Djaka Lodang No 04-2021-kaca 2 51 Flipbook PDF


84 downloads 101 Views 16MB Size

Recommend Stories


51
25.2.2006 ES Diario Oficial de la Unión Europea L 55/51 DECISIÓN DE LA COMISIÓN de 24 de febrero de 2006 relativa a la introducción de la vacunaci

51
PROFESIONALES Y BUROCRACIA: DESPROFESIONALIZACION, PROLETARIZACION Y PODER PROFESIONAL EN LAS ORGANIZACIONES COMPLEJAS Mauro F. Guillen* Universidad

Story Transcript

Tintingan Buku

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

NG

1

, 25 J

2

U PAI

I 202

ET

UN

04 S

LIPUTAN

Festival Dhalang Bocah lan Rumaja Kota Yogyakarta

PRIBADI BINUKA

Dr. Peni Candra Rini, M.Sn.

Komposer Tradhisional Jawa Kang Moncer Ing Manca Negara

LELEMBUT DHEGLENG

2

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

O

brolanku bengi kuwi karo Sumi dakajab bisa gawe atine Sumi ayem lan tentrem. Aja nganti kapletikan rasa meri marang aku sing nembe wae didhawuhi dadi juru ladi ing warung dening Bu Ngadirah. Aku kuwatir yen ana rasa meri ing atine Sumi tundhane Sumi bisa duwe tumanggap lan tumindak sing ora ngepenakake aku. Kepara malah bisa ngganggu gawe anggonku nyambut gawe ing Jakarta iki. Muga-muga bab kaya ngono kuwi aja nganti dumadi. Aku uga kepengin Nanik lan Narsih ora meri karo aku. Sebab rasa meri kuwi bisa nuwuhake rasa sering, gething, lan sapiturute sing sabanjure bisa gawe cilaka tumrap sing duwe rasa dhewe lan uga sing diseriki. Manut rumangsaku, saploke Mas Raka lan Mas Rinto ana Jakarta polah tingkahe Sumi pancen rada aneh. Semono uga Nanik lan Narsih. Yen polahe Mbak Sum pancen luwih-luwih ketara nyolok mata. Contone, tanpa ana sing kongkon Sumi mesthi wis siyaga nyawisake wedang lan sarapane Mas Raka lan Mas Rinto. Tanpa dikongkon dheweke mesthi enggal-enggal ngumbahi sandhangan regetane Mas Raka lan Mas Rinto. Semono uga bab nyapu lan ngepel kamare kekarone. Uga bab nata meja, koran, lan buku-buku sing ana kamare kekarone. Kejaba kuwi, manut rumangsaku, Sumi ketok yen luwih kemayu tinimbang dina-dina biasane nalika kekarone ora ana ing Jakarta. Dene yen Narsih lan Nanik katon luwih kalem. Semonoa manut pangrasaku, telu-telune pancen kaya kepengin narik kawigatene Mas Raka lan Mas Rinto. Saora-orane Narsih lan Nanik katon luwih sregep adus lan dandan. Katon yen grapyak, nyanak-nyanak, lan bisa luwih kerep cecaketan marang kekarone. Dene aku? Yen aku, aku malah rada gumun dhewe karo kahanan kuwi. Manut rumangsaku, aku ora kepengin narik kawigatene Mas Raka lan Mas Rinto. Ora kepengin narik kawigatene? Tenane, Ni! Mengko kowe gek selak karo batinmu dhewe. Satemene kowe rak ya ngakoni ta yen Mas Raka lan Mas Rinto kuwi mujudake bocah lanang sing nggan­

sing kepriye-kepriye kejaba mung supaya aku gelem sinau dadi juru ladi. Dene ancase sing luwih gedhe supaya warunge utawa rumah makane ibune, ya Bu Ngadirah kuwi tambah laris. Ora ana ancas liya kejaba kuwi! Ah, iya. Ora. Ora! Aku ora kena kegedhen rumangsa. Ora! Kegedhen rumangsa kuwi padha karo wong sing gawe jugangan kanggo njeglongake awake dhewe. Kanggo ngubur awake dhewe. Persis kaya wong ngendhat utawa wong nglalu. ** Ing sawijining wengi aku 11 glenikan karo Sumi bab anggone dheweke kaya pasang wuwu marang Mas Raka apa dene Mas Rinto. “Mbak Sum, apa Mbak Sum kuwi ora kuwatir apa isin yen kaya dene masang-masang awak kanggo Mas Raka lan Mas Rinto?” “Ni, kabeh laku urip kuwi ana resikone. Ora ana sing tanpa remarang rewange? Apa bocah lanang siko. Mung kari wani nampa resiko kaya mangkono kuwi ora bakal na- kuwi apa ora. Yen kowe ora wani rik kawigatene bocah wedok, kalebu nampa resiko, kowe ora bakal maju. kowe? Kowe aja ngapusi batinmu Kowe ora bakal ngerti apa-apa.” “Apa Mbak Sum kepengin dadi dhewe lho, Ni! Ngono mau uni batinku. Kebak pitakonan lan wangsulan pacar utawa jodhone Mas Raka apa Mas Rinto?” kaya wong ujian. “Pengarep-arep kaya ngono kuwi Yen Sumi, Narsih, lan Nanik ketara anggone duwe rasa sir marang ora nate ana ing pikiranku, Ni. Sing Mas Raka lan Mas Rinto, apa sate- baku, aku bisa macari Mas Raka apa mene kowe ora meri? Apa satemene Mas Rinto, utawa loro-lorone.” “Edyan kowe, Mbak!” kowe ora kepengin digatekake deSumi mesem krungu gunemku. ning kekarone, Ni? Coba tantingen, “Hm. Mumpung isih enom, Ni. takona marang suwara batinmu sing paling jero! Mengko kowe gek mung Wong wedok kuwi cepet banget tuora gelem ngakoni. Upama, iki mung wane tinimbang wong lanang. Wong upama, Ni. Upama Mas Raka lan Mas wedok kuwi tuwa sethithik wae njur Rinto kae banjur bisa dadi hyange, ora payu. Kaya dagangan kedaludadi pacare Sumi, Nanik, apa dene warsa, Ni. Mumpung ana cah lanang Narsih, apa kowe ya ikhlas, lila teme- nggantheng, pinter, tur durung pennan, Ni? Pitakonan-pitakonan sing galaman. Kuwi narik kawigaten, Ni. terus nggubel ing atiku kuwi ora bisa Kuwi sing jenengane tantangan!” Embuh ngapa atiku gumuruh sanalika dakwangsuli dhewe. Yen dipikir-pikir banjur ngapa krungu ukarane Sumi sing kaya ngokok aku ndadak mikirake Mas Raka no kuwi. Cetha yen Sumi pancen bilan Mas Rinto? Apa mung marga aku sa tumindak apa wae kanggo njiret nate diunekake “wangun” lan dida- Mas Raka lan Mas Rinto. Bener, Sudekake juru ladi ing warung makan, mi bakal pasang kala. Pasang wuwu. aku banjur kegedhen rumangsa? Ah, Ana rasa ora trima lan kuwatir ing iya. Bokmenawa aku pancen keged- atiku. Mengko yen Mas Raka lan Mas hen rumangsa. Kamangka mesthine Rinto sida kejeglong, kejiret dening Mas Raka lan Mas Rinto ngunekake apa sing ditindakake Sumi bisa ora aku “wangun” kuwi ya mung muni Kasambung kaca 51 biasa wae. Tegese, ora duwe ancas theng-nggantheng, pendhidhikan, semanak, lan padha-padha ngancik dewasa. Ketara ta yen kekarone mujudake bocah lanang sing luwes, sopan, kalem, ora kasar, lan ngajeni

Majalah Basa Jawa

n Racika Ngesthi Budi Rahayu Ngungak Mekaring Jagad Anyar Kababar Seminggu Sepisan Terbit saben dina Sabtu PENERBIT PT DJAKA LODANG PERS Anggota SPS No. 66/1971/14/B/2002 SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/ SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986

CRITA SAMBUNG................................. 2 Kembang Alas Jati

PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] &

Drs. H. Abdullah Purwodarsono PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI: Kuswinarni PEMIMPIN PERUSAHAAN: Tony Urat Sitohang REDAKSI PELAKSANA: Drs. Suhindriyo REDAKSI: Drs. Suhindriyo Tatiek Poerwa Kalingga SEKRETARIS REDAKSI: Maria Nur Cahyati ARTISTIK: Tri Listiyono, Wahyu Kadarsih, Lestari Setyani. KEUANGAN: Wiji Sukarti PROMOSI & IKLAN Bari SIRKULASI: Sukarni Heru ALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI: Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133 TELP./FAX. 372950 Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646 No. Rekening Bank : Bank Mandhiri KH A. Dahlan 137-00-1034862-7 a.n. PT Djaka Lodang Pers BRI Cabang Katamso 0245 0100 2268 307 a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM, LUMANTAR WA UTAWA EMAIL] • Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY], Rp 13.500,00 [jaban DIY] Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500 [5 x terbit] • Langganan lumantar pos ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp 12.000,00 • iklan Rp 1.500,00/baris • Rega Iklan Display, Paket Sponsor Rubrik bisa sesambungan langsung marang bagian iklan • Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi. “Djaka Lodang” nampa sumbangan tulis­an lan gambar saka para maos. Redaksi duwe hak ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe seminggu sawi­se karyane kapacak. Tulisan kang ora kapacak dikondur­ake yen dikantheni pe­rangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat email: [email protected]. Akehe tulisan watara 4.500 karakter (klebu spasi) format RTF (dudu doc).

SRUMUWUS........................................ 4 Tanggap Warsa WAWASAN JRONING NEGARA............. 5 Borobudur Tiket Ngunggahi Candhi Kelarangen? TOSAN AJI........................................... 6 Kawruh Dhuwung SASTRA & BUDAYA .............................. 7 Dhaerah Luwih Grengseng Ngrembakakake Sastra Jawa? WIRANOM............................................ 8 Teguh Bangun Satria Perlu Dilandhesi Semangat Muda PAGELARAN ........................................ 9 Mangesti PRIBADI BINUKA.................................. 10 Dr. Peni Candra Rini, S.Sn. M.Sn. Komposer Tradhisional Jawa Kang Moncer Ing Manca Negara PAWIYATAN.......................................... 12 SMPN 1 Semanu Mengeti Dina Lair Pancasila LAPORAN DHAERAH .......................... 14 Ruwat Rawat Prasasti Sarungga WANITA & KELUWARGA...................... 16 Nggladhi Putra Amrih Tumindak Jujur HERBAL............................................... 17 Nangka Sabrang JAGADING LELEMBUT ........................ 18 Lelembut Dhegleng KEMBANG SETAMAN............................ 19 PUSTAKA ............................................ 20 Sandiasma PADHALANGAN.................................... 22 Ibu Lurah Winihan

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

3

CRITA RAKYAT...................................... 24 Mundhinglaya CERKAK............................................... 26 Seneng Kluruk WACAN BOCAH.................................... 28 Gajah Kalah Mungsuh Semut AKSARA JAWA . .................................. 29 MACAPAT ............................................ 30 Syawalan ing Mangsa Pandhemi Covid 19 TEMBANG DOLANAN . ......................... 30 Dhenok Dheblong GEGURITAN.......................................... 31 BANYUMASAN..................................... 32 Bapa Simur Lunga Kaji OH LELAKON . ..................................... 33 Kapusan Njaba Njero PENGALAMANKU ................................ 34 - Gara-gara Nggoreng Endhog - Dadi Repot NAPAK TILAS....................................... 35 Diserbu Prajurit Gabungan LIPUTAN............................................... 36 Festival Dhalang Bocah lan Rumaja Kota Yogyakarta TRADHISI............................................. 38

Ngalab Berkah Ana Ing Pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo

KRATON............................................... 40 Museum Sultan HB IX (02) SANJA DESA........................................ 42 Sigit Tri Suhartoyo Guyub Rukun Gumregah Mbangun Selomartani WARTA RINGKES................................. 44 PARIWISATA......................................... 46 Mangli Desa Wisata Ing Perenge Gunung Sumbing UTHAK-UTHIK DL................................. 49 SATLERAMAN...................................... 50 Damitri Ardian Cheff Kang Nate Ngubengi Donya

Wanita ayu kang prestasine manjila tekan manca negara iki asmane Dr. Peni Candra Rini, M.Sn, lairan Tulungagung 22 Agustus 1983 kang tansah disengkuyung dening garwa kinasihe Dwi Nugroho utawa kondhang ing manca kanthi sebutan Idud Sentana Art. Para pelanggan saha para maos Djaka Lodang bisa mirsani ing Pribadi Binuka udyana iki uga bab kawegiganne Komposer Tradhisional, Pencipta Lagu uga minangka ‘Singer Kontemporer’ kang bisa gawe aruming bangsa. Ibu Peni, uga pesen marang kaum milenial sarta generasi Z supaya bisa nresnani seni budaya kang adiluhung ing nusantara. (Foto : Dok.Pribadi/DL) Pelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat, kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646

4

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Srumuwus

TANGGAP WARSA Dening : Ki Pandan Alas

S

ugeng ambal warsa Majalah minggon Basa Jawa Djaka Lodang, ingkang kaping 51. Mugamuga tambah luwih profesional, tambah duwé greget, lan terus migunani kanggo masarakat. Tetep njaga ciri-ciriné minangka kalawarti Basa Jawa, kang bisa dadi andelan kanggo nguri-uri budaya lan basa Jawa. Umur 51 minangka umur, kuwi ateges wis kebak energi, akéh pengalaman, lan wis kasil ngatasi alangan sing mesthi akéh jinisé. Minggon Djaka Lodang madeg rikala tanggal 1 Juni 1971, saka prakarsané Bapak H. Kusfandi lan Drs. H. Abdullah Purwodarsono. Djaka Lodang saiki siji-sijiné medhia basa Jawa sing ana ing DI Yogyakarta. Nalika pisanan diterbitaké awujud tabloid 8 kaca. Banjur dadi koran. Pungkasané banjur dadi majalah, ing taun 1978. Minggon Djaka Lodang ing taun 1980-an kondhang lan misuwur. Wektu iku, oplah sirkulasiné nganti tekan 10 éwu nganti 20 éwu saben minggu. Élok tenan ... Minggon Basa Jawa bisa tetep setya marang pemaos, nganti 51 taun iku pancèn prestasi sing kudu diapresiasi. Ora gampang bisa tetep ajeg lan terus terbit nganti 51 taun. Djaka Lodang tetep ngugemi ciri khasé, kanthi ngendelaké rubrik budaya kang ndhidhik masarakat. Uga dadi salah sawijining sarana kanggo nguri-uri budaya lan basa Jawa. Sawetara rubrik andhalan yaiku: Pangudarasa, Naskah lan Sastra, Geguritan, Crita Cekak lan Jagading Lelembut, tansah ajeg lan lumintu dadi klangenané para pemaos. Malah Djaka Lodang uga wis kasil nglumpukaké tulisan saka rubrik Jagading Lelembut lan wis diterbitake minangka antologi, dadi buku sing kandelé 200 kaca. Bab iku uga salah sawijining prestasi sing layak diapresiasi. Buku kuwi bisa nambahi literasi basa Jawa, nambahi réferènsi, uga minangka sarana kanggo ngajak masarakat supaya luwih ngerti basa

Kartun Editorial

Jawa. Ing jaman milenial iki, teknologi wis ngrembaka kanthi cepet banget. Bab kuwi bisa dirasakaké saka anané e-book lan e-magazine lan e-liyané. Mula saka iku Djaka Lodang kudu wiwit mikir kepriyé carané mlebu jagad sing bakal teka ing ngarep, jaman sing luwih maju. Kanthi cara kuwi Djaka Lodang bisa netepi semboyané: Ngesthi Budi Rahayu, Ngungak Mekaring Jagad Anyar. Upaya kang nyata dibutuhaké, supaya bisa ngetutaké owahing jaman. Wis kudu wiwit siyapsiyap lan nggrahita kepiyé carané ngungak mekaring jagad anyar. Amarga Djaka Lodang mesthi bakal nemoni jaman e-majalah. Iki mesthi dipikiraké kanthi persiapan lan jembaring pikir. Mekaring jagad anyar mesthi diadhepi kanthi cara anyar. Kaya-kaya dirasakake wis perlu miwiti nyiapaké para mudha, kanggo nyengkuyung kelangsungan lan eksistensi Majalah Djaka Lodang. Amarga kanthi perkembangan teknologi sing cepet banget, uga butuh wektu kanggo miwiti mikir bab ngleboni téknologi anyar, supaya bisa tetep lumintu terbit lan ditresnani déning para pemaos. Salah sawijiné bokmenawa kanthi cara ngajak para mudha karebén dadi sing kawogan ngurusi, lan mélu urun rembug, lan uga dadi penulis Djaka Lodang. Iki minangka upaya, supaya para mudha kang luwih sregep, duwèni pamikiran anyar, kang maju lan spektakulér, bakal bisa ngayahi mekaring jagad anyar. Nanging iki pancén ora gampang. Mula iku mesthi dipikir kanthi serius. Kepiyé carané sinergi lan adhaptasi, supaya tetep cocok karo prekara teknologi, lan mangayubagya Ngungak Mekaring Jagad Anyar. Gegayutan karo babagan iki, akéh sing paring pamrayoga marang Djaka Lodang. Klebu Gubernur Ngayogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono X, kang paring pangandikan ing terbitan No. 1, tanggal 4 Juni 2022. Mugamuga kita kabéh lan para pemaos Djaka Lodang, bisa bareng-bareng ngupaya piyé carané minangkani arahan lan ngendikané Sinuhun Sri Sultan Hamengkubuwono X, karebén kaleksanan. Wis mesthi waé iki ora bakal gampang, nanging iki kudu dadi wigati kita kabéh ngadhepi mangsa ngarep kang mesthi bakal tekan. Pungkasanipun atur, panyeng­ kuyung saha partisipasinipun para pamaos Djaka Lodang temtunipun dipun ajab kanthi sanget. Majalah tanpa pemaos, ora bakal bisa langgeng. Satemené saiki iki angél banget golék majalah Basa Jawa. Mula kuwi, muga-muga Djaka Lodang tetep eksis. Mugi kuncara, lan tetep nguri-uri budaya lan basa Jawa, karebén tansah ngrembaka ... (KPA: 13 Juni 2022)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Wawasan Jroning Negara

5

BOROBUDUR

Tiket Ngunggahi Candhi Kelarangen? Dening Suhindriyo Sebutan Borobudur asale saka tembung Bhumi Sambhara Budhara sing werdine gumuk kanggo muwuhi kabecikan (bukit peningkatan kebajikan). Lire, munggah sepuluh trap Candhi Borobudur iku duweni tujuan saya wuwuh becik pakarti, penggalih, sarta pamikire. Candhi kang rampung diedegake watara taun 825 Masehi dening Raja Medang Syri Maharaja Samaratungga (792-835 Masehi) iki bangunan suci tumrap agama Budha sing ana sambung tepunge karo Candhi Mendut apadene candhi Pawon kang dumunung sawetane. Kepara Borobudur – Pawon – Mendut iku sinebut trisuci candhi sajrone pangibadahan agama Budha. Antarane abad 8-10 Masehi Pulo Jawa iring tengah lan kidul Jawa Tengah madeg Krajan Mataram sing diprentah dening keturunan (dinasti) Sanjaya sing nggilut kapitayan Hindhu lan keturunan Syailendra sing nggilut kapitayan Budha. Mula ora aneh menawa tilas wilayah kukuban Krajan Mataram iki madeg atusan candhi saka pesisir Jawa sacerak Pekalongan terus ngidul ngetan tekan tapel wates Jawa Tengah - Jawa Timur.

