gampang to Bro? Oleh Nikmat sak Piro gede'ne', Cukup ucapno *Alhamdulillah* Tapi sing penuh penghayatan Yo Bro.. Kowe' sing Melu Ngaji Al Hikam sing tak "makelari" Iki Ora usah resah, ora usah galau ne'k Ono wong utowo ustadz sing berlebihan, terus pidato *"SYUKUR IKU ORA CUKUP MUNG NGUCAP ALHAMDULILLAH, YO KUDU DIBARENGI NGAMAL, KUDU DIGUNAKNO PERSIS KOYO KAREPE' SING NGEKEI' NIKMAT, KUDU NGENE'...KUDU NGONO....."* Embuh sak uni2ne' kono... Jarno wae 'Bro. Tapi miturut Ngaji Al Hikam Iki, ngono iku berlebihan. Opo maneh Kanggo Wong2 sing dapurane' koyo aku lan Kowe'iki Bro. Nek iso ngelakoni Ngono iku ancen sing ideal, tapi *ngucap alhamdulillah* tok iku Yo wis cukup kok Bro. Pokok Kowe oleh nikmat Misale' duit sak milyar, terus Kowe' gelem ngucap ALHAMDULILLAH, masio pisan tok tapi Mbok jiwai Bro, mongko ucapanmu iku mau luwih Utomo tinimbang Nikmat duit sak milyar. Kowe' ne'k gak percoyo Bro, sok Ngaji Noto Ati

17

ben nog akhirat Ayo jaluk tulung malaikat ngongkon nimbang. Engko lak bener sing tak omongno. Masio aku Yo ora ngawurr kok Bro, aku Yo melu Dawuhe' poro ulama kaliber. Ora kok Ngomong angger jeplak nuruti karepku Dewe'. Wis Bro Yo, sakiki dang diterusno aktivtasmu. Sing ngedusi anak Yo dang ngedusi anak, sing ngeliwet tur wis mateng Yo dang dipate'ni genine', sing ngopi Nog Warung Yo dang disruput mane'h. Ne'k wis ente'k Yo dang dibayar, bekne' wingi duwe' utang Yo Ojo epok2 lali Lo Bro...dang dibayari... kwkwk.... Intine' Ngaji episode iki *Mumpung Nikmat-Nikmat Sing Nog Awakmu Durung Diilangno, Dang Syukurono*

18 Ahmad Rofiq

Telu

Ngersulo Iku Kriminal

ro!! Kowe' ne'k tangi turu utowo arep mapan turu iku biasane' laopo?? Maksudku, atimu iku Lo Bro, suasanane' piye'. Opo susah, sambat lan ngersulo, terus kukur-kukur Mikir utang Karo sambat *"NASIB..NASIB.."*. Ne'k ancen Ngono Bro, mari Ngaji Iki marenono Bro Yo, Soale' Ngono iku coro Al Hikam "kriminal". Duso gede' Bro. Urip iku Bro, sing penting happy, seneng guyon, ceria, ORA besengut wae' wajahe' koyok kloso lungset mari digawe' turu kucing.... kwkwk....tenan Ngaji Noto Ati

19

Iki Bro, sing penting atimu seneng wis. Ne'k senenge' atimu pas ngopi lan rokoan..Yo lakoni wae' Bro, ne'k senenge' atimu pas mangan enak' Nog Warung, Yo gak Popo, lakoni iku Bro, pokok atimu iso seneng, atimu ridlo nerimo takdire' Pengeran. Puloh kebiasaanmu wiridan tapi ngersulo terus, luwih apik mongan-mangan Karo guya-guyu bekakaan Bro.....pokok atimu seneng.... Wong mukmin iku Bro, ditakdir dadi opo wae', ditakdir Gusti Alloh nyambut gawe' opo wae', *mbuh nguli kek, dodol pentol ke'k, golek beling kek, dadi tukang batu ke'k, tukang ngedug kuburan ke'k, angon wedus ke'k, dodol plembungan ke'k, dodolan kali lima ke'k....wis opo wae' lah*, kudu diterimo kanthi ridlo, kanthi ikhlas. Ora Oleh sering sambat, ora Oleh susah, ora entuk ngersulo soal nasib Karo kukur-kukur ambe'k gremeng ... "Oalahhh..nasib..nasib!!!" Sakiki Ayo diterusno ngajine' BRO, Kitab Al Hikam Hikmah no 28

20 Ahmad Rofiq

Bismillahirrahmanirrahim

‫ َﻓ َﻠ ْو‬,‫َﻻ َﺗ ْطﻠ ُ ْﺏ ِﻣ ْﻧ ُﻪ أَنْ ُﯾ ْﺧ ِر َﺟ َك ِﻣنْ َﺣﺎﻟَ ٍﺔ ﻟِ َﯾ ْﺳ َﺗ ْﻌ ِﻣﻠَ َك ﻓِ ْﯾ َﻣﺎ ﺳِ َوﺍھَ ﺎ‬ .‫ﺍج‬ ِ ‫أَ َرﺍدَ َك َﻻ ْﺳ َﺗ ْﻌ َﻣ َﻠ َك ِﻣنْ َﻏ‬ ٍ ‫ﯾر إِ ْﺧ َر‬ "OJO GEMAN JALUK PENGERAN MINDAHNO AWAKMU SONGKO SIJI KEADAAN MARANG KEADAAN KANG LIYO, SEBAB UMPOMO PENGERAN NGERASAKNO, WIS KELAKON TANPO MBOK JALUK” Ngene' BRO: Ojo geman nggetuni keadaanmu sakiki, penggaweanmu sakiki, terus Kowe' jaluk marang Gusti Alloh ben Kowe' dipapakno nog kondisi utowo keadaan liyo. Gampangane' Bro, Ojo geman marahi utowo ngatur-ngatur Pengeran. Misale' Bro, Kowe' ditekdir nyambut gawe' dadi wong tukang golek kroto. Ngerti kroto to? Iku Lo semut Abang Kanggo pakan manuk. Biasa'e Mlaku Karo gowo ge'te'k duooowoo. Terus Kowe' gremeng Karo sambat, *"GUSTI... GUSTI, CE'K ABOTE' DOLE'K PANGAN KANGGO ANAK BOJO, MBOK KULO IKI Ngaji Noto Ati