J

upuk dudutan saka kanyatan sejarah mangkono ateges tindak menyang Borobudur iku tumrap panggilut agama Budha ateges tindak jiarah keagamaan (wisata religi) sing nengenake sikap kurmat lan ngaji-aji marang papan utawa obyek wisata sing ditekani. Semono uga pawongan kang ora nggilut agama Budha nanging duweni karep kanggo tindak wisata sejarah menyang papan iku uga pantes duweni adeg-adeg (sikap) ngurmati minangka bangunan keagamaan sing pantes diajeni. Mula nalika nyekseni akehe tumindak kurang pantes saka wisatawan nalika wisata menyang Borobudur kanthi ngorek-orek, nemplekake utawa nyemprotake jat sing angel diilangi, methingkring ing sadhuwure stupa, nuthukake barang marang reca utawa relief temah rusak lan gigis, iku klebu tumindak sing gawe rerusak lan ora jumbuh karo watak bangsa Indonesia sing ngajeni lan tepa slira marang panggilut agama liya

(toleran). Wisata menyang Borobudur bali dadi rembug muyeg nalika sumebar Instagram saka Menteri Kemaritiman dan Investasi Luhut Binsar Pandjaitan menawa tumrap wisatawan dhomestik tarif wisata menyang Candhi Borobudur saka Rp 50.000 dadi Rp 750.000 lan wisatawan manca regane karcis mlebu akehe 100 dholar AS. Mesthi wae owah-owahan iku nuwuhake reaksi saka masarakat awit undhake tarip luar biasa. Temah tuwuh pro lan kontra penemu. Pihak kang setuju kanthi landhesan penemu kanggo jaga Borobudur saka kerusakan lan aksi kejahatan, dene kang kontra nganggep menawa dhuwure tarip bisa ngedohake masarakat awam saka pemahaman anane warisan budaya leluhur. Jalaran, aksi perusakan lan vandalisme marang Candhi Borobudur tetep bisa senajan tarip munggah candhi larang banget. Tumrap wong sing duweni watak perusak dhuwure tarip munggah candhi

dudu pepalang kanggo nindakake aksine gawe rusake bangunan candhi. Pihak liya aweh penemu menawa bangunan suci sing umure wis ewon taun iku perlu dijaga kelestariane. Jalaran ana lapuran menawa bangunan suci iki kejaba ngalami kikisan watune merga diidak-idak ewon uwong saben dina uga wis mblesek watara 2 cm, sing tegese momotan sing disangga bangunan candhi krana akehe wisatawan perlu diwatesi. Sumber wacan / warta / gambar: https://www.tiket.com/todo/tiket-candi-borobudur https://money. kompas.com/ read/2022/06/06/135234526/ agar-tak-salah-paham-soalhtm-candi-borobudur https://travel.tribunnews. com/2022/04/19/harga-tiketmasuk-candi-borobudur2022-

6

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Tosan Aji

KAWRUH DHUWUNG

P

Agus Wuryanto S.Sn, A FPSI*, Hon E HPPW Penasehat Pusaka Nusantara, Penasehat Wonosobo Heritage, Ketua Paguyuban Tosan Aji Pakuwojo, Wonosobo

amor inggih punika dekorasi utawi sekaran wilah dhuwung, ingkang dadosaken dhuwung ketingal endah, saha merbawani. Ing ngandhap nglajengaken seratan babagan dhuwung ingkang sampun kababar minggu kepengker. Anamung nyuwun pangapunten ingkang kathah, amargi kirang teliti anggen kawula nyerat, mila wonten sekedhik ralat kangge seratan ingkang terbitan kepengker.

Kangge koreksi, ing minggu kepengker kaserat Pamor Blarak ngirit ingkang leres Pamor Ron Pakis. Pamor Ron Pakis Punika pamor nggambaraken endahing Ron Pakis ingkang kathah pinanggih wonten ing perengpereng ardi (gunung). Bangsa kita bangsa agraris mila kathah, karya seni ingkang pikantuk sumber ide utawi gagasan saking kathahing maneka warni kasil bumi ing Nusantara, antawisipun kados ron-ronan saha sato kewan. Ing ngandhap conto pamor saking buku bapa Haryono Haryoguritno “KERIS JAWA” antara Mistik dan Nalar 2006.

1

2

3

4

1. PAMOR UJUNG GUNUNG Pamor punika nglambangaken panguwaos paling inggil, saha nggambaraken pangaribawa ingkang kiat dhateng kiwa tengenipun utawi sakupengipun, mila pamor punika lajeng kagambaraken pucuking gunung. Pamor ingkang nglambangaken panguwaos ingkang paling inggil, anamung ugi wonten pitedah bilih panguwaos punika saget pun lampahi kanthi sampurna, wiwit saking ngandhap lan ing nginggil

dumugi wates wilah , ateges panguwaos ugi wonten watesipun. 2. PAMOR BLARAK SINERET Pamor punika ugi pun sebat Pamor Blarak Ngirid, kadidene blarak utawi ron kajeng klapa ingkang pun seret. Mila menawi garap pamor lajeng kirang dados umpaminipun mboten rapet, saget pun wastani Pamor Blarak Ngirit Wurung. Pamor Blarak Sineret nggambaraken bilih aturan utawi prentah punika kedahipun dipun pundhi sesarengan, kados dene ron janur ingkang nderek atut dumateng gagangipun (pelepahnya) rikala pun seret. 3. PAMOR WENGKON UNTU WALANG Pamor punika ing bageyan wengkonipun, utawi pamor ingkang pinggir ringih-ringih mila lajeng kasebat untu walang utawi ing basa Indonesia gigi belalang, dene ing tengahipun pamor Sada Saler ingkang kirang langkung nggambaraken hubungan manungsa dhumateng gustinipun inggih Gusti Ingkang Akarya Jagat. Manembah nyawiji, mila kedah pun tamengi, utawi pun jagi kanthi kenceng supados lempeng ing manah. 4. PAMOR ADEG RAMBUT-WENGKON BERAS WUTAH Pamor ingkang bageyan tengah awujut garis rapet minggah ingkang pun sebut Pamor Adeg Rambut, amargi tipis, rapet lan sap-sapan, dene pinggiripun wonten wengkonipun Pamor Wos Wutah. Nggambaraken kemandhirian ingkang kedah pun antepi utawi pun cepeng kanthi jejeg.

5 6 7 8 5. PAMOR RI WADFR Punsebat Pamor Ri Wader amargi wujudipun kados eri wader (unjar lepen) 6. PAMOR PANDHAN IRIS. Gambaran pamor punika kadidene ron pandhan ingkang pun tumpuk (disusun) lajeng karajang gaman landhep. Kirang langkung wujutipun kados mekaten, mila pun sebat Pamor Pandhan Iris. 7. PAMOR TEPEN (WENGKON) Anamung wujud pamor ing pinggir kemawon, ingkang nggambaraken pangayoman, tolak bala utawi tameng. 8. PAMOR JUNJUNG DRAJAD Pamor punika ingkang pun sebut Pamor Junjung Drajad, wonten pamanggih sanes ugi ingkang mastani pamor mekaten kalebet Pamor Raja Abala Raja, Pamor ingkang nglambangaken panguwaos, utawi kawibawan ingkang ageng.

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Sastra & Budaya

7

Dhaerah Luwih Grengseng Ngrembakakake Sastra Jawa? Dening Mustofa W Hasyim

B

iyasane dhaerah kabupaten misale, luwih bisa grengseng anggone ngrembakakake sas­ tra Jawa. Ana ing tlatah Ngayojakarta wae cetha mangkono. Kanca-kanca sastrawan Jawa ana ing Kulonprogo luwih nggrengseng anggone kiprah sastra Jawane ketimbang kancakanca sastra ing tengah Kutha Nga­ yog­yakarta. Akeh kelompok kang nge­menake acara sastra Jawa. Bi­ ya­sane kanca-kanca kang sregep olah sastra Jawa uga sregep olah sas­tra Indonesia. Malah kanca-kan­ ca sastrawan Kulonprogo wis tau ngenengake Malam Rendra. Yakuwi macakake karyane WS Rendra genti genten. Malah wis tau ana pelukis kang bisa nglukis puisi barang. Apa maneh Kulonprogo iki bumi kela­ irane penyair seangkatan Chairil An­war kang jenenge Mahatmanto. Mutu puisine kagolong dhuwur. Kanthi kaprigelan ngolah lorolorone basa sastra iki kanca-kanca bisa nggrengsengake karo-karone. Pan­cen apike ya mengkono kuwi. Lo­ ro-lorone dicangking kabeh menawa ana acara sastra. Ora mung siji wae, sastra Jawa thok utawa sastra In­ donesia thok. Menawa dicangking ka­beh, bisa maju bareng lan bisa saling andum kabecikane sastrane dhe­we-dhewe. Iki mungkin kang nda­­dekake sastra ing Ngayojakarta malah istimewa. Ya sastra Jawa, ya sastra Indonesia kaya sikil loro mlang­kah maju. Menawa sikil loro bisa mlangkah kanthi kerjasama, bi­sa andadekake mlakune luwih cepet. Ana ing kabupaten Bantul rasarasane hiya mengkono. Kanca-kanca kang nyengkuyung sastra Jawa hiya prigel ngolah sastra Indonesia. Padhapadha semangate. Rasa-rasane ya luwih, asyik lan gumyak menawa ing Bantul kanca-kanca nerusake ang­gone nglestarekake sastra Jawa be­barengan karo nggayengake sas­ tra Indonesia. Kahanan kaya mang­ kene iki bisa kedadeyan ana ing tlatah Sleman. Malah ana ing Sle­ man kegiyatane sastra iki nganti

se­rius banget, nganti ana kanca kang sregep nggarap sastra Jawa klasik, kayata Macapatan barang. Malah Mas Bambang Nursinggih bisa nggabungake sastra Jawa karo seni tari lan menawa dipentasake dadi edi banget. Banjur apa sebabe ana ing dha­ erah, mligine ana ing kabupatenka­bupaten sastra Jawa bisa gayeng ngim­bangi sastra Indonesia lan ngrem­baka ketimbang ana ing ku­ tha? Sepisan, ana ing desa-de­sa kabupaten mau wargane isih sre­ gep lan migunakake basa Jawa da­di basa sesrawungan. Antarane war­g a padha omong-omongan isih migunakake nganggo basa Ja­ wa. Isih akeh kaluwarga kang an­ ta­rane bapak, ibu, anak, simbah, putu, pakdhe budhe pak lik bulik menawa cecaturan migunakake basa Jawa. Samono uga menawa ana pasamuan, arisan, wiwahan, pe­ngajian, lan rapat rembugan ana ing desa. Dadi basa Jawa isih urip ana ing pedesan kabupaten mau. War­ ga desa isih bisa menikmati utawa ngra­sakake endahe basa Jawa me­ nawa nonton wayang kulit, wayang uwong, utawa kethoprak, utawa ngru­ngokake sandiwara basa Jawa. Penulis wis tau nonton wayang sing ndhalang Mbah Ki Timbul Ha­di­ prayitna ana ing cedhak puri Pa­ rangkusumo. Kang nonton akeh banget. Iki wayang serius, lan sing non­ton betah lungguh nonton ang­ gone Mbah Timbul ndhalang, nik­ mati wayang kulit ana ing ngarep kelir lan lampu blencong. Wayange mantep, gendhinge mantep lan sin­ dhene hiya mantep, sanadyan wis setengah sepuh. Sadurunge nonton lan melu lungguh ana ing pendhapa, ing sela-selane pengrawit, penulis krungu menawa wong kang nonton anggone omong-omongan nganggo basa Jawa mlipis. Semana uga wektu bubar nonton wayang. Wong kang kemriyeg mau kabeh nggunakake Basa Jawa. Semono uga wektu ana ing la­

......

pangan Parangkusumo di­enengake Ka­mah Budaya. Ana panggung wayang kulit, banjur dhalange Ki Enthus Susmono saka Tegal ndha­lang. Anggone ndhalang migunakake basa Jawa modhel pesisiran lan akeh gojegan sing luwih thok leh, ma­lah kepara akeh sarune pisan. Ana­nging wong sing nonton malah seneng. Apa maneh wektu limbukan akeh pejabat kang melu munggah panggung, nglagokae lagu langgam Jawa utawa lagu cam­pur sari. Ana kang nglagoake lagu Sewu Kutha, Se­tasiun Balapan, Randa Kempling utawa lagu anyar kang lagi disenengi bocah enom. Sing penting, anane basa Jawa bi­sa nggayengake tontonan wayang kulit. Temtu wae basane rada beda me­ nawa dibandingake karo basa Jawa ketoprakan, apa meneh basa Jawa wayang uwong sing pancen banget aluse. Kapindho, Isih anane majalah uta­wa lembar sastra Jawa kang ajeg macak karya sastra Jawa. Anane majalah Djaka Lodang, lembar Me­ kar Sari, Panyebar Semangat, Jaya Baya misale pancen akeh migunani lan akeh manpangate kango sastra Jawa. Kanca-kanca kang seneng ngga­rap karya sastra Jawa dadi bisa milih menyang ngendi ngirimake karyane. Dadi loro-lorone pancen dibutuhake. Kanggo bisa melayani pembaca kang pengin lan kebacut seneng marang wacan basa Jawa iki. Sedulur-sedulur pembaca majalah basa Jawa iki janjane minangka kang nyengkuyung maju mundure majalah basa Jawa utawa lembar sastra mau. Para seulur mau nyengkuyung kanthi cetha. Maca majalahe kanthi tuku. Masarakat pembaca, utawa khalayak media berbasa Jawa iki janjane perlu dikaruhe karo pengasuh majalah basa Jawa lan pengasuh lembar basa jawa. Kanthi dikaruhke, mbuh piye carane bisa andadekake hubungane karo pangasuh majalah basa Jawa bisa sangsaya rumaket maneh.*

8

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Wiranom

TEGUH BANGUN SATRIA Perlu Dilandhesi Semangat Mudha

J

ejaka kang kapacak iki namane Teguh Bangun Satria, asring ditimbali Tebe. Tebe utawa Teguh lair ing Kebumen, tanggal 11 November 1995 bisa diarani raja panggung jalaran dheweke bisa maneka warna kesenian kayata ndhalang, nembang, joged, ngethoprak lan pranatacara sinaosa dheweke dudu saka keluwarga kang duweni trah seniman. Mangkene critane. “Wiwit cilik simbah iku remen dhateng kesenian, wonten keluwarga boten wonten trah seni, simbah tani nanging kula asring dipunajak simbah ningali kesenian. Wiwit menika kula remen dhateng kesenian. Saking menika kula riyin nate boten pikantuk restu saking bapak ibu amargi awakku seneng marang seni apamaneh bab wayang. Ribut kalihan bapak ibu dumugining kula badhe kuliyah. Sampun kula mlebet kuliyah wonten jurusan Basa Indonesia, nanging satunggal taun kuliah kula dherek dhaftar SBM wonten UNY. Setunggal wulan saderengipun ndherek SBM menika kula karantina wonten BPUN (Bimbingan Pasca Ujian Nasional) wonten Pondok Ora Aji. Alhamdulilah ngibadah kopen lan pikanthuk petunjuk kangge mlebet basa Jawi. Kula katampi katemu kalihan kanca-kanca saking SMKI lan sanesipun. Mlebet basa Jawi kula ugi pikanthuk dosen ingkang sae kangge bab seni lajeng kula ugi dherek UKM Kesenian Kamasetra. Makaten wiwitane.” Critane mantan mahasiswa berprestasi UNY iki. Dene saiki piyambake uwis dadi dwija basa Jawa ing Kebumen, nanging dheweke tetep aktif ing kesenian pedhalangan lan seni

swara pranatacara. “Berat ehehe yen ditakoni milih endi antarane wayang karo mc ehehe. Dene nang ati iku marem ana MCne karo dhalange, loro kabeh yen entuk” tandhese Teguh nalika dipunsuwuni prika bab wayang utawa mc. Kejaba aktif ana ing bidhang kesenian dheweke uga dadi dwija basa Jawa ing Kebumen. Kabeh dilakoni dening Teguh karana tresnane marang seni lan basa ing tlatah Jawa. Dene critane dheweke bisa ndhalang uga karana dheweke aktif ing kuliyah, dheweke aktif ing organisasi uga melu maneka warna kagiyatan. Organisasi iku dadi lantaran dheweke bisa tepung lan sinau kesenian, dene organisasi kang gawe dheweke tepung karo kesenian ana Kamasetra uga Hima Jawa. “Wiwitan mayang iku 30 menit kanthi pathet manyura, dene mayang kaping 2 ing kampus uga ana ing adicara PAK HIMA JAWA. Nah karana dhalang iku ana gayutane karo tari tundhone uga melu latihan, dumugine aku kadhapuk dadi buta ing Ramayana yen saiki ya pindhah ing vocal, kira-kira 1-2taun ing Kamasetra.” pratelane Teguh. Sawise lulus saka UNY dheweke banjur ngrintis dadi pranata titilaksana. Dheweke ngandharake yen sejatine wiwit biyen kepingin dadi MC kang misuwur nanging isih wedi jalaran dadi MC kuwi ora gampang. “Aja ganti MC iku dadi pepalang karana kuwi bisa fuatal banget.” Tandese Teguh awit sukses lan orane adicara iku gumanthung MCne. Karier jejaka bagus ing bidhang pranatacara uga kawiwitan kanthi dadakan, ora dinyana-nyana ana salahsijine kanca kang tepung karo Teguh lan nawani dadi MC. “Wiwit sadurunge corona menika mawon dadakan eh malah keterusan, menika wonten kanca ingkang nyuwun prika, Be kowe lak jurusan basa Jawa ta mesthi bisa MC wiwit iku aku mc dhewe, kangge sinau menika wonten tratagan ehehe.” Pratelane Teguh. Kanthi modhal sangu ngelmu kang dientuke rikala kuliah ing mata kuliyah pranatacara dheweke dadi kendel lan percaya dene dheweke bisa.

Dene sepisan dadi MC Teguh ngandharake yen durung nate sinau apadene kursus-kursusan. “Nggih sangune saking riyin nalika kuliah. Manawi wonten griya iku melu Permadani (Persatuan Masyarakat Budaya Indonesia) ning ya uga disambi karo tanggapan. Tanggapan sepisanan kangge MC menika wonten Piyungan riyin wonten kakak tingkat satunggal organisasi, kirakira iku h-pirangdina sadurunge PSBB lan lockdown nang ngendingendi kae.Kangge tanggapan MC iku biasane paling akeh iku dijawil saka perias lan rekan cucuk lampah, nanging uga entuk job saka WO lan manten uga. Dene saiki ya uwis melu himpunan pekerja wedding dan Harpi Melati Kebumen Ranting Klirong Petanahan” Pratelane jejaka kang mapan ing Klirong RT 1 RW 1 Klirong, Klirong, Kebumen, Jawa Tengah “Rahasiane ya mung kudu seneng lan motivasi semangat muda, sesantine “sasuwene pepada bisa jumangkah, panjangka bisa ginayuh, nyawa isih dengadhuh, urip kudu bisa dadi urup kang nguripi” Teguh uga duweni tips and trik kanggo para pamaos Djaka Lodang kang kapengin sinau bab pranatacara yaiku sepisan kudu bisa nguwasani materi paham marang materi kang bakale diandharake, kaping loro apresiasi dhiri, kaping telu fokus dening jobdeske lan kaping sakawan sinau lan latihan terus. Dene kanggo acara teknis iku kerep-kerep sinau lan latihan utamane ing ngarep kaca, ora kajaba uga asing latihan lan sinau maca-maca buku supaya mengko bakale apal lan bisa sugih basa lan uga aja lali mriksani referensi video MC uga. Karana kegigihane lan bisa mbuktekake marang bapak ibuke dheweke akhire uga uwis pikantuk restu dening tiyang sepuhe. Tri Asih

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pagelaran

S

alah satung­ galing laku ingkang luhur saha saged Teguh Yuwono, S.S., M.M. n y a k e t a k e n Spiritualitas Motivation dhumateng Gusti Spiritualis Motivator Kang Murbeng Pemerhati masalah Du­madi njih me­ spiritual motivasi nika mangesti. Mangesti saged dipun arani laku manembah ing tengah wengi kanthi olah rasa lan sujud ngasorake dhiri. Kaya ngelmune pari, sangsaya isi sangsaya dhungkluk winor naraganing manah. Wontening Al-Qur’an dipun serataken bilih “Wong Kang dimulyakake dening Gusti Allah iku yen mlaku ana ing ngalam donya, andhap asor, ora gumedhe, ora gumampang, ora adigang adigung. Dene srananipun supados bisa dadi wong kang andhap asor yaiku kanthi mangesti, utawa sujud tahajut ing tengah wengi sa wise turu. Mangesti utawa tahajud kuwi migunani saha mrayogani tumrap sapa wae sing gelem nglaksanakake, kayata : 1. Bisa Ngangkat Drajat. Allah SWT bakal ngangkat drajate wong kang seneng sholat tahajud. “Wong kang ditresnani Allah kuwi ciri salah sijine yen lelaku nang ngalam donya andhap asor ora gumedhe lan yen di olokolok karo liyan, tansah sabar malah ndongakake kabecikan”. Mekaten kirang langkung ingkang dipun sebataken wontening Kitab Suci Al-Qur’an Surat Al Furqon ayat 63. 2. Dongane Dikabulake Allah Wong kang sujud ing tengah wengi kanti khusuk lan ngarepe ridhoning Gusti bakal di sembadani apa kang dadi kekarepane. Amarga pengorbaning upaya tengah wengi sing mesthine kanggo turu nanging malah tangi, wudhu lan sujud ngasorake dhiri nyenyuwun

9

MANGESTI kanthi sabar ing penggalih 3. Bisa Nentremake ati Nindakake sholat tahajut ing wayah wengi kuwi kapitung mbudayakake urip kang sehat. Amarga sapa wae kang bisa tangi lan netesake luh tangising batin ing sajadah kuwi sajatine ngresikake ati. Banjur kabeh dipasrahake karo Gusti Allah, mula banjur tentrem atine. Kanthi sabar bisa ngaturake kabeh pacoban, Sumangga Gusti kemawon. 4. Bisa ngilangi dosa Wong kang nenuwun, mangesti lan tahajut ing tengah wengi kanthi niat keikhlasaning rasa, ngakoni kabeh kaluputan lan ora arep baleni kesalahan kang nate dilakoni, bakal dingapura. Saben

Kiva

dina terus ngelingi kamurahane Gusti kanthi syukur lan dzikir. Menawa saben wektu ngelingi Gusti Allah satemah kita ngrasa diawasi mula ora bakal nindakake tumindak ala utawa kang ora becik. 5. Nglancarake Iline Getih Sholat tahajut uga bisa nglancarake iline getih ing awak kita. Amarga ing tengah wengi

antarane jam 1 utawa 2 esukesuk kahanan alam kuwi resik ora ana polusi nyehate paru-paru lan nglancarake peredaran getih lan bisa nyehatake awak. 6. Pikirane Jembar Yen tengah wengi tangi banjur nindakake mangesti, hening lan rasa kang tentrem, pikirane padhang jembar lan resik. Ing wekdal menika kita saged nyegeraken pikiran satemah gampil nuwuhake katenangan rasa sajroning rasa. 7. Pikantuk Katresnaning Gusti Dene wong liyan isih sare, kita malah milih nyaketaken dhumateng Gusti, kanthi manembah ing rasa, saged dadosaken raketing manah dumateng Allah lan pikantuk kaberkahan lan katresnaning Allah SWT. Menika kasebat ing AlQuran Surat 25 ayat 64 ingkang kirang langkung tegesipun : “Wong kang ditresnani Allah iku sajatine tansah nguripake wektu tengah wengi kanti sujud” 8. Bisa ngundhakake bandele awak Wengi-wengi, ngantukngantuk, adhem-adhem, ngguyur awak ngresike kotoran kang lengket ana ing awak, banjur ndadekakke awak seger lan amarga kulina dadi bandel saka lelara. Wontening salah satung­ galing literature buku “Terapi Shalat Tahajud” ingkang dipun serat kaliyan Dr. Moh. Sholeh dipun jlentrehaken bilih tiyang ingkang nglaksanakaken sholat tahajut ing tengah wengi menika saged nurunaken respon sekresi hormone kortisol. Kathahing respon dhumateng penggalih menika saged nuwuhake stress, pramila sholat tahajut menika saged ngilangi utawi nurunaken stress lan saged ngawengi perkawis kanti sikap ingkang sae, sabar, tenang lan positif.

10

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pribadi Binuka

Dr.PENI CANDRA RINI, S.Sn. M.Sn.

Komposer Tradhisional Jawa Kang Moncer Ing Manca Negara 1998), banjur nerusake sinau ing SMKN 8 Surakarta kanthi jurusan karawitan, S1 seni karawitan ing STSI Surakarta 2001- 2006, S2 "penciptaan seni" ing pascasarjana ISI Surakarta (2006- 2008) lan kasil nggegem S3 "penciptaan seni" ing pascasarjana ISI Surakarta ( 20182022), kepinterane nembang tembang jawa sinau karo ramane, dheweke banjur sangsaya gandrung ora mung nembang tembang jawa nanging gandrung thuthukan gamelan, kawiwitan saka dheweke gabung kelompok sono seni ensemble, wiwit saka kuwi Dr.Peni Candra Rini banjur nyinau bab penciptaan musik. Kejaba kuwi dheweke uga nate dadi pesindhen karya-karyane Rahayu Supanggah bebarengan kelompok Garasi seni Benowo, bab iki nggawe semangate Dr.Peni Candra Rini sangsaya gemreget anggone nyinau. Rikala taun 2008 Dr.Peni Candra Rini kasil ngrampungake study magistere kanthi nampilake karyane kang kaparingan ATISADU by Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. judul "Bramara" kanthi (Foto: Ist) komposisi "an-nahl Brengengeng" “sekar", "madu are sapa menawa duwe sari", "entup" lan keprigelan ing babagan seni "tilar". tradhisional kuwi ora migunani J u d u l kanggo sapadha-padha? "Bramara" Jare sapa seni tradhisional ora kapundhut bisa ngangkat drajat lan martabate saka kamus ba­ negara? sa kawi sa­king Bab iki dibuktekake dening seratanipun wanita manis kelairan 22 Agustus C.F Winter 1983 ing Dhusun Ngentrong lan RNG, Tulungagung Jawa Timur, Ronggowarsito putri kinasih pasangan Bapak kang duwe Wagiman Condro Carito lan Ibu filosofi (urip) Sukinem, wanita manis kuwi ora tawon karya liya Dr.Peni Candra Rini,S.Sn,M. " B r a m a r a " Sn, bokmenawa saperangan iki dadekake masarakat ing babagan seni Salah sijine karya Dr.Peni Candra Rini tradhisional ora tepung, nanging Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. "komponis" wanita sapa ngira menawa Dr.Peni Candra (Foto: Ist) kang patut diacungi Rini, wanita ayu garwa saka Dwi jempol mula ora mokal Nugroho utawa luwih dikenal kanthi nongkrong, menawa ing taun 2013 asma Idud Sentana Art iki asmane Peni Candra dheweke ngranggeh hibah "seni moncer ing manca, kang wis Rini rikala mudha diparingi putra siji sing diparingi ngangsu kawruh kanggo mujudake kelola katagori karya inovatif". asma Aruna Jagat Anuraga. gegayuhane kabukti wiwit sinau Dheweke wis wiwit saka cilik katon Dr.Peni Candra Rini rikala ing SDN I Ngantrong (1989 - menawa bocah cerdhas sabennom-nomane ora kaya nom- 1995), SMPN I Campurdarat (1995- saben melu perlombaan ing tingkat sekolah wis bisa dipesthekake bisa noman liyane sing seneng dolan,

J

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

ngranggeh juwara, nganti tekan kasil ngranggeh "Silver Medal For The Best Vocal Performance" (ngranggeh medali silver rikala tampil anggone nyindhen/nem­ bang kanthi suara sing apik). Ana ing The Spring Friendship Art Festival Pyongyang Korea Utara (2008) kejaba iki dheweke uga asring tampil ana ing sawernane pagelaran seni kang ana tataran Nasional apadene Internasional, Dr.Peni Candra Rini rikala taun 2016 kapilih dadi mascote Solo Internasional Performing Arts, kejaba aktif minangka komponis lan pesindhen, wektu iki Dr.Peni Candra Rini ngasta minangka dhosen komposisi ing ISI Surakarta. Ing babagan seni Dr.Peni Candra Rini klebu wanita kang "gigih" bisa ngangkat drajad martabate negara lan bangsa

11

wis mubeng ing Benua Australia, Africa, Europa lan America, banjur dheweke ngaturake menawa sosok seniman bisa tampil ing luar negeri kuwi idham-idhamaning sok sapaa wae, kang duwe profesi seni, awit bab kuwi bisa nambah pengalaman lan bisa nambahi ngelmu, nanging gegayuhan kang kaya ngono kuwi mesthi wae ora gampang, sarate yakuwi kejaba tradhisi sing wis Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. “Aja lamis” Washington DC (Foto: Ist) kagegem kuwat kudu duwe keprigelan Sekar (2012). anggone basa (komunikasi), Ing purnane wawancara kudu pinter anggone diplomasi karo Dr.Peni Candra Rini, kabudayan ana ing lumantar telephon, piyambake sangarepe wong asing, paring wawasan menawa bab bab iki ora gampang pendhidhikan adab lan unggahkabeh dicawisake kanthi ungguh kabudayan Jawa kudu mateng sadurunge duwe kawiwitan saka lingkungan niyat "Go Internasional" keluwarga, sekolah, masarakat, tambahe. tantangane wong tuwa lan guru kudu wong seni sing kepengin bisa paring conto positiv bab tampil ana ing manca nglestarekake budaya tekaning negara, kudu update lan ngrembakakake kabudayan bisa paham manjelaning ya kuwi liwat seni budaya seka Idud Sentana garwane Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. jaman, nanging seni lan (Foto: Ist) kabudayan Nusantara tradhisi tekan kontemporer (suara alam) sing bisa diakui tekan manca sing kepengin kaangkat negara, budaya ngene iki sing kudu tetep bakoh supaya bisa gawe mongkoging bangsa, lumantar seni tradhisional jawa bisa ngangkat nilai kabudayan mula landhesan kang nomer siji uga bisa nepungake kabudayan sing ana ing Nusantara lan diakoni yakuwi tansah gondhelan iman kang ana ing Indonesia saka wong manca negara. klawan Gusti kang Murba Dumadi, festival limang (5) Benua, sing "Owner" penggagas lan direktur pratelane. patut kaacungi jempol dheweke utama Yayasan Jagad Sentana Art B A R I / DL klebu seniman kang sarwa bisa lan Dhosen ISI Surakarta kejaba dheweke nyandhang gelar jurusan karawitan iki, uga minangka komposer, dheweke wis duwe album rekaman, uga prigel anggone nulis lagu Swarnadwipa (2022), Linggih (tembang), wanita kang pasuryane (2022) Kalabendu (2022), ayu iki kanugrahan suwara apik Hedo Hodoh (2022), album mula ora mokal menawa dheweke single, Anuraga (2022), banjur ambyur ing donya tarik Twalen (2022), Abad Ubad suara minangka sindhen lan Ubud (2022), Subak (2021), penyanyi kontemporer, dheweke Album single, Kidung beberake: "Lingkungan keluwarga Asmarani (2021), Album kula menika sedaya seniman, single Banyu (2021), Sacred Bapak, eyang kakung, kangmas Connection (2021), Karaeng kula kagungan profesi dhalang, Naba (2020), Ayom (2019), mbakyu kula profesinipun sindhen, Timur (2018), Agni (2017), mila kula sampun wiwit alit mireng Mahabharata - kurusetra suwanten gamelan lan tembang War (2016), Doughter of thr jawi sasat saben dinten,". ocean (2016), Bhumi (2015), Dr.Peni Candra Rini, komposer, pencipta lagu (tembang) lan penyair Salah sijine karya kang wis tampil mubeng Asia kaya Dr. Peni Candra Rini, M.Sn. ing Korea utara, Korea Selatan, (Foto: Ist) Jepang, Thailand, Malaysia, klebu

12

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pawiyatan

Pasarta lomba ngadi busana tradhisional nusantara (Foto: Bambang Susilo Jr)

SMPN 1 SEMANU

B

Mengeti Dina Lair Pancasila

hinneka Tunggal Ika, mengku teges sanajan bangsa Indonesia iku bedabeda mungguh kapercayan, adat istiadat, tradhisi, budaya kang ora padha, nanging tetep manunggal nyawiji saiyeg saeka kapti mujud­ ake bangsa kang luhur. Bangsa kang madeg mardika budaya. Crah agawe bubrah rukun aga­ we santosa. Sesanti kasebut ge­ gayutan karo laire Pancasila. Pramila kanthi ancas kasebut SMP Negeri 1 Semanu Kabupaten Gunungkidul gumregut gumregah nganakake pengetan dina laire Pan­casila rikala surya kaping 3 wulan Juni 2022 kapungkur. Kan­ thi tema Lestarikan budaya dalam Bhinneka Tunggal Ika. Jumbuh karo tema pengetan ka­sebut, mawerna-werna kegiatan lomba dianani kanggo ngre­geng­ ake adicara lan nyengkuyung ma­kantaring niyat lan karep an­­ casing pengetan kasebut. Ka­ ya dene lomba Ngadi Busana Adat Nuswantara, lomba game utawa dolanan tradhisional kang njunjung kekompakan, karukunan, lan kerjasama. Lomba karesikan, ka­endahan lan kalengkapan ad­ ministrasi kelas. Kegiatan pengetan kasebut mligi thukul saka pengurus

OSIS periode 2021/2022 kang di ketuani dening Syahla Ayu Nur Ruwaida. Ketua Pelaksana Olivia, kegiatan; Fecia, Dina, Satria, lan Najwa. Kabiyantu dening Najma, Tiara, Keynov, Destiana, Nasywa, Riki, Anggita azra, Keizya, Vika, Lulan, Lilin, Luvita, Dhiya, Fitia, Vincen, Reza, Yustinus, Moses, Fiorentina, Fitia, Ayu, Septiara, Siti, Arimbi, Rosikawati, lan Renata, sinengkuyung bapa ibu lan karya­ wan SMP Negeri 1 Semanu. Pengetan mangkono kanggo sarana pasinaon para putra ba­ bagan kebangsaan, kerukunan, lan nasionalisme. Kawigaten ku­ wi minangka sarana kanggo na­ mengi saka pengaruh budaya glo­­bal imbas negatif saka jaman kang sangsaya maju lan modhern. Aja nganti kawula mudha mli­ gi­ne bocah-bocah sekolah ke­ na faham fanatisme sempit lan egocentrisme budaya kang bi­ sa njalari disintegrasi bangsa. Falsafah ajaran Pancasila iku lair adhedhasar sejarah dumadining bang­sa Indonesia iki. Kaya pa­ ngan­dikane kang wus kaaturake pa­ra pahlawan kusumaning bang­ sa, yakuwi; Ir. Soekarno, manawa fal­safah Pancasila iku asli saka bang­sa Indonesia kang dumadi

sa­ka budaya lan tradhisi bangsa In­donesia uga akulturasi budaya saka bangsa India (Hindu-Budha), Barat (Kristen), lan bangsa Arab (Islam). Dene Soeharto ngaturake pamanggih manawa falsafah Pan­ casila kajumbuhake karo kahanan lan interpretasi kalawan budaya bangsa Indonesia utawa Pancasila truly Indonesia. Saban­jure Ruslan Abdulgani mratelakake ma­nawa Pancasila kuwi falsafah bang­sa kang lair minangka ideo­logi kolektif (gegayuhan) rak­yat lan bangsa In­ donesia. Sa­ban­jure Notonagoro ngen­di­ka ma­na­wa falsafah Pan­ casila mu­jud­ake ngelmu panger­ tosan, kang meng­ku teges ilmiah ba­bagan hakikat Pancasila, on­ tologi, kajian filsafat Pancasila kanggo mangerteni ha­kikat dhasar sila-sila kang su­mimpen sajroning sila-sila Pan­casila. Ing amanate, Titik Purwanti, S.Pd.,M.Hum minangka pangar­ sa­ning pawiyatan SMP Negeri 1 Semanu, njlentrehake manawa sila-sila Pancasila kasebut duweni te­ges kang kudu bisa kajiwa lan ru­m asuk sajroning pasinaon. Para siswa lan bapa ibu dwija bi­ sa mangerteni lan paham. Sila kapisan kanggo mujudake bangsa kang religius lan patuh marang