21

JENENGAN PINDAH DADI OPO TA OPO NGOTEN LO, URIP KOK SORO NGENE' GUSTI.. GUSTI..* Laaa..., Ngono iku Bro, coro kitab Al Hikam Iki ora entuk. Jaluk tur ngajari Gusti Alloh, koyo2 Gusti Alloh ora paham Karo keadaanmu Bro. Ojo2 engko dungomu dituruti tenan Karo Pengeran Kowe' malah Ora siap. Biyen Ono wong Ngono iku Bro. Wong soleh ditakdir Gusti Alloh dadi kuli angkut Nog Pasar. Dadi JOB DESCRIPTION-ne' Wong iku Yo ngono iku Bro. Ngangkat beras, ngangkut kangkung, nengguluk klopo, nyunggi tepung, nyangkingno Iwak pindang, ngunggahno wedus nog bak mobil. Terus dekne' oleh upah Songko sing digawakno mau. Sing blonjo. Terus wong iku sambat lan dungo, "Ya Alloh!! Ce'k sorone' uripku. Golek mangan sedino rong piring wae' kok kudu angkatangkat nog pasar. Gusti, pokok kulo jenengan cukupi sedino iso mangan rong piring, kulo arep ngibadah tenanan marang panjenengan. Ora perlu ate'k angkat-angkat barang..” 22 Ahmad Rofiq

Siji Dino, Ujug2 wong iku Bro dituduh nyopet. Terus dicekel wong akeh, diserahno polisi terus di lebokno penjara. Pirang2 ulan nog penjara Bro, koyok penjaluke', bendino oleh jatah mangan rong piring, gratis Bro...wong nog penjara. Terus dekne' Mikir, opoo kok Sampek Mlebu penjara. Wong dek e' Yo wong apik, Yo ora nyopet. Terus sadar dungo lan ngersuloe' biyen pas dadi kuli panggul nog pasar. Akhire' tobat Bro, istighfar. Terus gak suwe' ditokno ko penjara. Wis, Bro Yo, Intine' *ridlo Maring takdire' Alloh* iku modal pokok amal apik, ati Seneng (kelawan barang halal) iku ibadah paling top....pokoke' ne'k atimu seneng Bro, setan sing Gudo Kowe' nangis gero-gero, mewek Karo gloso.. gloso.. turu pasar bantalan gubis. Tenan Iki Bro, sanade' jelas.. Mugo2 Barokah lan manfaat Bro Yo, wis dang Budall aktivitas, Daaaa….!!!

Ngaji Noto Ati

23

Papat

Ora Mergo Dungamu Sehat BRO?? Anak bojomu Yo sehat kabeh to? ALHAMDULILLAH... Pokok isih iso Mangan, iso ngombe, iso ngising, iso kelon, iso urip...tetep Ayo disyukuri Bro Yo... Ben Oleh ridlone' Pengeran. Soale' ora mungkin awakmu oleh ridlone' Gusti Alloh, ne'k awakmu lan atimu dewe' ora ridlo Karo Qodlo lan qodar utowo takdire Pengeran..mulane' nog Al Qur'an istilahe' "rodhiyatan mardliyyah" ‫راﺿﯾﺔ ﻣرﺿﯾﺔ‬ Opoo?? Kowe' Duwe' utang akeh? Ooo, biasa' iku BRO, damai wae'... engko ne'k wis ditekdir Iso nyaur lak beres, ORA usah susah Bro, opo maneh ne'k utangmu mbok gawe' nafaqohi anak Bojo, 24 Ahmad Rofiq

Gusti Alloh moho Welas Bro, paling Yo maklumi ne'k Kowe' Duwe' utang kanggo nafaqohi keluarga. Emboh ne'k utangmu mbok gawe' judi utowo dugem Bro, Yo mboh maneh ne'k Ngono... kwkwk.....guyon Bro... biasa wae'... kwkwk... Ayo dilanjut ngajine' BRO Yo, sakiki hikmah nomer 179: Bismillahirrahmanirrahim

ْ‫ َﻓ َﯾ ِﻘﻝ ﱠ َﻓ ْﮭ ُﻣ َﻙ َﻋ ْﻧ ُﮫ َو ْﻟ َﯾ ُﻛن‬, ‫ﺳ ﱡﺑ ًﺑﺎ إِﻟَﻰ ا ْﻟ َﻌ َﻁﺎءِ ِﻣ ْﻧ ُﮫ‬ َ ‫ﻻَ َﯾ ُﻛنْ َﻁﻠَ ُﺑ َﻙ َﺗ‬ ‫اﻟر ُﺑ ْو ِﺑ ﱠﯾ ِﺔ‬ ‫ﺎر ا ْﻟ ُﻌ ُﺑ ْو ِد ﱠﯾ ِﺔ َوﻗِ َﯾﺎ ًﻣﺎ ِﺑ ُﺣﻘُ ْو ِﻕ ﱡ‬ ِ ‫َﻁﻠَ ُﺑ َﻙ ِ ِﻹ ْﻅ َﮭ‬ *Ojo dadekno dungomu iku dadi sebab peparinge' pengeran, ne'k kowe' kok ngono berarti pemahamanmu marang pengeran isih cete'k. Tapi dadekno dungomu iku ekspresi kanggo nge'tokno posisimu dadi kawulo lan netepi hak-hak e' pengeran” Durung paham kan BRO?? Ancen durung dibahas... kwkwk...sik!! Sruput kopimu disik...Ben pokuss.... Ngaji Noto Ati

25

Ngene' BRO/Yu/Kang/Cak/Pak Lek: Kowe' selama Iki dungo utowo jaluk Nog Gusti Alloh iku karepmu piye' se'?? Be'n penjalukanmu dituruti GUSTI ALLOH Ngono ta? Nah, ternyata miturut kitab Al Hikam, Ngono iku keliru Bro, isih kurang tepat. Luwih ora pas mane'h ne'k awakmu dungo terus dituruti GUSTI ALLOH terus Kowe' ngomong" Dungoku Dadi Sebab Penjalukku Dituruti Gusti Alloh" Ngene' Iki omongan Ora bener Bro, miturut kitab Al Hikam. Gusti Alloh je' Mbok DADEKNO akibat? Ngawurr Kowe' iku Bro, La terus piye'? Anu Bro, *Dadekno Dungomu Utowo Penjalukanmu Marang Gusti Alloh Iku Dadi Tondo Nek Awakmu Iku Bener2 Kawulo, Jenenge' Kawulo Brow, Pantese' Yo Dungo, Yo De'pe'2, Yo Sambat Marang Juragane' Kang Sejati, yoiku Gusti Alloh. La Gusti Alloh sebagai Pengeran Kito iku duwe' hak Kito jaluki, utowo Kito sambati. Paham to Bro..? Alon2 wae' mocomu Bro, terus angen2...engko lak paham...

26 Ahmad Rofiq

Dadi Kowe' ne'k wis Melu Ngaji Al Hikam Iki, njur kapan2 dungo terus dituruti GUSTI ALLOH, Ojo komentar ngene' Bro, *"DUNGOKU MANDI TENAN, AKU BAR DUNGO LANGSUNG DIKABULNO PENGERAN"*. Kowe' ne'k ngomong utowo atimu nganggep Ngono, berarti Ilmumu isih CETE'K, berarti Kowe' Durung paham tenan Dawuhe'imam Ibnu Athoillah as-Sakandary Iki... La terus piye' Lo Cak? Ngomong Ngene' wae', *"CE'K APIKANE' GUSTI ALLOH, CEK LOMANE' GUSTI ALLOH, AKU JALUK KOK LANGSUNG DIKABULNO"* Nah, ne'k ngene' sipp Bro, Ilmumu wis rodok mapan, Kowe' Yo ora dadi wong sing sombong. Ne'k sing ndukur mau, iku ucapane' wong mlete', Terus ne'k Kowe' Ora gelem dungo, ORA gelem jaluk marang Gusti Alloh Mergo alasanmu Gusti Alloh wis paham kebutuhanmu, Kuwi Yo ora bener Bro. Kowe' Iso masuk golongan Wong sing mlete'. La Wong Kawulo kok gak gelem dungo, Kawulo sing Ora godak opo-opo kok Gak gelem sambat nog Pengeran. Ngaji Noto Ati

27

La terus piye'...*dungo salah, ora dungo keliru???* He' Bro, sing Ngomong Ngono Yo soopo, Rungokno disik ta nganggo motomu.. iki Ngaji soal Noto ati, sing dibahas imam Ibnu Athoillah iku NIAT LAN ANGGEPAN ATIMU WEKTU DUNGO ora soal dungone'. Yen soal dungo lan jaluk marang Gusti Alloh, wis bener iku.... Ngono Lo Bro...paham to? Alhamdulillah.... Wis Bro Yo, pegel drijiku "makelari" awakmu, makelari be'n awakmu diparingi Pengeran iso paham isine' kitab Al Hikam. Masio titik kan lumayan Bro... Sak durunge' tak tutup, Kowe' tak ke'i kata-kata uaaapik sing Ono hubungane' Karo bahasan Iki..gelem to Bro?? Gratis.... gratis!! Kwkwk..... "Jangan Jadikan Doamu Sebagai Alat MenyuruhNyuruh Tuhan Agar Memenuhi Keinginanmu, Tapi Jadikan Doamu Sebagai Ungkapan Bahwa Kamu Memang Seorang Hamba Yang Lemah Dan Tak Bisa Berbuat Apa-Apa" (Ahmad Rofiq, pengasuh *pesantren buruh)

28 Ahmad Rofiq

Mbok gawe' status Yo gak popo2 Bro, Ngono wae' kok repot. Tapi tulis jenengku Lo Yoo!, Ora kok mlete' Bro... bekne' salah lan keliru aku kan iso tanggung jawab...Iki salah sijine' usaha melawan hoax.... GAK NGONO TA BROW??? Mugo2 Manfaat lan barokah...