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Gusti Allah kang Maha Kawasa. Sila kapindho, mujudake bangsa kang tansah anjaga keadilan sosial lan ekonomi bangsa Indonesia. Sila katelu, mujudake bangsa kang ngurmati Hak Azasi Manusia (HAM) lan minangka dhasar nagara lan bangsa Indonesia. Sila ka­ ping papat, kanggo mu­judake bang­sa kang njunjung dra­jading dhemokrasi. Dene sila kaping lima bisa mujudake nasionalisme, patriotisme lan cinta tanah air Indonesia. Kasunyatan manawa Pancasila wus meh sa-abad bisa tansah nja­ga persatuan lan kesatuan nagari. Sanajan am­­byur nyawiji ing madyaning bang­­sa liya kang lu­­wih maju, kang nggawa pe­­ngaruh ge­dhe ba­bagan mo­der­ nisasi. Tu­meka sai­­ki bang­sa In­do­ nesia te­tep kokoh kukuh ba­­kuh. Ing madya­n ing pawiyatan mung­­guh pa­ne­­mu uga fal­sa­­fah ajar­an sa­­ka Pancasila ka­sebut ku­du bi­sa dipahami minangka sum­ber pengetahuan pakerti lu­ hur babagan kebangsaan. Mula saka kuwi SMP Negeri 1 Se­manu kang dipandhegani Pe­n gurus Or­ganisasi Siswa Intra Se­kolah (OSIS) periode 2021/2022 kang greget gumregah sengkut tali­ Ngagem bathik bebarengan antarane siswa lan guru ing SMPN 1 Semanu (Foto: Isna)

Titik Purwanti, S.Pd.,M.Hum. Kepala SMPN 1 Semanu (Foto: Bambang Susilo Jr) wanda mujudake adicara pe­ nget­an Hari Lahir Pancasila kan­ thi dianani lomba-lomba kang ngangkat nilai luhur Pan­ca­sila yakuwi, Bhinneka Tunggal Ika (ke­b angsaan, kerukunan, ke­ bersamaan, lan patriotisme). Adicara kasebut dianani tanggal 3 Juni 2022, amarga tanggal 1 Juni 2022 kasebut katetepake dina prei nasional dening pamarintah

13

kan­thi kekancingan Keputusan Presiden (Kepres) Nomor 24 Tahun 2016, amrih supaya pe­merintah, masarakat, lan kom­ponen bangsa tansah nge­ling-eling Pancasila kuwi minangka ideologi bangsa. Lomba kasebut kasil ram­ pung sampurna kanthi mijil­ ake juwara kang bakal nampa hadhiyah sarana motivasi ka­nggo nyengkuyung gumre­guting para siswa SMP Negeri 1 Semanu sinau babagan sujarah bangsa Indonesia. Minangka dewan yuri kang mbiji lomba kasebut saka bapa ibu guru. Yakuwi Syamsudin, Harminto, Prapto Sanjoyo, Ani Fauziah, Ety, Ari, Bambang, Sadmi, Savitri, Su­ miyati, Animora, Joko, lan Isna. Dene kang pikantuk juwara Lomba kebersihan Kelas; juwara 1. kelas VIII A, juwara 2 kelas VIII E, juwara 3 kelas VII B. Lomba Ngadi Busana Tradhisional Nuswantara (fashion show); juwara 1 kelas VIII E, ju­wara 2 kelas VII B, juwara 3 kelas VIII F. Lomba Per­mainan Rakyat; Ular Tangga ju­wa­ra 1 kelas VIID, juwara 2 kelas VIII A, juwara 3 kelas VIII B. Lomba Per­mainan Benar Salah; juwara 1 VIII F, juwara 2 VII A, juwara 3 kelas VIII A. [Bambang Susila Jr)

14

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Laporan Dhaerah

Ruwat Rawat Prasasti Sarungga Nguri-Uri Warisan Kabudayan Luhur Ing Pereng Wetan Gunung Merbabu

Prosesi gunungan lan ubarampe sesaji. (Foto: Amat S)

P

rasasti Sarungga (Pasyarungga) saka watu andesit katemokake dening Slamet Marwi, ing dhu­ sun Wonosegoro, desa Cepogo, Ke­ ca­matan Cepogo, Kabupaten Boyo­ lali, Jawa Tengah sawetara taun ke­pungkur. Watu prasasti kasebut di­temokake, amarga pereng lahan ke­bon ana sing longsor. “Prasasti iki kanthi tulisan aksara Jawa Kuna utawa Jawa Gunung nganggo basa Jawa Kuna,” ngendikane pegiat sejarah Boyolali, Saroja. Watu mawa tulisan (prasasti) mau kaduga digawe ing jaman pamarentahan Rakai Wa­ tukura Dyah Balitung raja Krajan Mataram Kuna kang kuwasa rikala taun 898 - 908 Masehi. Ukuran watu prasasti iki, dawane 100 centimeter lan ambane 20 centimeter. Perangan tulisan ing watu mau ana sing rusak, sa­temah ana aksara sing ora bisa kawaca. Watu prasasti sing umure wis 1.121 taun iki minangka tapak ti­las peradaban jaman kawuri ana ing pereng sisih wetan Gunung Mer­ babu, laras karo sing katulis ing pra­ sasti iki kang nyebutake tanggal 25

wulan Mei taun 901 Masehi utawa 823 Saka. Manut andharane Wahyudi, ahli sastra Jawa Kuna, tulisan ing pra­ sasti kasebut kawaca,”swasti çàka warşàtìta 823 jyaşta màsa, pañcami çukla ha wa so. kàla niki paçarûnga nàma ... .....” . Ana sawetara aksara sing ilang, bokmenawa amarga ru­ sak kagerus. Jarwane, “Su­geng taun

832 wulan jiasta tanggal 5 hariyang wa­ge soma papan iki jenenge Pas­ yarungga....... (aksarane ilang).” Ing prasasti iki nyebutake papan sing jenenge ‘Pasyarungga’, sawijine padhepokan kanggo nggegulang agama Hindhu kayadene sing nate dicathet dening Bujangga Manik, sing mampir ing ‘karesian’ (papane para resi) ing sukune Gunung Damalung (Gunung Merbabu). Adhedhasar naskah tindake Bujangga Manik yai­ ku naskah kuna basa Sunda kang ngemot crita laku pangumbaran sawijine tokoh asma Bujangga Ma­ nik ing Pulo Jawa lan Bali. Naskah sing diserat ing godhong nipah, saiki kasimpen ing Perpustakaan Bodley, Universitas Oxford, Inggris. Naskah Bujangga Manik kabeh ana 29 lembar godhong nipah, sing isine ana 56 larik ukara, saben ukara ana 8 tembung (suku kata). Naskah iki ngandharake crita tokoh Prabu Jaya Pakuan alias Bu­ jangga Manik, resi Hindu saka krajan Sunda sing luwih seneng nglakoni urip minangka resi. Panjenengane sawijine satria saka kraton Pakuan Pajajaran, ibu negari Krajan Sunda, sing wewengkone saiki ing tlatah Bogor. Minangka resi, panjenengane kaping pindho tindakan saka Pakuan Pajajaran menyang Jawa sisih wetan. Ri­kala tindakan sing kapindho Bu­

Gunungan lan ubarampe sesaji. (Foto: Amat S)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

15

r­a­daban ing desa iki. Anane kanthi busana putih lenggah sila pra­sasti iki kaajab bisa gawe maos mantra, pawongan liyane re­ja­ne masarakat kanthi dime­ lenggah ing pojok panggung nggawa ka­rake minangka obyek wi­ mangkok sarana pangucape mantra. sata budaya. Satemah perlu Sawijine penatah reca kanthi temen ma­karya bebarengan kang natah gawe reca dewa. Dene sawijine becik (sinergi) ing antarane wanodya mudha lagi nyerat aksara pemerintah pusat, pemerintah Jawa Kuna ana ing ‘clumpring’. Pa­ daerah, warga masarakat, sa­ ge­laran seni iki nggambarake ka­ha­ weneh komunitas budaya lan nan peradaban lan budaya spiri­tu­al masarakat ing tlatah iki ing jaman seniman. Direktur Pengembangan ka­wuri. Ritual sabanjure, arak-arakan dan Pemanfaatan Kebudayaan, Kementerian Pendidikan Kebu­ (pro­sesi) kang ngusung gunungan dayaan Riset dan Teknologi, asil bumi lan ubarampe sesaji, sa­ Dr. Restu Gunawan, paring ka plataran makam sisih wetan ka­wigaten marang kegiyatan tumuju menyang papan acara ing masarakat desa Cepogo sa­ pojokan kompleks makam dhusun Dr. Restu Gunawan, Direktur Pengembangan jrone ndhudhuk lan nguri-uri Wonosegoro. dan Pemanfaatan Kebudayaan. (Foto: Amat S) Donga panyuwunan ka­slametan tinggalan sejarah lan per­ adaban sing ana ing kene. dening sesepuh masara­kat, Ki Yoso jangga Manik mampir ing Bali sa­ wetara suwe. Bujangga Manik mer­ Alam pereng gunung Merbabu Thukul. Magas tumpeng dening tapa ing sakubenge Gunung Patuha kang endah yen dijumbuhake karo Kepala Disdikbud Kabupaten Bo­ warisan tinggalan budaya iki kaajab yolali, H. Darmanto, S.Pd., lan pa­ nganti sedane. Kanggo mengeti, ngurmati lan bisa aweh kemaslahatan tumrap gasan tumpeng kaparingake ma­ rang Kepala Desa Cepogo, Ma­war­ nguri-uri anane watu prasasti kase­ war­ga masarakat ing kene. but masarakat desa Cepogo ngadani acara ‘Ruwat Rawat Prasasti Sarungga’ sing digelar rikala dina Rebo Legi, tanggal 25 Mei 2022 kepung­kur, ana ing plataran makam kuna dhusun Wonosegoro. Ing kompleks makam iki uga ana pasareane Kyai Kebo Kanigoro lan Nyai Kebo Kanigoro, sar­ta makam cikal bakal desa iki, Kyai Rambut. Manut andharane Ke­ pala Desa Cepogo, Mawardi, Ru­ wat Rawat iki ‘nempil’ tembung (is­tilah) ‘Ruwat Rawat Borobudur’ sing diadani Paguyuban Pecinta lan Pelestari Budaya ‘Brayat Panangkaran Borobudur’. Kaandharake, ora mung watu prasasti bae sing perlu dirawat, nanging uga tradhisi lan budaya masarakat sing ana ing kene wiwit 1.121 taun kepungkur. “Masarakat desa Cepogo melu nguri-uri ting­ galan-tinggalan purbakala lan wa­ risan budaya leluhur minangka ca­gar budaya. Warga desa Cepogo sa­mekta ngrumat prasasti Sarungga/Pa­ syarungga,” panandhese. Satemah, Jogeg Maharatu lan Dasta Ibu. (Foto: Amat S) perlu panuntun lan panyengkuyung saka instansi, lembaga lan komunitas Ritual ‘Ruwat Rawat Prasasti Sa­ di, lan sesepuh masarakat Ki Yoso kang ana sambung rapete. Kepala Dinas Pendidikan dan rungga’ kawiwitan kanthi pagelaran Thukul. Acara iki diregengake kanthi Kebudayaan Kabupaten Boyolali, H. seni (‘performance art’) ing kompleks pagelaran Beksan Budaya lan joged Darmanto S.Pd., banget nyeng­ku­ makam kanthi majang gunungan Maha Ratu & Dasta Ibu dening yung ayahan acara kang ndhudhuk, hasil bumi loro lan ubarampe sesaji. sanggar tari ing Boyolali.* [Amat Sukandar] ndhudhah lan nguri-uri sejarah pe­ Ing tengah panggung, ana pawongan

16

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Wanita lan Keluwarga

Nggladhi Putra Amrih Tumindak Jujur

J

ujur bisa ditegesi sawijining tumindak kang denlakoni utawa pocapan kang nyawiji antarane ati lan pakarti. Jujur satemene duwene teges kang jero jalaran thukul saka telenging ati, sapa wonge kang ing pocapan lan tumindake cengkah ora trep, diarani wong kang ora jujur. Jejere wong tuwa temtu duwe gegadhangan besuk gedhe putra-putrane bisa dadi wong kang jujur ing saben tumindake. Wiwit cilik tansah digladhi tumindak jujur, aja seneng goroh lan ngapusi, becik marang awake dhewe uga marang wong liya. Penulis minangka guru SD asring mrangguli bocahbocah kang padha cecaturan ing sajabane kelas samangsa ngaso. “Mamakku tak apusi ora ngerti, aku dolan mrene iki pamitku arep sinau klompok ing ngomahmu!” sawenehe bocah ngomong marang kan­ cane. “Ya padha, aku wingi nyu­ wun dhuwit kanggo tuku bakso kae aku matur yen kanggo urunan tilik kanca kang lagi sakit!” ngono sijine maneh kandha. Nalika ana kelas penulis ngelikake cecaturane bocah-bocah mau ora bener, jalaran kalebu tumindak kang ora jujur. Dak jarwani menawa kita matur apa anane marang wong tuwa, bab pepenginan tinamtu wong tuwa bakal ngolehi lan marengake sauger pepenginan mau klebu apik lan ora nerak bebener. Kang dadi keprihatinan tumrape penulis, isih asring ana kedadeyan wong tuwa malah tumindak ora ju­jur marang putrane, tuladhane mang­ kene; - Marang putra kang wis kelas lo­ro SD, ibuke ngendika arep

menyang dhokter lan putrane ora pareng dherek mundhak disuntik, mangka setemene ibune mau arep kondangan. - Dhawuhi putrane supaya gelem turu awan, ibune njanjeni mengko sore arep dijak menyang pasar malem, nanging

ora diwujudi. Bocah kang ngerti yen ibune tindak kondangan banjur gela lan nesu jalaran ngerti yen diapusi, mesthine ibune mau waleh wae yen arep tindak kondangan, jalaran wis klas loro dadi ora pareng ndherek, ning yen pas ibu tindak pasar kena dherek. Dhawuh putra supaya turu awan, kena wae dijanjeni arep d­i­ajak menyang pasar malem, ning hiya kudu dileksanani. Yen pancen ibune durung arep ngejak menyang pasar malem, aja janji ning kanthi pawadan kang masuk akal upamane banjur ditambahi sa­ngune kanggo dicelengi. Kepriye yen bocah wis nalar lan banjur ngerti saka berita TV utawa

saka medsos, pranyata ing jaba kana isih akeh pawongan kang tumindak ora jujur kayata korupsi, pungli lan sajinise? Wong tuwa duweni tanggung ja­wab menehi pangerten yen sa­ mubarang tumindak kang ora bener utawa ora jujur kuwi, bakal ana undhuh-undhuhane, tem­ bunge liya saben pilihan mes­ thi ana konsekuensine. Nalika isih ana ing alam donya wong kang tumindak ora jujur nerak wewalere ne­ gara bakal kapatrapan pi­dana, yen ora konangan bisa slamet nanging yen wewalere agama kang diterak ora bakal slamet ing tembe burine. Bapak tokoh pendidikan Ki Hajar Dewantara, paring weling “Ing Ngarsa Sung Tula­dha”, pamulangan bakal pikoleh samangsa guru utawa wong tuwa tansah paring tu­ ladha kang becik marang mu­ rid utawa putra-putrine. Guru utawa wong tuwa anane mung prentah marang murid utawa putrane supaya tansah tumindak jujur, nanging ora tau maringi tuladha lan nyontoni, sengara yen murid utawa putra-pu­ trine bisa dadi wong kang becik. Ing jaman kang sangsaya maju lan pengaruh globalisasi kang sarwa digital lan kabeh seneng kang sarwa instan lan kepenak, nanemake kejujuran dadi sangsaya abot. Luwih-luwih yen bebrayan agung wis kenyut ing Unen-unen “Ja­man wis edan yen ora ngedan ora keduman”, nanging bacute unen-unen mau “Sabeja-bejane sing melu ngedan, isih beja wong kang eling lan waspada”. Wusana su­mangga. [Agus Suprapto]

A

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Herbal

17

Nangka Sabrang

pese ana pi­ gu­n a cacah enem tumrap ka­­sarasane salira sa­­­ ka tuwuhan uwoh nang­ka sa­brang utawa sirsak (La­ tin: Annona muricata). Piguna se­ pisan, amarga ngandhut molekul antioksidan mu­la dhahar sirsak bisa ngendhani se­rangan saka radikal bebas sing bebayane ngrusak sel. Klebu molekul antioksidan sa­ jro­ne sirsak yaiku anin, sa­po­nin, pitosterol, flavonoid, sarta an­ thraquinone. Anti ok­sidan du­weni daya ngrusak sel sajrone awak. Rusake sel dadi jalaran mecu­ ngule lelara sing bebayani ka­­­ya kanker. Piguna keloro saka dhahar buwah sirsak yaiku awak ku­wawa nglawan ancaman in­feksi, jalaran sajrone uwoh nangka sabrang tinemu jat an­ti-inflamasi. Inflamasi sing nahun (kronis) kuwawa nu­ wuhake sakehe lelara krana awak ora kuwawa nglawan infeksi sing mungsuhi awak. Dhahar sirsak bisa ngurangi aboh lan tatu utawa koreng sing ora enggal mari. Ketelu, dhahar nangka sabrang uga bisa ngudhunake akehe gula dharah. Keluwihan gula dharah sajrone awak bisa nuwuhake sakehe lelara ka­ya awak kelemon (obesitas) lan la­ra jantung. Dhahar sirsak kuwawa ngurangi akehe gula dharah temah bisa ngendhani mecungule lelara sing bebayani. Panaliten sing ditindakake dening Pharmaceutical Biology mratelakake menawa dhahar nangka sabrang du­weni daya ngudhunake tekanan dharah temah dadi normal. Tekanan dharah sing dhuwur (hipertensi) bisa nuwuhake lara jantung, lara gula (diabetes), apadene stroke. Mu­la tumrap kang kagungan tensi dhu­ wur, asring dhahar uwoh nangka sa­brang iku becik banget. Panaliten la­boratorium kanthi nglebokake uwoh sirsak sajrone sel leukemia (kanker darah) aweh kasil menawa jat sajrone sirsak duweni daya ka­ nggo nglawan sel kanker. Piguna sing kaping enem saka uwoh sirsak yaiku jat sajrone daging uwoh sirsak duweni daya nglawan bakteri sing nyerang salira. Pranyata, ora mung du­­weni

piguna kanggo jaga ka­sa­rasan. Jalaran godhong sirsat uga becik kanggo sayuran apadene usada. Masarakat Jawa tradhisional migunakake godhong sirsat sing isih seger kanggo gawe trancam utawa kanggo sayur lodheh bebarengan karo bahan sayuran liyane. Kejaba