“ Jangan Jadikan Doamu Sebagai Alat Menyuruh­Nyuruh Tuhan Agar Memenuhi Keinginanmu, Tapi Jadikan Doamu Sebagai Ungkapan Bahwa Kamu Memang Seorang Hamba Yang Lemah Dan Tak Bisa Berbuat Apa­Apa”

Ngaji Noto Ati

29

Limo

Nah, Ternyata… Bro, aku tak crito titik Yo, Rapopo to?? Ngene', saat awal-awal arep makelari awakmu Ngaji Al Hikam, Ono semacam bisikan Nog atiku. Unine' ngene': "Pik..ropik, kowe' kok arep gaya mulang al hikam? Opo kowe' wis rumongso paling bener, opo kowe' ora eling kekurangan lan duso2mu hee...kok gaya arep mulang ngaji al Hikam. Wong nuturi wong ne'k dekne' dewe' ora iso ngelakoni iku duso. Wis ojo terusno niatmu" Ngono Bro, bisikan yang muncul di dalam hatiku. Pas awal-awal arep "makelari" awakmu memahami Al Hikam nog pesantren virtual, yakni grup FB 30 Ahmad Rofiq

*Ngaji NOTO ATI*. Alhamdulillah, aku jur eling Dawuhe'Imam Abu Hasan As-Syadzili, *'Salah satu bentuk bisikan setan adalah Orang mukmin diingatkan kekurangan dan dosa-dosanya. Sehingga merasa tidak PD saat akan berbuat kebaikan. Dan hubungannya dengan Allah menjadi tidak nyaman"* Berbekal Dawuhe' Imam Abu Hasan As-Syadzili iki Bro, atiku dadi tenang. Aku manteb makelari awakmu Ngaji kitab Al-HIKAM. Masio klakoanku dewe' durung ideal, Rapopo. Prinsipku jelas, Melu Dawuhe' Syeikh Abu Hasan As-Syadzili, "Ojo sampe'k kekurangan kito dadi penghalang kito arep ngamal apik. Ngenteni sempurna baru beramal adalah suatu hil yang mustahal. Ehh... Kuwalik, suatu hal yang mustahil." Pokok BUDALL. Diarani mlete' lak lah.... Kowe' Yo kudu Ngono Bro, nek arep amal apik, Misale' mulang, nasihati konco, khutbah.. utowo opo wae', kudu PD. Ojo kok atimu ngomong *"Ahh...aku dewe' isih kotor, kok arep nuturi konco....ahh, aku Ngaji Noto Ati

31

dewe' klakoanku durung tepak kok arep khutbah...., Ahh, ilmuku urung sempurna, kok arep Moco Al Hikam...." Ngono iku Bro, ternyata, bisikan setan agar kamu tidak merasa PD saat akan melakukan tindakan baik. Ketoke' wae' koyok wong TAWADLU', padahal ora PD lan iso2 termasuk tindakan KUFUR NIKMAT... La Iyo to Bro, ne'k Wong kabeh mukmin duwe' prinsip ngono, gelem mulang ne'k ilmunya sempurna, gelem khutbah ne'k wis ORA tau duso, .... Yo tutup agomo Islam Iki Bro. Yo sampe'k kiamat ORA bakal wani ngekei' nasihat koncomu Kowe'. Oke Bro, ayo dilanjut ngajine'. Iki hikmah kang nomer siji. Lohh... hikmah nomer siji kok dibahas nog bagian 16??? Wis ta Bro, rungokno wae', Gak usah kakean cangkem....he..he

32 Ahmad Rofiq

Bismillahirrahmanirrahim

‫ﺎء‬ ِ ‫ﻣِنْ َﻋ َﻼ َﻣﺎ‬ ِ ‫اﻟﺭ َﺟ‬ ‫ﺻﺎنُ ﱠ‬ َ ‫ِﻋﻠَﻰ ا ْﻟ َﻌ َﻣ ِل ﻧُ ْﻘ‬ َ ‫اﻹ ْﻋﺗِ َﻣﺎد‬ ِْ ‫ت‬ ‫ﻋِ ْﻧدَ ُو ُﺟ ْو ِد ﱠ‬ .‫اﻟﺯﻟَ ِل‬ "SETENGAH SANGKING TONDONE' NGANDALNO AMAL, YOIKU KURANGE' HARAPAN NOG ROHMATE' PENGERAN NALIKO MARI NGELAKONI KESALAHAN" Dadi Ngono Bro. Ne'k Ono uwong mari ngelakoni siji duso umpamane', terus atine' ngeroso uaaadoh Songko Gusti Allah, berarti selama Iki wong iku ngandalno amale'. La Ngono iku coro Al Hikam ORA entuk Bro. La terus ngandalno opo ne'k ngandalno amal ORA entuk??? Ngandalno JEMBARE' ROHMATE'ALLOH. Tak bale'ni mane'h, Ben ora Salah paham, *OJO NGANDALNO AMAL BRO, ANDALNO WAE' JEMBARE' ROHMATE' ALLOH* Kowe' nek Iso ngecakno utowo mraktekno Dawuhe' Al HIKAM iki, Insyaallah Kowe' dadi wong bener. Ngaji Noto Ati