Kiva

kanggo bahan sa­yuran pranyata godhong sirsat bi­s a ka­n ggo ngusadani asam urat. Go­dhong nangka sabrang sawetara lembar digodhog kanthi diwenehi gula lan uyah sethithik nganti umob. Sawise banyu godhogan ka­­­­ri mangetmanget bisa diunjuk. Biasane anggone ngunjuk sajrone wek­tu 3 minggu sedina ngunjuk ka­ping pindho esuk lan sore. Ngunjuk banyu godhogan go­ dhong nangka sabrang uga bisa ka­n ggo ngusadani wong kang angel ambegan (sesak napas). Pawongan kang duweni lara ambegane mengkis-mengkis (sesak napas) prayoga mi­gunakake banyu godhogan go­dhong nangka sabrang kanggo ngen­thengake lelarane. Amarga go­dhong nangka sabrang ngandhut astringen sarta jat sing ngleremake rasa ngethok-ngethok

mula bisa kanggo ngentheng-enthengi ba­lung ngilu ing ros-rosan balung, mirunggan ing dhengkul. Kejaba iku jat hipoglikenik sajrone godhong nangka sabrang bisa ngudhunake gula dharah temah ngendhani lara gula (diabetes). Akehe kan­dhutan serat sajrone da­ging uwoh sirsat gawe be­cike pencernaan anggone ma­k arya temah nyegah angel bebuwang (sembelit) uta­wa gampangake anggone bebuwang. Godhong nangka sabrang becik banget dicampur karo godhong manggis kanggo nye­ gah utawa ngusadani lara kanker kang isih stadium awal. Banyu godhogan godhong sirsat karo godhong manggis sing digodhog bareng uga disebut minangka obat ka­n ggo ngurangi awak sing ke­lemon. Vitamin C sajrone go­dhong sirsat menehi pam­ biyantu marang balung awak saka ancaman kropos balung. Biasane marga pengapuran ing ros-rosane balung sing dialami para sepuh sing akeh lung­guhan lan kurang olah raga dayane ba­ lung kropos utawa madhet. Kro­ pose balung apadene madhete ba­lung dayani awake uwong dadi meng­keret. Kekurangan vitamin C uga dayani untu gampang kropos, ogek, utawa gigis. Mula ngunjuk ba­nyu godhogan godhong sirsat mujudake upaya kanggo jaga su­paya untu ora gampang, gigis, kro­pos, lan pothol. Akehe untu kang co­pot utawa ompong kejaba marahi kurang nikmat anggone dhahar, ga­­we pipi kempot, uga bebayani tumrap jantung. Amarga tilas poke untu sing wis pothole bisa kanggo mlebu hawa sing banjur tumuju jan­ tung lan ngganggu makaryane jan­ tung. (Senggani/DL) Sumber wacan: Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT Pradjnya Paramita, Jakarta Dharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia]. https://kesehatan.kontan.co.id/news/inimanfaat-sirsak-untuk-kesehatan-tubuh https://www.google.com/ search?client=firefox-b-d&q=Sirsak+adal ah+jenis+buah+yang+memiliki+banyak+ vitamin

18

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

K

ali Winanga kang liwat kutha Yogyakarta iring kulon, wektu iki wis dinormalisasi. Kahanane dadi resik, asri, resep disawang. Bambing kali wis ditalud beton semen kiwa- tengene. Dhuwur talud dipager cendhek, dicet manekawarna, lan dibangun dalan ciyut kena kanggo mlaku warga. Kahanan kaya mengkono beda adoh banget karo jaman sewidak taun kepungkur. Taun 1960 penulis nate manggon neng kampung N, sawetan Kali Winanga. Omahe penulis watara satus meter saka lambe Kali Winanga iring wetan. Nalika iku Kali Winanga kahanane isih asli, akeh papan-papan sing serem. Bambing iring wetan apadene iring kulon dumadi watu padhas. Ing sadawaning alur, ing pinggir kali akeh tinemu wit-witan gedhe, godhonge mentiyung, manglung neng tengah kali. Akeh papan ing pinggir kali kang wingit alias angker, dipanggoni dhemit utawa lelembut. Ing jaman iku warga kampung ing kiwa-tengen kali akeh sing manpangatake Kali Winanga kanggo umbah-umbah, adus, lan bebuwang. Ora aneh, saben esuk lan sore, wayahe wong adus lan bebuwang, Kali Winanga dadi rame. Nalika iku taun 1960. Bu Mingun lan anake cacah loro lagi seminggu manggon neng kampung N. Bebara menyang kutha Yogyakarta golek pangupajiwa dodolan pakaian wadon. Randha umur patangpuluh taun, asli Sentolo mau manggon ing omah kontrakan kang durung ana pekiwan lan wc-ne. Kanggone warga asli kampung kono, adus, umbah-umbah, apa­

Jagading Lelembut

dene bebuwang neng pinggir kali, wis biasa. Ora ana rasa isin, rikuh, utawa pekewuh. Nanging, bab sing kaya mengkono dirasakake beda dening Bu Mingun. Wadon anak loro mau rikuh lan pekewuh, menawa adus lan bebuwang neng papan tinarbuka, tanpa aling-aling babarpisan. Akibate, anggone

bebuwang asring kurang tuntas. Kanggo ngawekani bab mau, Bu Mingun nemokake solusi. Dheweke anggone bebuwang apadene adus, golek wektu ngepasi Kali Winanga ora rame, yaiku ing wayah esuk uthug-uthug utawa sore ngarepake Mahgrib. Esuk iku swasana isih peteng repet-repet. Kalungan andhuk lan nggawa piranti adus, bu Mingun ngetiging tumuju pinggir Kali Wi­ nanga. Kaya biasane sing dijujug belik neng ngisor wit ketepeng. Ru­ mangsa ayem, kali isih sepi, wadon mau terus bae jibar-jibur nggebyur awake. Lagi arep sabunan, Bu Mingun kaget. Watara sepuluh meter ing sisih kiwane, ing tengah kali keprungu suwara jleguuur...! Kaya ana barang abot kecemplung ba­nyu. Agahan dheweke ngadeg lan mengo menyang sumbering suwara jemlegur mau. Ya ampun! Dheweke kaya ora

Tekan pucuk wit pring, lanang wudha blejet mau terus ambyur neng tengah kali

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Kembang Setaman

Tapake Urip

19

Tembang Kaca Maya

Alur panguripane uwong iku Kayadene ngurutke dalan Ana dalan sing lempeng, mudhun, munggah Utawa enggokan sing kudu diliwati Ananging kang kudu dieling-eling Gusti Allah mesthi paring ujian kanggo umate Anggone nglakoni tapake urip Sepira dawane anggone kuwat nglakoni Sepira semangate jroning ngadhepi tantangan Tekan endi anggone sabar Nggegem tenanan gegayuhane Nur Chafid. Kalisari, Magelang

Sakedheping mripat, bisa dadi owah Sakecaping ilat bisa agawe bubrah Saunting pawarta, bisa agawe crah Satembung bisa nyandhung Sagambar bisa ambabar Saeseman bisa nyipta katentreman Kepriye gambar kaca mayamu, mitraku? Ucik Fuadfflyah Ngisor langit, 2021

Kiva percaya marang pandelengane. Suwara jumlegur mau pranyata saka pawongan lanang ambyur ing tengah kali. Wuda blejet tanpa awer- awer nutupi awake. Saekal Bu Mingun kepengin mlayu, medhot anggone adus. Nanging ora kuwawa. Sikile kaya ana sing nggandhuli. Dheweke weruh cetha wela-wela, wong la­ nang mau minggir ing pinggir sisih kulon. Aneh. Isih ing kahanan tanpa awer-awer, wong lanang mau kan­ thi trampil lan trengginas menek wit pring apus kang pucuke mentiyung neng tengah kali. Tekan pucuk wit pring, lanang wuda blejet mau te­rus bae ambyur neng tengah kali. Byuuur...! Keprungu suwara jemlegur kanggo sing kaping pindhone. Katone pawongan mau ora duwe rasa isin, rikuh, utawa pe­ ke­wuh babarblas. Malah, kayaka­ya mamerake anggone wani ambyur saka pucuking wit pring. Uga mamerake ketrampilane me­nek wit pring mau marang Bu Mi­ngun. ‘Atraksi’ kaya mengkono mau diambali nganti kaping lima. Rasane kaya uwong kena hipnotis. Bu Mingun ‘dipeksa’ nyekseni ke­ dadeyan mau kanthi cetha ter­ waca.

Ana kirik njegog-njegog neng cedhak kono, ndadekake Bu Mingun pulih kesadharane. Enggal-enggal dheweke ninggalake papan mau. Bareng karo iku, wong lanang ‘ora urus’ mau ilang saka pandulune. Mrangguli kedadeyan aneh ing esuk uthug-uthug kuwi, sore dina candhake Bu Mingun sowan menyang Mbah Imba, sesepuh kampung. Marang Mbah Imba, wadon mau mbeber kabeh keda­ deyan kang diweruhi. Krungu critane Bu Mingun, Mbah Imba ora kaget, ora gumun. Ma­lah sajak mesem. Minangka pa­wongan kang lair ing kampung kasebut, Mbah Imba pana karakter Kali Winanga dalah lelembut sing manggon ing papan-papan tinamtu ing pinggiring kali kasebut. “Mpun dangu lelembut ‘dhe­ gleng’ wau boten ngaton utawi nggo­dha warga mriki. Bokmenawi mawon dheweke namung pengin tetepangan. Lha sampeyan rak warga enggal ta? Mugi-mugi mung sepisan niku mawon anggene dhe­ weke ngetingali? Ngono tuture Mbah Imba nggedhekake atine Bu Mingun. Pancen, warga kono menawa nyebut lelembut aneh mau kanthi sebutan lelembut ‘dhegleng’. Isih manut Mbah Imba, anane

lelembut dhegleng mau sawise ing ngisor uwit Ketepeng kang godhonge mentiyung neng kali, dumadi kacilakan. Sawijining dina ana pawongan kurang waras utawa gendheng, dudu warga kampung kasebut, mati keblebeg banyu kali kang nalika semana ngepasi banjir. Ewasemono Mbah Imba ora wani mesthekake menawa lelembut dhegleng mau arwahe wong kurang waras sing tiwas neng papan kono. Jer, warga kampung wis bola-bali ngadani acara ngirim donga kanggo arwahe pawongan kurang waras mau. Ora wurunga kedadeyan mau gawe trauma mungguhing Bu Mingun. Krana wis cocog karo omah kontrakan sing dipanggoni, apamaneh uga durung suwe ang­ gone manggon, dheweke ora pindhah papan. Dening Mbah Imba dipra­yo­ gakake amrih nembung ma­rang sing duwe omah. Nedya ga­we pekiwan lan wc ing omah kon­ trakane. Bu Mingun bungah, dene sing duwe omah ngidini sedya mau. Satemah, saben esuk uthuguthug lan sore ngarepake Mahgrib ora ndadak ngetiging menyang Kali Winanga.*** FX. Soebroto

20

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pustaka

SANDIASMA

P

(01)

Dening Budiyono Dinas Perpustakaan Dan Arsip Daerah DIY

erangan sanget wigati wonten ing naskah kuna utawi manuskrip kejawi sengkalan wonten malih ingkang dipun wastani sandiasma. Sandiasma mujudaken nami ingkang sinandi (dipun rahasiaaken) wonten salebetipun seratan naskah kuna utawi manuskrip. Asma menika menawi wonten basa jawi ingkang kapacak wonten ing naskah kuna samangke ingkang kawastanan nami pengarang. Lajeng kados pundi nami kok dipun damel sinandi (dipun rahasiaaken), manawi samangke nami malah dipun ketingalaken, malah sok kepara dipun kandelaken (di bold) aksaranipun. Wonten ing pinten-pinten pemanggih sandiasma dipun serat gegandhengan kalihan; 1 Sanget mboten pantes ngetingalaken asmanipun ka­ sebat wonten ing seratanipun, amargi saged dipun wastani kumalungkung 2) Sanget mboten pantes ngetingalaken asmanipun kasebat wonten ing seratanipun amargi nyerat menika saking dhawuhipun piyantun luhur (raja umpaminipun) 3) Nambahi kaendahaning basa nanging mboten dipun mangertosi ingkang maos. 4) Supados mboten dipun tiru piyantus sanes (plagiarism). Menawi dipun tingali saking ngelmi basa (linguistik), sandiasma ateges nami ingkang dipun samar aken kanthi kodhe-kodhe mirunggan wonten ing ndalem karya sastra. Biasanipun, sandiasma dipun serat wonten ing tembang macapat, lan gancaran ingkang ngemu suraos nambahi endahing seratan lan gadhah perangan sandiya (unsur seni) ingkang inggil. Pujangga kondhang ingkang asring ngginakaken sandiasma inggih menika Raden Ngabehi Ranggawarsita saking Keraton Kasunanan Surakarta. Pambudidaya kangge ngaturaken sandiasma menika maneka warni. Sandiasma saged kaserat wonten ing wiwitaning pada (bait), wiwitaning gatra/ baris, wiwitan saha pungkasaning gatra/ baris, wiwitan pamedhoting tembung, pungkasaning pamedhoting

tembung, lan wonten salebeting setunggal gatra wetah. Anggenipun milih lelewaning basa kasebat mujudaken wewenangipun ingkang nyerat, saha temtu kemawaon dipun jumbuhaken kalihan pamilihipun tembung saha pakem tembang ingkang wonten. Mboten sekedhik minongka kangge nemtoaken wujudipun sandiasma, pengarang ngginaaken tembung-tembung Kawi (Jawa kuno). Kejawi nggadhahi fungsi supados mboten dipun tiru tiyang sanes utawi plagiarisme, sandiasma ugi dadosaken karyanipun meniko nggadhahi perangan sandiya (nilai seni) ingkang inggil lan mujudaken kompetensi pengarang wonten ing karya karyanipun. Saderengipun sandiasma ka­ serat, ingkang kawitan kedah dipun gatosaken inggih menika suraos ingkang badhe kaaturaken. Suraos menika lajeng dipun jumbuhaken kalihan paugeran (aturan) satunggaling tembang (lagu). Saperlu dipun mangertosi, sewelas tembang macapat nggadhahi paugeran (aturan) guru gatra (jumlah baris), guru wilangan (suku kata), guru lagu (rima), saha irah-irahan ingkang ngugemi paugeran. Wonten ing bab menika, suraos tembung kinanthi ateges tuntunan. Tembang kinanthi isinipun kedah awujud nasihat kangge panggesangan. Nah…, sasampunipun migatosaken perangan baken kasebat, nembe kita damel rancangan kasar (draft). Tembung mbaka, tembung anyengkuyung wonten ing kamus basa Jawi sanget dipun betahaken kangge nambahi tembung tembung salebeting nyerat. Kejawi menika, fasilitas "bantuan" ugi sanget nyengkuyung dumadosipun satunggalig tembang. "Bantuan" ingkang dipun kersakaken inggih menika tambahan guru wilangan uluran (suku kata di awal), wancahan dan plutan (pemotongan suku kata), sarta baliswara (penyesuaian urutan kata). Sasampunipun rampung, nembe dipun taliti malih menapa tembang ingkang dipun damel sampun jumbuh kalihan paugeran ingkang baken. Adhedhasar pengalaman penulis, damel sandiasma kaetang angel menapa

malih kanthi tetembungan manca (asing). Perlu dipun jumbuhaken guru wilangan (suku kata) supados langkung "membumi" saha gampil kaserat wonten ing aksara Jawi Piweling ingkang dipun serat wonten tembang menika sanget moncer. Kewajiban kita minangka titah inggih menika tansah saged damel tatananaing ngagesang dados sae. Nasihat menika kedah kita ugemi lan kita gatosaken. Temtu kemawon, sak sampunipun nglampahi gesang kanthi sae, kita badhe ketingal sae wonten ing sak tengah tengahing masyarakat. Kejawi menika, rezeki temtunipun badhe ngetuttaken kita. Ananging, kawontetan ing ngalam donya sak mangke sampun risak katitik luntururipun nilai-nilai moral. Minangka makhluk ingkang nggadhahi akal budi, Ingkang menika kita kedah ngaturaken syukur dhateng Ingkang Maha Kuwaos. Temtu kemawon kita badhe langkung tetrem bilih tansah dhedhepe wonten Ngarsanipun Alloh SWT. Wangsul bab Sandiasma malih, sakelangkung narik kawigatosan dipun taliti lan dipun kaji ngengeti sangsaya kathaipun karya karya sastra jawa dipun tiru ngasanes (bajak). Ing ngandhap menika saweneh tuladha sandiasma ingkang wonten salebeting tembang, utawi kidungan, utawi karangan Aku iki dudu ahli sastra lan pujongga Nanging tukang dongeng gawe crita Ing pangajab bisa memetri basa jawa Awit iku basa titilarane luluhur kita Sing pantes diuri uri Margo moncere bangsa ora pisah lan basa Amila wajib kita pepetri mrih kuncara Rawe rawe rantas malangmalang dak dhadhagi Ani asmara tetep marsudi basa jawa Menawi dipun gatosaken aksara-aksara ing wiwitaning gatra ing nginggil, nami ingkang nyerat, inggih Menika : Ani Asmara. (Ana candake)

Nasib Panjenengan

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

21

Kawiwitan Minggu Pon, 26 Juni 2022 (26 Dulkaidah 1955 Alip) ketug Setu Wage, 2 Juli 2022 (2 Besar 1955 Alip). klebu wuku Wuku MANDASIA. Bocah lair minggu iki watake: dewane Bathara BRAHMA, santosa budine, kenceng tekade, panas prabawane. Kayune: asem, dadi pangauban wong akeh, adhem prentahe. Manuke: platuk bawang, kenceng kekarepane, ora sabaran, gemi. Lambange: anggara kasih akayu agung amredapa, pangungsene wong kacintrakan. Candrane: mina kasatan tirta. Sambekalane: kena sanjabaya. Bilahine: kabendu wong gedhe, kelagar geni.Tulak sarike: slametan sega abang dangdangan beras sapitrah, pindhang ayam abang, iwak banyu lembaran. Salawate: 5 keteng,. Dongane: slamet pina. Kala wuku: kidul wetan. Pranata Mangsa: Mangsa KASA. Suwene Mangsa KASA 41 dina, wiwit Rebo Wage, 22 Juni 2022 ketug Senen Wage, 1 Agustus 2022. Candrane Mangsa KASA: “Sesotya murca saka embanan”, Werdine: gegodhongan rontok merga dayane hawa panas, pang-pang ranggas, wiwite mangsa garing utawa ketiga, tuk pampet, akeh wong sambat kekurangan banyu.

Neptu 7

Aja seneng ngrerendhe ga­we­ yan sing enggal bisa katan­ dangan, tundhone bisa kuwalahan. Pangupaboga: majune usaha butuh kuwanen mekarake lan nawak­ ake. Rejeki: lumayan. Asmara: cocog. Dina Becik: Se­lasa Kliw­on. Kesarasan: ngurangi dhaharan olahan santen. Memitran: gumyak.

Neptu 8

Makarya iku aja grusa-grusu temah nuwuhake kerugian lan kekurangan, sing setiti. Pangupaboga: kalodhangan sing ana manpangatna kanthi becik. Rejeki: sempulur. Asmara: resep. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: cukup ngaso, sarapan teratur, olah raga. Memitran: kelingan biyen.

Neptu 9

Jejibahan sing kudu disangga enggal ecakna amrih pakaryan bisa rampung kaya rancangane. Pangupaboga: yen ditlateni an digemeni kabeh upaya bakal dadi. Rejeki: nrecel. Asmara: cocog. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: sehat iku sarwa pekoleh, minakna kanggo olah raga. Memitran: guyup.

Neptu 10

Kesuksesan iku butuh wek­ tu, butuh kupiya, butuh kalo­ dhangan, ora merga kepeneran. Pangupaboga: bu­ tuh wektu lan kupiya amrih majune pakaryan. Rejeki: turah. Asmara: tanggap. Dina Becik: Kemis Paing. Kesarasan: sarase raga aja mung gumantung wong liya. Memitran: ora pangling.

Neptu 11

Akeh wektu kanggo ngram­ pungake ayahan sing dadi je­jibahan, aja ketungkul dolanan. Pangupaboga: kasil usaha ora miroa gemenana amrih saya derbala. Rejeki: wuwuh. Asmara: marem. Dina Becik: Ju­mu­­ wah Pon. Kesarasan: ngurangi pedhes-kecut, peng­ galih longgar. Memitran: guyup.

Neptu 12

Butuh kesabaran lan tlaten kanggo ngrampungake ayahan sing durung ketandangan. Pangupaboga: yen kompak lan maju bareng makarya bisa gayeng. Rejeki: mbanyu mili. Asmara: milangoni. Dina Becik: Setu Wage. Kesarasan: diakehi sayur lan buah, ngaso. Memitran: saya cerak.

Neptu 13

Ketungkul marang ke­­se­ nengan sing ora meko­ lehake tundhone mung repot burine. Pangupa­bo­ga:

akeh kalodhangan sing bisa dimanpangatake. Rejeki: dalidir. Asmara: sengsem. Dina Becik: Rebo Legi. Kesarasan: olah raga entheng-enthengan iku becik yen ajeg. Memitran: eling biyene.

Neptu 14

Kalodhangan iku mung sepi­ san tekane, manpangatna te­menan amrih gegayuhan katekan. Pangupaboga: sandhang pangan iku tinemu ing sadhengah papan. Rejeki: nrecel. Asmara: kangen. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: mlaku-mlaku iku olah raga entheng-entehengan. Memitran: rukun.

Neptu 15

Ora ana urip tanpa san­ dhungan, ora ana kasusahan tanpa pung­kasan, iku kukum alam. Pangupaboga: yen tlaten lan tliti sakehe gegayuhan bakal katekan. Rejeki: gemrontol. Asmara: nges. Dina Becik: Se­ lasa Kliwon. Kesarasan: sarapan esuk kanggo jaga sehate badan. Memitran: sumadulur.

Neptu 16

Akeh pengalaman kepungkur sing bisa kanggo kaca beng­ gala amrih sangsaya wicaksana. Pangupaboga: ba­ yaren karyawanmu sadurunge kringete asat. Rejeki: sempulur. Asmara: tlaten. Dina Becik: Jumuwah Pon. Kesarasan: ngumbar amarah gawe mumete sirah. Memitran: kaya biyen.

Neptu 17

Adhepana sakehe tantangan sing ngadhang ana dalan amrih gegayuhan bisa katekan. Pangupaboga: majune usaha perlu tembayatan lan bantuan. Rejeki: dalidir. Asmara: sengsem. Dina Becik: Minggu Pon. Kesarasan: dhahar uwoh-uwohan iku kanggo jaga kasarasan. Memitran: rumaket.

Neptu 18

Aja seneng ngurusi pakaryan dudu ayahane temah tembene mung gawe repote dhewe. Pangupaboga: ana dina - ana upa, ana awan - ana pangan. Rejeki: ora kendhat. Asmara: marem. Dina Becik: Selasa Kliwon. Kesarasan: sare ora kewengen, wungu luwih esuk, iku becik. Memitran: gathuk.

Kanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7], [Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7], [Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]

22

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Padhalangan

8

6

N

embe kala wingi sonten Ibu Kunthi lan para putra cu­ mondhok ing Giripurwa, saya kathah warga ingkang ndha­tengi papan ngriki saperlu nyuwun pa­ ngayoman saking panindhesaning raja wengis. Para kawula pitados bilih Bima ingkang sampun mitulungi para pengungsi kwagang nandhingi Prabu Dwaka.” “Rara Winihan, aku wis krungu dhe­we saka kulawarga Resi Hijrapa. Aku ora mentala nalikane Rawan saguh dadi korban. Aku iya uwis njaluk tulung Bima supaya mitulungi Resi Hijrapa kanthi dadi silih korban. Ananging Bima durung nyaguhi kanthi pawadan yen Resi Hijrapa ora njaluk tulung mengko dikira nyorohnyorohake bahu. Sapa ngerti yen dheweke mula ora butuh pitulungan, mangkono kandhane Bima. Aku wis apal karo watege anakku sing nomor loro iki, watage prasaja lan jujur. Yen ora dijaluki tulung dheweke sung­kan mamerake kaluwihane, awit bab kasebut bisa njalari patrap kang umuk lan ngumbulake badan priyangga.” Adhedhasar ngendikane Dewi Kunthi bab watage Bima, kanthi lan­tip Rara Winihan nemokake da­ lan kanggo kasembadane sedya ma­gepokan karo pangarep-arep lu­waring kawula Ekacakra saka pa­ nganiaya. Dalan kuwi mung ana astane Bima. Sauger Raden Bima saguh mitulungi, mesthi wae Kawula

Ekacakra luwar saka kawengisane Ratu. Dene kesaguhane Raden Bima gumantung marang Resi Hijrapa. Sauger Resi Hijrapa kersa ngasihasih nyuwun pitulungane Bima, mesthi Bima bakal lilih penggalihe lan karsa asung pitulung. Mula ora perlu mbuwang wektu ma­neh, Rara Winihan age-age ne­ moni Resi Hijrapa ing omah te­ ngah. “Dhuh Sang Resi, menapa panje­ nengan boten mangertos sinten ta ingkang cumondhok ing pendhapa? Dene njalari kathah para warga dhatengi papan ngriki.” “Ibu Lurah, wekdal menika ti­ yang-tiyang Ekacakra sami wuru lan bingung, kalebet kula. Manah kula pu­teg, jalaran kedah ngorbanaken anak kula pinangka dhaharan ratu. Miturut kula ibu saanakipun menika tiyang pepriman ingkang tebih dhangkanipun, lajeng leren lan lerem sawetawis ing pendhapa Giripurwa. Temtu kemawon njalari para warga kang bingung lan ajrih rumaos wonten kancanipun lajeng sami dhateng mriki, saya kathah mesthi kemawon badhe rumaos saya ayem lan tentrem.” “Dhuh Sang Resi Dosa menapa ingkang badhe kasandhang yen ta panjenengan boten mangertos, utawi ethok-ethok boten uninga dhu­ mateng priyayi ingkang cumondhok ing papan ngriki? “Kersanipun?”

“Kauningana Bapa Resi Hijrapa, bilih ibu menika injih pun Dewi Kunthi Talibrata prameswari Prabu Pandhudewanata swargi.” “Haah!” Resi Hijrapa mlongo, kamiteng­ gengen. Ature Rara Winihan kaya de­ne gludhug nyamber ing mangsa ketiga. “Menawi ngaten anak gangsal ing­kang ndherek menika Pandhawa Lima?” “Kasinggihan Bapa Resi.” “Adhuh Gusti nyuwun panga­ pura...” Resi Hijrapa menyat saka paleng­ gahan, ninggalake omah tengah, ju­ mujug ing pendhapa. Kanthi wel-welan lan ngoplok ta­ ngane nyungkemi pada dalem Dewi Kunthi Talibrata. “Dhuh Kanjeng Ibu Kunthi, dosa menapa ingkang kula sangga dene ngantos boten mangertos rawuhipun tamu gung ingkang kadherekaken satriya Pandhawa pembengkasing dur angkara.” “Bapa Resi, panjenengan boten do­sa, malah kepara sampun mo­ tang­aken budi kalihan kula lan anakanak kula. Kados pundi samangke anggen kawula badhe males.” “Dhuh Dewi Kunthi gegunungane para putri, kula rumaos lingsem dene boten anggape nalika Dewi Kunthi manggihi kula lan ngendika menawi badhe asung piwales dhumateng ku­la anggenipun sampun dipun ke­ parengaken cumondhok ing papan ngri­ki lan dipun paringi tetedhan. Panjenengan ngendika menawi tiyang ingkang namung nampi pe­ paring, lan boten saged caos pi­ wales, tan prabeda kados dene pe­ priman. Ananging samenika, sasampun­ ipun kawula mangertos menawi pa­ pan ngriki dipun rawuhi para satriya ke­kasihing dewa, kula nyuwun sih palimirma, kersaa mitulungi ka­ wula.” “Bima kepriye? Apa sliramu ge­ lem mitulungi Resi Hijrapa?” “Mitulungi kepriye? Tembunge wae ora cetha. Sing dijaluki tulung dudu aku, nanging satriya kekasihing dewa.” “Bima aja tambuh, sing disebut sa­triya kekasihing dewa iku ya kowe

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

23

lan sedulur-sedulurmu, coba ru­ diku wis mbuntuti yen ing omah etung­an ka telu diucapake, dheweke ngokna sing trawaca.” ke­n e dinggo ndhelik kraman, ju­mangkah maju malangkadhak ing “Injih kasinggihan Raden Bima, yaiku uwong sing arep njongkeng antarane tetunggule prajurit lan Resi panjenengan sasedherek menika kawibawan ratu, jenenge Bima ya Hijrapa, banjur nyuwara sora. satriya kekasihing dewa, mila kula Wrekudara. Yen kowe sakulawarga ”Hai para prajurit, mangertia yen nyuwun pangayoman, nyuwun pitu­ ke­pengin slamet, aja ngayomi kra­ Raden Bima sing dadi underaning lungan, nyuwun dipun luwari saking man kuwi. Saiki uga Wrekudara pa­ prakara lagi dicawisake pinangka panjireting ratu wengis.” srahna marang aku, saperlu dak­ sesaji, ngganteni putrane Resi Hi­ “Ya tak saguhi, aku gelem dadi banda dakseret menyang kutaraja, jrapa sing durung cukup dewasa. gan­tine anakmu, dimangsak bothok, kaunjukake Prabu Dwaka” Co­ba gatekna ombyaking kahanan kareben dibadhok ratumu.” Kanggo nanggapi pamothahe ing omah iki. Para warga lagi padha Resi Hijrapa bungah tan kinira, tetunggule prajurit, Resi Hijrapa ngumpul ing kene saperlu nyawisake kembeng-kembeng waspa, nubruk jumangkah nuju plataran. Pasuryane ubarampe korban lan prabot-prabot su­k une Wrekudara, ngaturake anteng, sorot kawibawan kang wis sesaji sing arep dipisungsungake agung­ing panuwun. suwe ilang saiki timbul maneh. konjuk ing Prabu Dwaka. Salah Sabanjure kuwi Bima kaaturan Em­buh apa darunane. Bokmanawa siji­ne sing pokok yaiku mangsak lerem ing dalem tengah bebarengan amarga sesanggan kang nindhih bothok manungsa kekaremaning karo sedulur-sedulure, lan uga Ibu kulawarga wis digendhong Wreku­ Ratu. Kamangka manungsa kang Kunthi. dara. Sawise tekan ing sangarepe sa­guh dimangsak bothok yaiku Kaya ngapa seneng lan bungahe Raden Ra­­wan, dene ora sida dadi ban­ten, dheweke tansah dhepel-dhepel Rara Wi­nihan kang di­ anggep dadi obor tum­ rap atine kang nan­ dhang pepeteng. Sawetara iku wongwong sing ana pan­ dhapa lan plataran ngarep pa­dha surak jingkrak-jing­krak, kru­ ngu yen Ra­den Wre­ kudara dadi silih kur­ ban, ngganteni Ra­wan dimangsak bothok. Wis tekan mangsakala ka­­w­engisan bakal sir­ na dening budi luhur, mang­kono swara ba­ tine para war­ga kang ngum­pul ing daleme Ya tak saguhi, aku gelem dadi gantine anakmu, dimasak bothok, kareben dibadhog ratumu... Resi Hijrapa. Ora gantalan wek­ tu sawise Kunthi sa­anake diaturi te­tunggule prajurit, Resi Hijrapa Wrekudara. pin­dhah ing dalem tengah, du­ma­­ ngen­dika alon, ananging cetha. Mulane yen Raden Wrekudara dakan omahe Resi Hijrapa dite­ “Ora ana kraman ing omah kene, arep dicekel lan Wrekudara mberot, kani sabregada prajurit kuda sa­ sing ana trah ngaluhur kang marisi mesthi bakal dumadi peperangan ka Ekacakra kang racak-racake nagara Astinapura.” ing omah kene. Ubarampe korban wengis rupane. Suwasanane dadi “Drohun! Aja waton ngucap! lan perabot-perabot sesaji sing wis malik grembyang, para pengungsi Cepet gawa kraman kuwi metu! Tak dicawisake bakal rusak ora bisa di kang nembe wae jingkrak-jingkrak etungi ping telu, yen Wrekudara ora alap. Kanthi mangkono tingkah seneng, dumadakan cep klakep masrahake dhiri, tak gledhah omah lakumu padha karo mbubrahake lan tanpa kumecap. Atine miris meruhi iki, tak obrak-abrik lan tak obong. jugarake sesaji Bothok manungsa tekane bregada prajurit Ekacakra Siji!..... lan ubarampene sing arep diarak mlebu ing plataran karo bengakNyipati kahanan sing nguthawatiri, sesuk-esuk kaunjukake Prabu Dwa­ bengok ing sandhuwure kuda. Rara Winihan nemokake cara kanggo ka. Apa iya kaya mangkono ka­ “Hai Resi Hijrapa, prajurit san­ nengahi prakara iku. Sadurunge repmu?” [Ana Candhake]

24

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

K

Crita Rakyat

ori menga sume­ dipun ngendikani menawi blak. Nayakapraja ke­­pengin kawontenan kang kajibah tung­ Krajan Pajajaran tata titi gak ke­mit banjur mrepegi tentrem kartaraharja kedah Pa­ngeran Mundhinglaya pados sarananipun.” sarta Sangkut lan Toleh. “Apa saranane Dhia­ “Wonten dhawuh saking jeng?” Sinuhun Prabu Siliwangi, “Sarananipun inggih Pa­ngeran Mundhinglaya me­nika kedah saged mbo­ saha sekabat Toleh sarta yong Layangan Salaka­do­ Sangkut kadhawuhan so­ mas.” wan salebete pasewakan “Layangan Salaka­do­ din­ten menika ingkang mas? Gek ana ngendi iku wekdalipun sasampunipun papane Layangan Salaka­ pratanggapati tengange. domas,” Mila kula suwun Kangjeng “Inggih, Sinuhun. Pa­ Pangeran Mundhinglaya pan­ipun wonten Mega Ma­ tuwin sekabatipun kekalih lang satunggalipun papan enggal medal lan cecawis won­ten ing Kahyangan,” ka­ngge marak sowan nga­ “Jagad Dewa Bathara. 3 byan­tara wonten pase­ Da­di Layangan Salaka Do­ wakan enjing menika,” mas iku papane ana Mega bi­wara ringkese nayaka Malang ing Kahyangan.” pra­ja pakunjara. “Inggih, kamangka ka­ “Inggih, sendika.” Pa­ ngge dumugi papan me­ ngeran Mundhinglaya nika ngendikanipun Resi ju­m angkah ninggalake Arcamanik, boten gampil. Ringkese Crita Kepungkur: Nyritakake kahanane Mundhinglaya ge­­dhong pakunjaran. Amargi ing sadawanipun ing sajroning pakunjaran sing dikancani sekabate leloro, Toleh lan Sangkut. Sekabat leloro melu dicemplungake menyang pakunjaran Sang­kut lan Toleh tut­wuri margi lan papan ingkang krana didakwa nyengkuyung tumindake Mundhinglaya lan malah tindake Pangeran Mun­ ka­ngge nyimpen Layang­ melu ngrojongi. Amarga papane kang anyep lan kebak lemut dhinglaya. Tetelune ban­ an Salaka Domas meni­ka mula anggone sare Pangeran Mundhinglaya ora bisa jenjem. jur dijaga prajurit cacah dipun jagi para ra­seksa,” Semono uga Toleh lan Sangkut klisikan anggone turu temah banjur padha lek-lekan tekan esuk. Ing kalodhangan iku tetelune banjur enem tumuju papan pa­ ature Gusti Ayu Pad­ma­ ngonceki kedadeyan kepungkur sing jalari mlebu kunjaran. Saka sewakan sing wis an­ wati. oncek-oncek mau Toleh lan Sangkut duweni pangira menawa dher ngebaki jembare “Iya. Iya. Paman Patih sing adul-adul marang Sinuwun Prabu Siliwangi iku Pangeran Pa­g elaran. Sadurunge Leng­ser, kinten-kinten sin­ Sunten Jaya. Pangira mangkene lelandhesan kanyatan menawa Pangeran Sunten Jaya ing ngarsane Sinuhun Prabu Siliwangi ora Mun­­dhinglaya wus rawuh ten ingkang saged kautus bela marang Mundhinglaya, malah kepara jlomprongake supaya Patih Lengser Jiwandana, ka­ngge mendhet Layangan dipatrapi paukuman abot salawase urip. Caturan nganti parak esuk Gusti Ratu Ayu Padmawati, Salaka Domas,” iki kandheg marga kori pakunjaran ana sing bukak saka jaba. Gusti Ratu Tejamantri. Ora “Mesthinipun para watara suwe Sang Pra­bu putra menapa dene para sing sowan ing dina iki. Mula Siliwangi rawuh gi­na­rebeg wayah, amargi menika para emban ceti kang ngga­wa uba ma­rang Nini Padmawati ingsun ayahan boten gampil lan kebak rampene piranti adat pasewakan. paringi wektu kanggo ngaturake be­bayani.” Ature Patih Leng­ Sawise bage binage keslametan impene,” ser. Sinuwun Prabu Siliwangi sa­ “Inggih, Sinuhun. Punten dalem kala mendel. Putra dalem kang banjur Sinuhun Prabu Siliwangi sewu, badhe kula aturaken impen aran Guru Gantangan iya wong manebar sabda. “Paman Patih Lengser, garwa kula sawetahipun.” tuwa angkate Pangeran Sunten “Iya.” dalem Gusti Ayu Tejamantri, lan Jaya mung mendel. Semono uga “Watawis sedasa dalu ke­peng­ Sunten Jaya sing adate akeh ature ka­wulaku kabeh kang samya nga­ byantara. Wigatine pisowanan iki ker, nujoni dalu anggara ka­sih, uga tanpa kumecap. kanggo ngrembug pasumpenane wa­tawis lingsir ratri kula ngim­pi “Sinuhun, kula sagah ngupadi, Dhiajeng Padmawati sing bakal pinanggih satunggaling resi ing­ menawi dipunkeparengaken,” di­aturake marang ingsun lan sen­ kang asma Resi Arcamanik. Sa­ ature Mundhinglaya. tana dalem sarta nayakapraja lebetipun impen menika kula “Temenan, sira saguh?”