33

Sebab ne'k awakmu kebetulan Wong sing Amal apike' akeh, yo ora dadi sombong. NEK AWAKMU MARI NGELAKONI DUSO, YO ORA DADI PUTUS ASA. Ngono Lo Bro, PAHAM TENAN TA?? OJO GUYA-GUYU KOWE'...PAHAM ORA!!! ALHAMDULILLAH. Sruput Sik kopimu Bro! Nek Kowe' Takon ngene', "Lla yo pak..pak, uwong dikongkon amal, diperintah sholat, diwajibno zakat, dikongkon poso romadhon, diwajibno kaji yen mampu, dikongkon mulang bagi sing duwe' ilmu, tapi kok ra entuk ngandalno amal. La terus ngamal akeh iku dienggo opooo???" Kowe' arep Takon Ngono kan Bro?? Wis paham aku modele' Utegmu iku... kwkwk...guyon Bro Yo... Ngene' Lo Bro!!!. Kabeh Amalmu iku gawe'en nyukuri Nikmat-nikmate' Allah sing wis diparengno awakmu. Ngono Lo. Kowe' lak Yo dikei oksigen, dikei iso Mangan, dikei iso kelon, dikei hak ngontrak bumi yahmono yahmene' ora usah mbayar, Kowe' Yo dikei kesehatan, Kowe' Yo dikei awak sing 34 Ahmad Rofiq

gagah utowo semlohai, Kowe' Yo diparingi......wis ora ketung lah. NGONO DIKONGKON AMAL ATEK TAKON AMAL KANGGO OPO?? pikiren ta Bro....yo...kan Iku sing bener Bro. Anggepen amalmu iku minongko ungkapan rasa syukur mu marang Gusti Alloh. Titik. La Yo toooo... Kowe' Iki dikei uwong sesuatu wae' kepikiran Pingin iso mbales. Padahal pemberian orang tersebut tidak seberapa. La mosok dikei Gusti ALLOH sembarang kalir... dikongkon sholat wae' Atek Takon SHOLAT KANGGO OPO. Akhlakmu Nang di to... Bro.. Bro La wong Karo menungso wae iso merasa berhutang Budi, mosok Karo Gusti Alloh Kowe' ORA merasa berhutang Budi Bro. Ne'k ancen atimu ngeroso hutang budi, ORA bakal Kowe' Takon "AKU AMAL GUNANE' OPO?" Gunane' opo jare'....bocah kok angel men tuturane'.... Yu Minten kleleken jendelo, cekap semanten atur Kawulo. Nyuwun Ngapunten ingkah katah menawi Ngaji Noto Ati

35

ucapan Kulo kasar. Soale' selain sebagai MAKELAR dalam pengajian Al Hikam Iki, saya termasuk dalam komunitas IDCE, alias *Ikatan Da'i Cangkem Elek'...... kwkwk.....

All I do just in order to make our communication easier and there is nothing difficult to understand. I do believe that something delivered from the heart only heart will accept it Paham ta Bro?? Sampai jumpa Bro!!

36 Ahmad Rofiq

Enem ( 6 )

Ojo Buru Jahe’r Tapi Ke’langan Bandeng

ro, Sak durunge' dilanjut ngajine' Iki, tak kandani disik, Ben Kowe' ORA salah paham marang aku.... Iki rungokno tenan Bro Yo... Rungokno tenan nganggo motomu... kwkwk... Aku nog Ngaji Iki ORA posisi dadi guru, tak BALENI maneh,..aku ngadakno Ngaji kitab Al-HIKAM iki ora sebagai guru, tapi sebagai makelar utowo blantik. Dadi tugasku cumak makelari. *Makelar pitutur* kanggo ngeresiki ati. Ngaji Noto Ati

37

Ee...mbok menowo awakmu pingin paham pituture' Syeikh Ibnu Athoillah sing ditulis nog kitab Al Hikam, tapi ORA ISO Moco kitab gundul. Nah, alhamdulillah aku ditakdir Gusti Alloh Iso Moco kitab gundul Bro, dadi aku pingin makelari awakmu Ben ngerti isine kitab Al Hikam. Ojo kuatir BRO, gak sah mbayar... gratis.... Ee..Mbok menowo aku Yo iso melu entuk Barokah Mergo makelari awakmu Bro, sehinggo Aku iso noto atiku sing elek' iki.. Tenan Bro Yo, eling2, Aku Ora mulang utowo ngajar awakmu Lo, aku mung makelari...aku Dudu gurumu, tapi koncomu Ngaji Noto ati KITABE' Al Hikam. Paham Bro Yo?? Awas ne'k ketemu aku terus nyeluk aku guru, utowo Kiai....tak ketak nDasmu Kowe' Bro kwkwk.....Ra bakal tak bayari kopimu..he.. Wis Bro, Ayo dimulai ngajine'

38 Ahmad Rofiq

Bismillahirrahmanirrahim

‫ﺳﺎ َر َﻋ ُﺔ إِﻟَﻰ َﻧ َﻭاﻓ ِِﻝ‬ ِ ‫ﻣِﻥْ َﻋ َﻼ َﻣﺎ‬ َ ‫ ا ْﻟ ُﻣ‬: ‫ﺎع ا ْﻟ َﮭ َﻭﻯ‬ ِ ‫ت ا ﱢﺗ َﺑ‬ .‫ت‬ ِ ‫ﺳﻝ ُ َﻋ ِﻥ ا ْﻟﻘِ َﯾ ِﺎﻡ ِﺑﺎ ْﻟ َﻭا ِﺟ َﺑﺎ‬ ِ ‫ا ْﻟ َﺧ ْﯾ َر ا‬ ُ ‫ َﻭاﻟ ﱠﺗ َﻛﺎ‬, ‫ت‬ “Sebagian tondone' nuruti howo nafsu, yoiku semangat pol nek ngelakoni kesunatan, tapi males nek ngelakoni kewajiban” Dadi Ngono iku ternyata ora bener Bro, ngelakoni sunnah semangat, tapi ne'k ngelakoni sing wajib aras2en. Contone' uakeh Bro, sholat tahajud lan Dhuha semangat poll, tapi subuhe' kawanen'. Ono opo ora sing Ngono iku Bro?? Jelas akehh...tapi aku ora ngarani awakmu Lo Bro...Ojo tersinggung, biasa' wae'... Conto manehh Bro Yo, Ono santri tirakat Poso, mergo Poso awake' lemes jur bolos Ngaji. Padahal Poso hukume' Sunnah, la ngaji (dole'k ilmu) wajib'. Iki Yo termasuk nuruti howo nafsu Bro...

Ngaji Noto Ati

39

Tak kei conto maneh sing gampang Bro. Ono Wong wedok lagi semangat2te' ngelakoni tahajud. Terus Wong wedok iku mapan turu sore Ben iso tangi bengi. Diajak kelon bojone' emohh mergo kuatir ora kelar Tangi bengi tahajud. Akhire' bojone' kecewa, motone' kelop-kelop nyawang gente'ng, ngitung tikus lewat. Laa.... wong wedok ngene' iki Yo termasuk nuruti howo nafsu Bro....la wong nuruti kelon Karo bojo iku WAJIB, ngelakoni tahajud sunnat. Tak kei conto Sitok kas Yo Bro, mari ngene' wis. Ono wong umpamane' nyambut gawe' dadi tukang batu. Mergo lagi semangat Dhuha terus sholat Dhuha 8 rokaat. Mari ngono isih wiridan suuuwi. Mandore' gregeten Mergo ora tepat waktu, tukang batu iku jur dipecat. Akhire' dekne' ora sido nyambut gawe', ora sido oleh nafaqoh kanggo anak bojone'. Padahal, NAFAQOHI KELUARGA WAJIB, LA SHOLAT DHUHA SUNNAH. Ngene' iki Yo termasuk nuruti howo nafsu, koyo Dawuhe' imam Ibnu Athoillah as-Sakandary iku mau..

40 Ahmad Rofiq

Coro gampange', “Ojo mburu jahe'r tapi kelangan bandeng. Ojo ngeboti kang sunnah tapi kelangan kang wajib. Sebab ngono iku termasuk songko *nuruti howo nafsu.” Wis Bro Yo, dungo dinungo, mugo2 Manfaat lan barokah sedoyonipun. Bekne' omongku kasar Yo sepuroen Bro Yo, ancene' makelar Bro, mbok Kon sopan koyo ustadz Yo Gak iso aku... kwkwk...umpomo ISO yo anggep wae' Aku Ustadz cangkem elek'.... kwkwk....

“Jangan memburu yang kecil dengan mengorbankan yang besar. Jangan memburu yang sunnah tapi menelantarkan yang wajib.”

Ngaji Noto Ati

41

Pitu ( 7 )

Wong Waras Lan Wong Lali

ow are you Bro!! Everything is Oke kah? Kowe' Kabeh good good kan kondisine'?? Alhamdulillah, praise to be Allah Hee' Broww..! Kowe' Yo tahu duwe' karep terus ora kesampaian ta? Misale', karep duwe' duit terus tapi dilalah Yo bokek. Karep sehat terus terus tapi dilalah Yo kene'k flu, karep disenyumi Bojo, dilalah malah dinyapruti Karo dibentak2. TAHU NGALAMI KAN BRO?? Nah, berarti Kowe' ancen menungso 42 Ahmad Rofiq

tenan Bro. La hakikate' menungso ancen DHOIF, Ora iso Opo-opo. *"Tapi Aku kan iso gawe' terobosan-terobosan baru? Inovasi-inovasi Anyar!!"* Halahh Brow.. Bro, terobosan baru apane', asline' wis Ono kait biyen' iku, Kowe' wae' sing lagi weruh... kwkwk..... Bener Dawuhe' Al Hikam, Kowe' ne'k Wong waras tenan, mesti ngakoni ne'k Kowe' Ora Iso Opo-opo. Wis Bro, Ayo diterusno ngajine'. Rungokno tenan Yo, ne'k Kowe' pingin parek Pengeran lewat Ngaji kitab Al-HIKAM iki. Tak wacakno Bro Yo, tak makelari... Bismillahirrahmanirrahim

‫ َوا ْﻟ َﻌﺎﻗِل ُ َﯾ ْﻧ ُظ ُﺭ َﻣﺎ َﺫا‬, ُ ‫ﺻ َﺑ َﺢ َﯾ ْﻧ ُظ ُﺭ َﻣﺎ َﺫا َﯾ ْﻔ َﻌل‬ ْ َ‫ا ْﻟ َﻐﺎ ﻓِل ُ إ ِ َﺫا أ‬ . ‫َﯾ ْﻔ َﻌل ُ ﷲُ ﺑِ ِﮫ‬ "Wong sing lali iku ne'k manjing isuk angen2 opo sing arep dilakoni. Wong sing akale' waras ne'k manjing isuk angen2 opo sing arep dikersakno Alloh kanggo de`kne'" Ngaji Noto Ati