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

“Kula nuwun inggih,” ature Mun­dhinglaya karo atur sembah. “Bagus. Menawa sira saguh ngupadi Layangan Salakadomas, kanggo sawetara sira sun luwari saka pakunjaran.” “Inggih Sinuhun.” “Munjuk atur Sinuhun,” Kang­ jeng Prameswari Padmawati ma­ tur. “Matura Dhiajeng,” “Amargi putra dalem menika kalih inggih menika Pangeran Gu­ru Gantangan ingkang mijil sa­king Kakang Mbok Tejamantri saha Mundhinglaya inggih yoga kula, menapa boten wonten sa­ enipun ingkang ngupadi Pangeran Gurun Gantangan, putra ingkang langkung sepuh,” ature prameswari Padmawati kanthi menggalih menawa ayahan iki abot lan totoh­ ane nyawa. “Sinuhun,” Pangeran Sunten Jaya unjuk atur. “Iya, kepiye Sunten Jaya,” “Sedaya rak sampun mi­ dha­nget kiyambak bilih Mun­ dhing­laya sampun sagah ngu­ pa­di Salakadomas. Dados Mun­ dhinglaya menika ingkang kedah ngupadi. Turna wekdalipun ke­ dah dipun watesi. Paling dangu setunggal wulan. Menawi ngantos mblendheng, tanggunganipun ing­gih Ibu Padmawati ingkang dipun kunjara utawi dipun dhawahi pidana pejah.” “Lancang pangucapira Sunten Jaya,” Prameswari Padmawati mrik­­­sani Sunten Jaya kanthi pani­ ngalan manther. “Ibu, sampun duka, Ibu,” ature Mun­dhinglaya karo nyungkemi pepadane ingkang ibu. Ibu Pad­ mawati karo kembeng eluh nyekel pun­dhake ingkang putra. “Kula sagah, Ibu. Saderengipun satunggal wulan kula kedah sam­ pun rampung nindakaken ayahan ku­la. Kula nyuwun pangestu pa­ duka, Ibu,“ ature Mundhinglaya ngre­repa. “Iya, dakpengestoni putraku. Muga widada lulus lakunira, bisa

25

an­tuk gawe, tanpa manggih ru­ beda,” “Inggih, Ibu.” “Mundhinglaya.” Sinuhun Prabu Siliwangi manabda. “Dhawuh, Sinuhun,” “Senajan colok lintang-sam­ bung obor, budhala dina iki. Ing­ sun pengestoni.” “Kula nuwun inggih. Pangestu pa­duka ingkang kula suwun, Sinu­

tih Lengser Jiwandana mrepegi Mundinglaya lan sekabate. “Inggih, wonten dhawuh Eyang Patih,” “Saderengipun bidhal ngupadi Layangan Salakadomas kula badhe nggladhi ulah kanuragan dhateng Pangeran Mundhinglaya amargi ka­ thah pancabaya ing margi ingkang ba­dhe dados pepalang,” “Inggih Eyang Patih, kula dherek

hun.” “Ingsun pangestoni, enggal bu­ dhala,” Age-age Mundhinglaya atur sembah, lengser saka pasowanan, mrepegi sekabat lelorone, Sang­ kut karo Toleh. Diajak tata-tata ka­nggo miwiti ngupadi Layangan Sa­lakadomas menyang Mega Malang. “Pangeran Mundhinglaya,” Pa­

karsanipun Eyang Patih,” ature Pangeran Mundhinglaya. Banjur ka­nggo sawetara dina Pangeran Mun­dhinglaya lan para sekabat gla­dhen ulah kanuragan. Kejaba iku Patih Lengser uga maringi ajiaji sing mengkone bisa dienggo nga­dhepi kekuwatan mungsuh ing tengahe marga apadene ing Me­ga Malang.* (Ana candhake)

26

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

G

aji wulan Januari mundur, kabeh pegawe kojur. Iki wus dadi padatan, saben-saben ganti taun mesthi sing jeneng mudhune gaji mundur. Mundure gaji ana ing Januari iki uga kedaden taun kepungkur lan taun kepungkure maneh. Saka saweneh pejabat kandha yen mundure mudhune gaji iki amarga ana owah-owahan data, ana sing wus pensiun amarga umur, mati, ana pegawe anyar sing diangkat lan liyaliyane. Nemahi kahanan sing kaya mang­kono iku, Marno unjal am­ began. Dheweke ngrasakake abot sanggane yen gaji sing dadi siji-sijine sumbering rejeki keluwargane iku durung mudhun. Karepe diiritirit, nanging ati tetep wae njerit. Ngetung kabutuhan saben dinane sing kaya-kaya ora sangsaya sithik, nanging malah suwalike, dheweke unjal ambegan maneh. Gajine sing ditunggu-tunggu wis dipantha-pan­tha kanggo nutup kabutuhane, em­buh kuwi tuku beras, tuku sepatu anake, mbayar arisan, mbayar ang­suran bank sing ora bisa diselaki, lan kabutuhan keluwarga liyane. Yen kabeh wis dibagi-bagi, ora tu­rah, malah kepara kurang. Yen nemahi kahanan sing kaya mangkono iku, Marno mung kukurkukur. Mumet. Kahanan sing kaya mangkono iku, atine gampang kebrongot, mula sisihane milih me­neng, ngalih papan liya. Milih nyingkir kanggo golek cara kareben kahanan ora mawut. Sisihane nga­ lah, nanging ora kalah, mung pe­ ngin uripe kareben ora sangsaya bubrah, nyawang uripe Marno sing kepetung kurang nggenah.

Crita Cekak

Seneng adol rupa, nanging adoh bandha. Ning kabeh rasa mau, mung dibun­tel ana ati. Marno ora maelu kabeh mau. Dheweke rumangsa wus ketrima urip lan kabeh angen-angene ka­ rana wus kasil dadi pegawe. Da­ di pegawe pancen dadi idhamidhamane kawit biyen sawise teta­ un­an tuwuk anggone dadi pegawe ho­norer. Mula sawise kasil dadi pegawe anane mung seneng lan se­neng sing digutuk-gutukake. Sanajan uripe Marno isih pas-pasan malah kepara kecingkrangan, ning saben-saben esuk arep mangkat kerja, dheweke isih rumangsa bisa tetep kluruk sero-sero minangka saweneh pegawe. Sragam dhinas klam­bi putih lan kathok ireng, uta­wa klambi biru dhongker lan kathok biru tuwa, kaya-kaya sing ndadekake atine mongkog lan bom­bong. Ora saben wong bisa nyandhang sra­gam kaya mangkene iki! Mang­ kono iku batine Marno sinambi numpak pit motor metu saka de­ sane kebak rasa mongkog.

Marno anggone lungguh sang­s aya ndegek, kebak esem mrana-mre­ne kanggo wong-wong desa sing diprangguli. Wektu iku lagi panen pari, akeh wong-wong desa sing padha menyang sawah. “Wah! Nembe tindak Mas Guru?” saweneh wong nyapa Marno. Sa­nalika Marno mencet klakson pit motore, ditututi esem sinambi ta­n gane kumlawe tandha uluk sa­lam. No! Marno! Kowe aja rumangsa cukup yen mung antuk pakurmatan sing kaya mangkono iku! Bener nasibmu luwih becik tinimbang wong-wong desa sing padha dadi buruh tani, buruh bangunan utawa nyambut gawe srabutan liyane. Sing mbedakake gaweyanmu disawang alus wong nang kantoran. Ning elinga! Babagan pemetu, kowe ora beda karo wong-wong kuwi, malah kepara luwih cilik. “Ning aku emoh yen kon me­ nyang sawah maneh! Aku iki pe­ gawe!” semaure Marno sajak nesu kanthi swara sora marang swaraswara sing asring dirungu ning ora ngerti saka ngendi asale lan saka sapa sing omong kuwi. Jujur Wae No! Yen kowe ora ge­ lem maneh ambyur nggarap sa­ wah, malah-malah sawahe ditan­ durake liyan lan kowe ora golek ga­weyan liya kanggo tambah-tam­ bah pemetu, uripmu terus wae ke­ cingkrangan! “Wektuku ki wis entek nang kan­tor!” Marno mbantah. Sapa kandha! Swara iku cepet uga anggone mbantah. Kowe ki mung pegawe ren­ dhahan! Kuwi ateges, kowe kudu ubet kareben bisa ngliwet! Anak lan bojomu, ora cukup mung thok

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

pameri sragam dhinesmu iku! Bener kowe ki pegawe, ning sa­ benere pemetumu durung nutup ka­beh kabutuhanmu. Kowe aja ke­seron anggone kluruk nang tang­ga-tangga, nuduhake yen ko­ we kuwi saweneh pegawe! Kuwi mung antuk seneng sakeplasan ka­nggo rasa, ning babar pisan ora kanggo raga! Raga ora mbutuhake kabeh mau, ning mbutuhake upa! Apa kowe betah sateruse mung trima urip pas-pasan sing kaya mangkono iku? Swara-swara iku dirasa sangsaya sora. Krungu saben-saben omongane di­w angsuli, Marno dhadhane mung­gah-mudhun, unjal ambegan lan dimun­tahake sarosa-rosane. Atine wus kebrongot nesu. Kowe apa arep tetep kluruk? Ka­bukten, gaji mundur, kowe ora bisa suwala! Nggresula ngaru-ara tanpa pedhot marang bojomu. Mung emane, yen metu ngomah, polahmu kaya-kaya wus turah ban­ dha! Swara-swara kasebut kaya-

27

“Wah! Nembe tindak Mas Guru?” saweneh wong nyapa Marno kaya ora maelu Marno, terus wae omong sageleme dhewe. Marno wus ora bisa suwala, ka­ ya-kaya ora ana pilihan liya, kejaba

kudu nampa kahanan nyata. Iku abot, ning kudu gelem lan bisa! Mar­no unjal ambegan. Atine nangis nglakoni kahanan uripe.*

Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022

Kababar

ANTOLOGI JAGADING LELEMBUT Djaka Lodang 1991-1994 Mawrat crita saking penulis cacah 51 Kandel buku 200 kaca Regi Rp. 75.000,Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646

28

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

G

ajah jinis kewan alas kang awake gedhe, duwe irung utawa tlale kang dawa, kuping kang gedhe lan gadhing kang dawa. Jaman semana gajah minangka rajane alas sadurunge macan amarga awake kang gedhe lan medeni. Menawa ngamuk apa wae bakal dirusak, ditrajang nganti entek. Wit-witan gedhe bakal ambruk yen disrudug gajah lan dicabut nganggo tlalene sing kuwat. Kewankewan liya bakal sumingkir menawa meruhi utawa ketemu gajah kang lagi ngamuk. Ora preduli kewan cilik apa gedhe bakal ditunjang nganti mati. Amarga kadigdayane kuwi gajah dadi sombong lan seneng pamer menawa dheweke kuwi kewan kang duwe kuwasa lan ora ana kang ngalahake.

Sawijining dina gajah lagi kungkum ana ing kali karo rombongane. Gajah lagi wae mlaku adoh golek pangan amarga wektu semana lagi ketrajang mangsa ketiga. Wit-witan alas akeh kang padha garing ora metu wohe. Godhong-godhong padha garing, banyu tlaga asat ora mili kaya yen mangsa rendheng. Gajah padha kepanasen kena srengenge kang cumlorot saben dinane. Gajah senengane kungkum ana ing lemah lendhut kang ora patiya akeh banyune amarga kena kanggo ngilangi kewan-kewan liya kang tumempel ana ing awake. Ing sandhuwure kali ana alas kang wis garing ora ana wit-witan isine amung lemah garing gung

Wacan Bocah liwang-liwung kaya padhang pasir. Ing kono ana kewan semut kang urip lan gawe omah saka le­m ah kang ditumpuktumpuk dadi gunung kanggo papan ndelik lan panggonan. Semut urip t e n t r e m ayem tanpa ngrasakake ka­h anan lagi mangsa ketiga. Semut kulina urip gotongroyong, bantu biyantu siji lan sijine. Ana pangan di­gawa bebarengan karo liyane lan dipangan bebarengan ing wila­ yahe. Weruh semut padha mlaku irit-iritan anggone golek pangan gajah nuli marani karo takon. Gajah nakoni semut apa ora kesel mlaku adoh golek pangan. Semut jawab menawa wis kulina urip bebarengan karo liyane anggone golek pangan. Gajah kang som­ bong nyinyir menawa dheweke kewan kang paling kuwat ora ana sing nandhingi. Golek pangan mesthi antuk akeh ora kaya semut kewan cilik mesthi entuke uga sithik. Nyebut semut kuwi kewan cilik kang ora ana dayane. Dipidak sikil gajah mesthi padha langsung mati. Disebul bakal langsung kabur adoh tiba mati. Rumangsa diremehake semut dadi kemrangga pengin mbales omongane gajah. Semut pengin mbuktekake omongane gajah. Semut nantang gajah apa bisa mungsuh kabeh semut sing ana alas kuwi. Gajah ngguyu cekakakan krungu panantange semut mau. Gajah banjur siyap-siyap bakal ngladeni semut kang cacahe ora bisa kaetung. Gajah ngangkat sikile terus diblegake lemah sing akeh kewan semut ana ngisore. Semutsemut padha kocar-kacir weruh pangamuke gajah. Jebul tenanan, gajah yen ngamuk gedrug-gedrug lemah bakal goyang lan wit-witan padha kemrosak ora karuwan. Meruhi pangamuke gajah mau ratu

semut nuli mrentahake yen gajah bakal kalah menawa diserang semut mlebu ana kupinge. Tenan, atusan ewon semut banjur mlaku mrembet ana ing awake gajah tumuju kupinge. Semut kasil mlebu kupinge gajah lan wiwit nyokoti njeron kupinge gajah. Gajah wiwit gedabigan mlayu mrono-mrene nabras-nabras witwitan gedhe supaya semut bisa metu saka kupinge. Gajah rumangsa kelaran, geli lan gatel dicokoti semut-semut mau kang cacahe atusan ewon. Weruh gajah ambruk karo nyekeli kupinge semut saya anggone padha nyerang lan nyokoti gajah kuwi. Gajah bengak-bengok njaluk ngapura marang semut. Gajah wis kelaran kupinge lan ora bisa nguwali panyokote semut-semut mau. Gajah rumangsa ngakoni kalah lan tobat Krungu gajah njaluk ngapura semut-semut banjur nglereni anggone padha nyerang lan nyokot. Gajah wis ngremehake kewan cilik semut. Ketoke cilik, nanging menawa dadi siji barengbareng anggone mungsuh gajah mesthi wae bakal kalah kewan mau. Gajah sarombongan nuli njaluk ngapura lan ora bakal nantang semut-semut maneh. Semut ora jumawa amarga bisa ngalahake gajah mau. Kuwi amung kanggo pangajaran supaya kewankewan gedhe aja padha rumangsa menangan. Dumeh awake gedhe ora bakal bisa dikalahake. Kabeh kewan saalas kudu bareng-bareng anggone urip sesrawungan, golek pangan lan kudu ngurmati siji lan sijine. Gajah sarujuk lan wiwit dina kuwi gajah ora sombong maneh. Gajah tansah mbiyantu kewankewan cilik sing butuh pitulungan. Menawa kahanan kali lagi banjir gajah gelem nyabrangake lan munji kewan-kewan cilik liyane ana ing gegere. Kedadeyan iki kena kanggo piwulangan menawa wong gedhe aja sok ngremehake wong cilik, wong sugih ora kena ngina wong mlarat. Kabeh padha ing donya iki, kabeh dicipta dening Gusti Kang Maha Kuwaos. Dadi ora kena ngelek-elek liyan sing ora padha karo awake dhewe. (TRiLIs-Jogja)

Aksara Jawa

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

29

NGATER-ATERI (2)

M

inangka sambungan rubrik kang minggu kapungkur, Agus Wepe edhisi kang saiki uga isih baPametri Kabudayan Jawa kal ngandharake bab ater-ater. Yen minggu kapungkur wis ana ater-ater anuswara kang kanggone minangka peranganing wasesa (predikat) sajroning ukara tanduk (kalimat aktif), mula saiki banjur kasambung bab ater-ater kang dienggo nalika gawe ukara tanggap (kalimat pasif), yaiku kang katelah ater-ater tripurusa. Tembung tripurusa klebu tembung camboran, dumadi saka tembung tri kang ateges ‘wilangan telu’ lan purusa kang ateges ‘manungsa’. Kasebut aterater tripurusa awit ater-ater mau minangka sesulihing purusa kang cacah telu, yaiku utama purusa (orang pertama), madyama purusa (orang kedua), lan pra­ tama purusa (orang ketiga). Sepisan, utama purusa, awujud ater-ater dak- minangka sulihing tembung aku. Anggone nulis nganggo aksara Jawa teka kasambungake wae ana wiwitane tembung lingga kang dadi predikat utawa wasesane. Tuladhane. yen kang nglakokake pagaweyan arupa utama purusa (‘aku’), dene pagaweyane upamane mangan (tembung linggane, pangan), tembunge banjur dadi dak- + pangan = dakpangan. Upama tembung linggane kawiwitan aksara ka kaya ing tembung kanthi, aksara mau ora luluh kalawan ater-atere, nanging tetep katulis arupa pasangan ka. Mula dakketemu kanthi banjur dadi dakkanthi.

Semono uga tumrap madyama purusa, awujud ater-ater kok- minangka sulihing tembung kowe. Anggone ngetrapake iya padha wae. Yen tembung linggane kawiwitan aksara ka, aksara kang wiwitan mau ora luluh kalawan ater-atere, nanging tetep katulis arupa pasangan.

Bab pratama purusa. awujud ater-ater di-, panganggone uga teka ditrapake wae tanpa ngowahowahi tembung linggane.

Kajaba ater-ater tripurusa, isih ana maneh kang lumrah dienggo ana ukara tanggap, yaiku ater-ater ka: Panganggone bisa mawa katrangan bab sapa kang nglakokake pagaweyan mau, kanthi ancer-ancer tembung dening, kaya ing ukara “Kakawin Sutasoma kaanggit dening Empu Tantular.