43

Ngono Bro bedone'. Dadi versi Al Hikam, tak baleni maneh.. versi Kitab Al Hikam wong sing atine' PD bakal iso ngelakoni iki utowo iku malah diarani *Wong sing lali". La sing akale' waras malah wong sing sing atine' pasrah opo wae' sing arep terjadi. Coro gampange' uripe' GLUNDUNG ngetotno kersane' Gusti Allah. Ora glundung awake' lan pikiran e' lo bro.... Tapi ATINE'. *Tapi awakmu Ora usah susah bekne' ora iso ngelakoni Dawuhe' Al Hikam Iki, biasa wae'. Awakmu kan ORA wali... kwkwk. Pokok gelem Ngaji iku wis aaaapik Bro. Piye' mane'h, jaman akhir* Ancen nog ilmu hakikat iku Bro, *menungso iku kudu pasrah* marang Kabeh kersone' Pengeran. Ojo salah paham Lo Bro, PASRAH IKU GONE' NOG ATI. Dudu awak lan pikiran. Awak lan pikiran tugase' ikhtiyar. Dadi ne'k Kowe' lungguh lenger-lenger Nog omah, terus arep2 rizki teko dewe' Moro nog omahmu, iku keliru Bro. Ora PASRAH jenenge' iku, tapi wong 44 Ahmad Rofiq

males sing nggaya nyufi. Sewalike' Bro, ne'k Kowe' ngotot Karo pendapatmu, "Wong iku kudu kerjo. Ora ono rizki teko dewe' iku!" Berarti Kowe' Yo geblek Bro. Soale' ancen Ono Wong sing rizkine' Teko dewe'. La terus piye'?? Yo Ra piye'2 Bro, Yo pokoe' Ngono iku lah. Wis Bro Yo. Engko bengi Yen arep turu, Cobak angen2 kejadian sing mbok alami Dino Iki. Ne'k Kowe' teliti tenan Bro, Lak luwih akeh sing gak sesuai Karo karepmu. Kejadian Sing cilik2 wae', Misale' Pingin ngopi nog Warung A jebule' tutup, pingin anak ora rewel jebule' rewel, budal kerjo pingin lancar jebule' macet, pingin ngopi Karo nyawang wong Wedok sing liwat nog ngarep Warung, jebule' sing liwat nog ngarep Warung malah Wong gendeng. Rambute' ruwe'... ruwe'...koyok Mak lampir.... kwkwk Kabeh iku Bro mbuktekno Yen hakikate' menungso iku ora Iso Opo-opo. Bener Dawuhe' Al Hikam nog

Ngaji Noto Ati

45

dukur iku mau Bro. Oke Bro, selamat beraktivitas. Mugo2 Barokah lan lancar sekabehane'..

46 Ahmad Rofiq

Wolu ( 8 )

Roja` Lan Khouf

ro, Iki ngajine' Mak jegagrik wis Tutuk bagian telulas. Ditlateni alon-alon wae' Yo Bro, masio atimu lan atiku durung iso cocok Karo kitab Al Hikam Iki, Yo Ojo langsung mutung, jur ora melu Ngaji. Masio aku wani *makelari* awakmu Ngaji kitab Iki Yo ora Mergo aku luwih apik atine' timbang awakmu. Ora Ngono Bro. Malah sewalike' Kok Bro. Atiku Yo isih bosok, dadi tak wanek2no MAKELARI awakmu Ngaji kitab Al-HIKAM iki. Eee...mbok menowo Kowe' oleh manfaat Teko Ngaji Iki, lan aku Ngaji Noto Ati

47

iso ketularan oleh manfaat lan barokah. Ngono lo Bro, Oke Ta?? Wis dang disruput kopimu iku! Ne'k wis Ra ngantuk, Dang Ayo diterusno ngajine'..

Bismillahirrahmanirrahim

ْ ‫ﺍﻟﺭ َﺟﺎء ِ َﻓﺎ‬ ‫ﺷ َﮭﺩْ َﻣﺎ ِﻣ ْﻧ ُﮫ إِ ﻟَ ْﯾ َك‬ ‫ﺎﺏ ﱠ‬ َ ‫إِ َﺫﺍ أَ َﺭﺩْ تَ أَنْ َﯾ ْﻔ َﺗ َﺢ ﻟَ َك َﺑ‬ ْ ‫ﺎﺏ ﺍ ْﻟ َﺧ ْوﻑِ َﻓﺎ‬ ‫ﺷ َﮭﺩْ َﻣﺎ ِﻣ ْﻧ َك‬ ُ ‫ َوإِ َﺫﺍ أَ َﺭﺩْ تَ أَنْ َﯾ ْﻔ َﺗ َﺢ ﻟَ َك َﺑ‬, . ‫إِﻟَ ْﯾ ِﮫ‬ “NE'K AWAKMU PINGIN GUSTI ALLOH MBUKAK LAWANG HARAPANMU MARANG ROHMATE' ALLOH (ROJA'), MONGKO SEKSINONO PEPARINGE' ALLOH SING DIKEKNO AWAKMU. LA NE'K AWAKMU PINGIN GUSTI ALLOH MBUKAK LAWANG WEDIMU MARANG SIKSONE' ALLOH (KHOUF), MONGKO SEKSINONO OPO SING WIS MBOK PERSEMBAHNO KANGGO GUSTI ALLOH”

48 Ahmad Rofiq

Paham Bro?? ....Durung!! Yo gak popo2. Santai wae'. Ancen Ngaji kitab Al-HIKAM iki kudu alonalon, ora usah kesusu, ORA usah banter-banter Garai klilipen slamper...

Sruput sik kopine' brow!! Ngene' BRO: Misale' awakmu lungguh tengertenger, Mikirr lakone' uripmu, Kok nyatane' akeh eleke', terus Kowe' rumongso uaakeh duso, rumongso adoh banget Songko Gusti Alloh, jur Kowe' ngomong "Ah Yo, Klakoanku Kok Elek' Ngene Ini Opo Yo Disepuro Gusti Alloh Opo Ora Dusoku?"*. Nah, iku ARTINE' harapanmu nog Gusti Alloh tipis, coro HP ngono lagi LOW BATERAI, coro Lawang Ngono isih ketutup. Coro lilin ngono lagi kelip-kelip arep mati genine'. Nah, ne'k Kowe' atimu kondisine' Ngono Bro, serba pesimis, jare' Al Hikam Dang cepet2 gedekno mane'h. Ibarat atimu HP, Dang cepet2 cess Bro. La Carane' piye'? Ngaji Noto Ati

49

(Sik Bro, Aku tak ngukur ndasku sing gatel disik!!) Ngene' BRO!! Miturut kitab Al Hikam, nek api harapanmu lagi Low, Cobak pikiren lan angen2nen Nikmat-nikmat sing wis diparengno Allah marang awakmu. Kowe' Yo dikei oksigen, Kowe' Yo dikei Mangan, Kowe' Yo dikei hak manggon Nog bumi Ora usah mbayar, Kowe' Yo dikei Bojo, dikei kesehatan awak, wis pokok uaaakeh lah. Padahal awakmu selama Iki Yo bedigasan Nog dunyo iki. Tapi yo tetep wae' dikei Nikmat Karo Gusti Allah. Iku Kabeh Bukti Ne'k Gusti Alloh Iku Suaayang Banget Marang Awakmu Brow, Masio Awakmu Bedigasan.. Iku corone' Ben Gusti Alloh mbukak Lawang roja' utowo harapanmu Bro, paham Yo?? Ra paham Yo epok2 paham Ngono Lo Bro, be'n Seneng sing makelari Iki.... kwkwk... Suwalike' Brow, Nek Sakiki Lawang Wedimu Marang Siksone' Alloh Kok Isih Nutup, Coro Hp Ngono Sedang Low Baterai, Sehinggo Awakmu Urip Dugal, Bedigasan, Mlete' Koyok2 Ora Wedi 50 Ahmad Rofiq

Neroko, Petita-Petiti Koyok2 Ora Bakal Mati, Dang cepet2 gedekno roso wedimu. La corone' piye'? Miturut Al Hikam corone' kelawan angen2, Opo wae' sing wis Mbok persembahno marang Gusti Alloh. Opo Kowe' selama Iki wis nuruti perintahe Gusti Alloh kelawan bener? Pas Ono adzan Opo Kowe' Yo wis cepet2 Budall Nog masjid Opo isih sibuk urusan liyo? Opo pas Kowe' ketemu gelandangan Nog nddalan yo cepet2 Mbok ke-i Mangan utowo Mbok sawang tok?? Nah, pitakon2 ngene' iki takono nog atimu dewe'2 Bro, terus engko jawaben Dewe'. Insyaallah Kowe' ne'k ngelakoni Iki, ROSO WEDIMU Sing nog boso tasawuf diarani KHOUF, bakal muncul. Coro Lawang nutup Ngono iso dibukakno Pengeran. Wis Bro Yo, mugo2 Ngaji NOTO ATI Iki Ono Guno lan manfaate'. Mugo2 kelawan Ngaji Iki ROSO seneng utowo mahabbah Kito marang Gusti Alloh lan Kanjeng nabi Muhammad dadi Tambah. Nek Ono cangkemku sing kasar, Ojo kaget Bro Yo, Ojo

Ngaji Noto Ati

51

tersinggung. Sepuroen. Ancen Dudu ustadz utowo Kiai kok, cuma makelar he..he.. SAMPAI JUMPA KEMBALI BRO!!

52 Ahmad Rofiq

Tentang Penulis Ahmad Rofiq, lahir pada 1978 di Desa Medalem Senori Tuban. Pertama kali belajar ilmu-ilmu agama di Pesantren Darut Ta’lim Al Azizy di desa kelahirannya. Lalu melanjutkan ke Pesantren Mambaul Maarif Denanyar Jombang. Lulus dari Jombang dia menjadi pengajar di Pesantren Raudlotul Quran Tlogoanyar Lamongan. Kemudian saat di Gresik pernah menjadi pengajar di Pesantren Mambaus Sholihin Suci Manyar Gresik. Pendidikan sarjana dia tempuh di Jurusan Bahasa Inggris UNISDA (Universitas Islam Darul Ulum Lamongan). Gelar Master bidang Pendidikan Islam dia peroleh dari STAI Qomaruddin Bungah Gresik. Saat ini dia adalah anggota Komisi Dakwah MUI Kabupatn Gresik, sekretaris Lembaga Dakwah Nahdlatul Ulama(LDNU) Cabang Gresik. Karya-karya tulisnya, khususnya yang berbentuk esai, artikel dan cerpen, telah dimuat di banyak media cetak nasional. Seperti cerpen berjudul Lidah (Kompas), Gadis Berkerudung Biru (Seputar Indonesia/Sindo), Ngaji Noto Ati

53

Potongan Kepala (Batam Pos), Aku hanya Maling (Sumut

Pos), Karena Aku adalah Rumput (Radar Bojonegoro) dan lain-lain. Buku yang ada di tangan anda ini adalah karya keempatnya. Sebelumnya dia telah menerbitkan sebuah novel berjudul Haji tak Perlu lagi ke Mekah, beberapa karya tulis bersama Dukut Imam Widodo CS dalam buku Sang Gresik Bercerita, dan buku yang merekam perjalanan dan perjuangan para tokoh spiritual Islam di Gresik, Jagat Kiai Gresik.. Untuk keperluan kritik, saran dan lainlain, pnulis dapat dihubungi di Hp/WA. 082139536592

54 Ahmad Rofiq

This document was created with the Win2PDF “print to PDF” printer available at http://www.win2pdf.com This version of Win2PDF 10 is for evaluation and non-commercial use only. This page will not be added after purchasing Win2PDF. http://www.win2pdf.com/purchase/

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 MYDOKUMENT.COM - All rights reserved.