Bab tembung lingga mawa ater-ater ka-, yen kawiwitan wanda ha, ana kang bisa dicekakake, nanging ana kang luwese tetep katulis wutuh. Tuladha tembung kaanggit kang ana dhuwur mau, luwese katulis wutuh wae, awit yen kacekak dadi kanggit kalebu ora lumrah. Dene tembung kaya kaapit bisa dicekakake dadi kapit, awit pancen kerep diucapake kaya mang­ kono. Nanging yen bingung anggone mbedakake ngendi kang bisa dicekakake lan ngendi kang ora, prayoga ditulis wutuh wae.

Kiva

­­­­­

30

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Macapat

Syawalan ing Mangsa Pandhemi Covid 19 Sinawung Sekar Dhandhanggula Dening: Subagya Sekar iki rinonce mrih manis Amurwani syawalan punika Sagunging para wargane Tan supe muji sokur Awit saking rahmating Gusti Kang paring sih nugraha Mring kawulanipun Kula tuwin panjenengan Para rawuh kakung sumawana putri Lan sutresna sadaya

Ngaturaken sugeng ariyadi Idul Fitri ing tahun punika Masrahken sagung lepate Nyuwun aksamanipun Wiwit lair tandhesing batin Kula lan panjenengan Mangga sami nyuwun Hing ngarsanipun Pangeran Sakeh ngamal ing wulan ramadan yekti Allah paring ijabah

Wruhanana ing pandhemi iki Yeku pandhemi covid sangalas Aywa lali aturane Kang kudu den anut Protokol kesehatan yekti Maskerira tan lepas Yogya kudu wisuh Mesthi eling jaga jarak Rubung rubung yogyanira den tebihi Mugi manggih widada

ayn

Tembang Dolanan

Dhenok Dheblong Tembang/Cakepan: Sastraliwung 1= G, 2 /4,

Wirama Greget

­­­­­

Geguritan Tresno Sukendro

Alasku sing Wis Ilang Ing ngendi alasku sing biyen eyub edhum? Ing ngendi wit kenanga cepaka kang aganda arum? Alasku sing dadi omahe kewan-kewan galak Alasku sing dithukuli wit-witan mrajak Alasku sing dadi pangayomane manuk prenjak Samubarang kukila ana Samubarang kewan walang ataga Urip tentrem sesandhingan tan ana sing munasika Kabeh jalma guyub rukun sepi pamrih mring kinarya Saiyeg saeka praya memangun raharjaning praja Endahing alasku nalika cilikanku Saben esuk ocehing kukila edi endah keprungu Swaraning saut-sautan manuk tuhu Maneka warna woh-wohan bisa dakluru Pang-pang garing padha lugur dakluru Cukup kanggo mangsak wibi Parisuka aneng jiwangga gawe beninge ati Saiki alasku kuwi wis ilang Dadi kampung anyar lan perumahan Dadi pabrik, ruko, mall plaza, lan perkantoran Hawa resik lan seger wis kelangan Angin sumilir wus gumanti polusi keluk kendharaan Dhuh Gusti panjenengan paring pangapura Dhumateng jalma manungsa ingkang angkara murka Surabaya: Madyaning April 2022

Roso Titi Sarkoro

Lumer tanganmu alus lumer tak gegem atiku katrem lumer katrem manjing katresnan rasa asih sumanggem lumer lakune prau lelangen ombak miyak segara jroning asmara

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

P. Wala

Tobat Goreh, gela lan kuciwa iki isih katrem ana ing ati. Mendhunge kandel, peteng, urip durung cetha playune. Apa isih ana kanca mitra sing isih sudi dak sapa. Awak reged, pancen reged , lethek, nggedibal lebune Wurung apa mrucut, cabar ora dadi sing dadi panjangkane. Napaki dalan sing ora cetha puchuke ngliwati pacoban lan pandadaran. Kadereng kaendahan pepinganing urip kang kasat mata. Panjangkane bisa nggawa kamulyan lan piguna. Tundhone semu, adoh saka pangira. Maturnuwun Gusti, dene-a isih ngelingi awak iki. Vonis limang taun dakadhepi, telung windu dakliwati. Bungah-e kanca sing pinaringan remisi. Dak arep-arep kebabare remisi king Gusti. Dhuh Gusti pinaringana kawelasan, pun abdi. Lintang panjer esuk wus sumunar, mbukani anyare ari madhangi bumi. Dak adhepi dak sangga pituwase piala ing warsa adi. Wusanane urip kudu pracaya mring astane Gusti, tinimbalan akarya adi. Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuning Gusti. LP- WB 8:22, napaki taun anyar 2022)

Tatiek Poerwa Kalingga

Sumimpen Jroning Galih Suci Nalika ubaling rasa katlikung kahanan Tan wani kandha nadyan liwat saklimah ukara Setengah abad sumimpen jroning galih suci Amung pasrahku marang Gusti Sumendhe tumeka titiwanci iki Lumantar gurit siningit aku blaka Menawa sejatine pengin dakrengkuh nanging tan kuwawa Ginarising pesthi wis tinulis nyata Tanpa prasapa tandhes cinithak jroning jiwa Sinandhing jroning suksma jati Bakal tinemu nyawiji Ing jagad kelanggengan kang sayekti Larikan gurit kang katon prasaja Siningit jroning anggit kang angel kawaca….. Pertapan Kalingga, 12 Juni 2022

atiku atimu lumer nyawiji manjing ajur ajer mili angler ing gisik bebrayan embuh kapan apa bisa kelakon eman urip mung impen Temanggung, Maret 2022

31

Kiva

32

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

"A

Banyumasan

Bapa Simur Lunga Kaji

SSALAMUALAIKUM, Ma... Mamane. Rika nang ndi?" Damirin celuk-celuk bojone. Dhekne nembe dhog seka alas kebon. Mlebu umah lewat lawang buri langsung nang pedangan. Jrigen isi badheg desog nang pipir pawon. Pawon sing wis ana suluhe banjur desumed nganggo rek bensol, gawe geni nggo masak badheg nggawe gula. Bosa pawone murub, kawah utawa wajan gedhe desog dhuwure, banjur badheg sing nang jrigen desuntek. Boled setundhun sing debedhul nang alas uga desog kono Sitas, bojone durung semaur. "Kiye wong wadon maring ndi jane? Deceluki langka suwarane. Ma, Mamanee...! Rika nang ndi...?!" Egin langka semaure acan. Akhire nyambi masak badheg, kambi nunggu umeb, Damirin mlebu kamar padusan. Let ora suwe, byar byur, swara banyu digebyur. Jan seger pisan, bar nderes terus adus. Maning desa nang ngisor gunung, banyune bening, seger, anyes tur ora mawi tuku. Bar adus, esih jiretan andhuk, Damirin niliki pawon. Badhege nang kawah deudhek nganggo kayu dawa. Suluhe nang pawon detambahi men genine ora mati. Bar kuwe dhekne mlebu senthong, mbukak lemari milih kaos lan kathok sing resik. Sisiran nang ngarep pengilon gedhe sing temempel nang lemari. Damirin balik maning maring pedangan. Kambi ngenteni badhege umeb, dhekne ngonceti boled sing degawa seka alas mau. Lambene kemebul, nglenthar metu kukuse seka rokok linthingan mbako. Lungmayan oleh boled limang mata. Bolede banjur dekumbah resik, dewadahi cething plastik banjur delebokna nang godhogan badheg. Dhekne agep gawe cimplung. "Kiye biyunge bocah si maring endi ya? Kayonge mau esuk ora pamit nek agep ana acara," mbatine Damirin kambi nenggak banyu bening seka kendhi. Meh sejam olehe masak, akhire badhege umeb. Sing maune encer warna putih buthek, siki wis dadi kenthel werna coklat semu abang kaya jenang. Meja amba nang pedangan deresiki nanggo bujur, banjur badhege detitis, decithaki dadi gula jawa. "Lha Bapane wis meh rampungan olehe nitis. Wis adus, seger, wangi maning," ujug-ujug Sitas menthungul seka lawang pedangan. "Jan, Mamane, seka ngendi si? Deceluk-celuk kawit mau langka suwarane, langka wujude. Mau esuk mbok ko ora pamit, ora ngabari menawa agep lunga ana acara. Nyong balik umah ngasi sore, langka wong acan. Nyong toli maras, mbokan ko kenang apa-apa. Apa maning kuwe, ko olehe lunga nganggo klambi apik pisan. Dandan ayu pisan. Maning nang kanakana, akeh wong lanang sing penjorangan. Mbokan

ko deledheki wong lanang liya. Nyong toli maras." "Bapane cemburu yaa...? Mengko dingin. Ora ulih cemburu kaya kuwe sayang. Nyong toli nembe seka nggone juragane rika. Bapa Simur. Ngglidhig rewang-rewang masak." "Lho agep ana apa si nggone juragane?" "Mengko mbengi agep slametan. Warga se-erte deundang. Mbokan ngesuk dhekne kambi sing wadon agep lunga kaji." "Owh iya ya. Jebule wis meh bada kaji ya. Nyong kelalen menawa Bapa Simur agep lunga kaji." "Nah, wis ora cemburu maning mbok? Siki bapane nyore dingin. Rika kencoten mbok? Nyong nggawa berkat kiye. Sega, jangan tempe, jangan mi, jangan kare kentang, gorengan tempe, gorengan bregedel kambi pupu ayam telung iris. Nggo bapane, nggo nyong kambi nggo Siroi." "Hehe.. iya darling. Sepura ya. Kesuwun wis degawakna sega jangan. Nyong lagi kencot banget giyeh. Jan ko pancen wong wadon paling ayu." *** "Para rawuh, sedherek sedayane, kesuwun uwis padha kersa teka maring gubuge kula. Kula nyuwun pandongane rika padha. Insyaalloh minggu ngarep kula lan biyunge bocah agep lunga kaji, rawuh maring griyane Gusti Allah," ujare Bapa Simur. Umahe Bapa Simur kebek wong mbengi kuwe. Wong seRT deundang acara slametan. Kayonge jan bombong pisan wonge. Acara slametan dewacaknya tahlil lan donga depimpin Kyai Rohman. Rampung ndongani, Kyai Rohman banjur ngendika menawa ngibadah kaji kuwe ngibadah sing agung lan mulya. Ora kabeh wong muslim bisa lunga kaji. Panggonane adoh, ragade akeh, dadi ora kabeh wong diparingi kesempatan saking Ngesa Dalem Alloh Subhanahuwatangala nglakoni ngibadah kaji. "Ana sing nabung turut sithik akhire bisa lunga kaji. Ana sing dhuwite akeh, ningen kretege ati durung mantep. Nah, Bapa Simur taun kiye deparingi anugrah saking Gusti Alloh, anugerah niat lan ragad dadi bisa lunga kaji. Kita sedaya ndongakna, mogamoga Bapa lan Biyung Simur bisa lunga kaji kanthi slamet tekan Baitulloh, lan uga bisa balik maring ngeneh kanti slamet lan dadi kaji mabrur. Nyong uga njaluk maring Bapa lan Biyung Simur, angger wis tekan Mekah, warga nang RT kene ya didongakna slamet lan bisa nyusul ngemben olehe lunga kaji." "Aamiinn...." para jemangah sing nang kono ndonga bareng. Nang ati, Damirin uga krenteg ndonga nyuwun maring Gusti Alloh supaya bisa lunga kaji ngemben kapan wektune. (Dul Komed van Braling)

T

Oh Lelakon

ukijo (jeneng sing­lon) bocah de­sa kang nyoba urip ana ing kutha Ja­ karta. Dheweke lu­ lusan SMKN ing Nga­ yogyakarta taun 1989. Tukijo duwe kapinteran nglukis lan gawe maneka warna jinis spandhuk, baliho, umbul-umbul, neon box lan sapanunggalane ing donya reklame. Tukijo bocahe lugu lan lagi pisan iki ngambah kutha Jakarta kang kawentar dadi ibukotane negara Indonesia. Dheweke menyang Ja­ karta numpak sepur ekonomi saka sta­siun Lempuyangan kang mu­­rah rega tikete. Tukijo pamit karo bapak mbok­ne ing desa njaluk pa­ nges­tu pengin nyambut gawe ing Jakarta karana ben uripe lu­wih apik. Bapak mbokne mangestoni lan weling ma­rang Tukijo menawa wis te­kan Jakarta nga­bari lan menehi alamat kang cetha kanggo kulawarga ing Nga­yogyakarta. Tukijo te­ kan stasiun Lempuyangan wa­ tara jam papat sore diterake kamase numpak pit motor. Ing stasiun Lempuyangan penumpang kang padha nunggu sepur wis akeh. Tu­kijo pamitan karo kamase lan langsung nuju lawang mlebu stasiun utawa peron. Tukijo paitan nekat ang­ gone mangkat Jakarta kanthi sangu ka­pinterane ing sekolahe. Ing njero tas isine klambi salin lan surat-surat kang diperlokake kanggo nglamar gaweyan ing kutha Jakarta. Jam lima persis sepur mangkat ninggalake kutha Ngayogyakarta nu­ju Jakarta. Gerbong sepur katon long­gar lan kursine bisa kanggo teturon pe­numpange. Jam lima esuk sepur wis mlebu kutha Jakarta kanthi slamet ora ana alangan apa-apa. Mudhun stasiun Pasar Senen Tukijo dipethukake Dalijo kancane sekolah biyen sing wis nyambut gawe ana ing Jakarta. Ketemu kancane, Tukijo rangkulan katon seneng banget wis tekan kutha sing dadi impenimpenane. Dalijo terus ngajak Tukijo nuju kos-kosane sing jarake ora patiya adoh saka stasiun. Cekake Tukijo banjur antuk gaweyan kang disenengi lan ing kono dheweke antuk kapercayan

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

wis kaya bucin ali­as budak cinta. Tu­k ijo uga wis pasrah kunci omah lan percaya marang Tumini. Tukijo njupuk pe­ru­mahan ing dhaerah Bintaro. Ra­ ketang omah ukuran 36 nanging cu­kup yen mbesuk kanggo omahomah. Tukijo ora duwe cubriya marang Tumini. Apa-apa wis dipasrahake dhe­weke, saka kunci omah, motor lan kertu ATMe. Saking tres­nane apa sing dadi panjaluke Tu­mini dituruti. Persasat pen­dhak dina saba toko gedhe tuku pakaian lan liya-liyane. Pit motor dianggo kulawargane Tumini, Tukijo uga wis per­c aya lan apa kabutuhane kula­w argane Tumini uga diberesi. Ora nyangka jebul ing bu­ ri Tumini duwe pacar liya. Tumini macari Tukijo amung pengin moroti bandane ka­ ng­go seneng-seneng dhewe lan kulawargane. Tukijo antuk kabar menawa Tumini slingkuh saka kanca nyambut gawene kang meruhi Tumini mlaku ka­ro wong lanang liya. Ora te­rus percaya nanging Tukijo pengin mbuktekake kabar ku­ wi. Tenanan, sawijining dina Tukijo muni pamit arep bali desa dhe­weke pasrah omah lan liya-liyane. Nanging Tukijo ndhelik ing omahe kancane lan pengin weruh dhe­we yen Tumini wis slingkuh ing burine. Jebul tenan, Tumini kang dipa­srahi omahe laku slingkuh karo wong lanang ing omahe. Dhuwite ing ATM dientek-entekake karo wong lanang kuwi. Pit motore Tukijo uga digadhe lan surat omah dicekelake rentenir kanggo kabutuhan kula­ wargane Tumini lan dheweke. Tukijo me­ruhi ngono terus njaluk bubaran anggone hubungan. Tukijo wis kapusan jaba jero, omah lan isine wis diporoti karo kulawargane Tumini. Dhasare wong lanang lugu, Tu­ kijo nggetuni apa sing wis keda­ deyan kuwi. Dheweke saiki wis ka­ pok hubungan karo wong wadon. Nganti seprene dheweke wegah du­ we bojo kamangka umure wis seket munggah. Pengin urip dhewe tanpa bojo ujare. [Trek-Godean]

Kapusan Njaba Njero saka bos e nggarap gaweyan proyek gedhe. Ana ing kantore Tukijo di­ senengi kanca-kanca amarga wonge lugu lan semanak. Kancane ora mbe­dak-mbedakake kuwi wong anyar apa lawas. Yen luwih pinter ora kena sombong lan kudu gelem mba­gi ilmune. Tukijo dipercaya bos e amarga sipate kuwi.

Bayare Tukijo saya suwe saya gedhe lan bisa ngirimi bapak mbokne sing ana desa. Bapak mbokne bungah antuk kiriman dhuwit saka anake. Bapak mbokne ngaturake panuwun marang Gusti kang wis murbeng dumadi. Tukijo ing Jakarta duwe kenalan cah wadon kang asli saka kutha Jakarta. Tukijo lagi pisan iki duwe kenalan cah wadon lan pengin dadi pacare. Tumini (jeneng singlon) bocah wadon kuwi pawakane ayu lan bangkekane nawon kemit. Dadi Tukijo kesengsem kenal Tumini kuwi lan ngomong marang dheweke yen duwe rasa seneng marang Tumini. Tumini ora nulak lan uga ngomong menawa dheweke uga duwe rasa tresna marang Tukijo. Tukijo seneng banget rasa tresnane ora ditulak. Dina-dina mangkat mulih nyam­ but gawe Tukijo diterke Tumini. Pit motore Tukijo di­pa­srahake Tumini ka­ng­go sarana pa­di­nane. Tukijo

33

34

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pengalamanku dimaem, rasah kurang trima, mengko dak ora berkah. Sutarsih, S.Pd



E

Gara-gara Nggoreng Endhog...

K

edadeyan iki tak alami nalika aku isih sekolah ana ing SD kelas 3. Keluwargaku jumlahe 6 yaiku: bapak, ibuk, mbah putri, mbakyuku 1, lan adhiku uga 1. Bapak lan ibuku kerja bebakulan ing pasar. Mula kawit esuk bar subuh, bapak lan ibuku wis padha tindak pasar, kondur langsung bukak warung kang ana ing pinggir desa. Anggone kondur ing ngomah menawa kurang luwih tabuh 20.00. Mula, mbakyuku, aku, lan adhiku menawa wis turu, sok ora ketemu ibu bapakku. Aku, adhiku, lan mbakyuku sik ngurusi mbah putri. Ana ing salah sijine dina (aku lali dinane) aku mulih sekolah, kaya biasane aku nyuwun maem mbah putri. Nanging aku kepengin endog ceplok. Padahal simbah mung goreng tempe garit. Simbahku ora kersa nggorengake. Aku kepengin goreng dhewe. Kompor minyak dakuripake, terus wajan dakangkringake, dakwenehi minyak, terus dakgoreng. Sawise mateng dakangkat. Sarehne selak ngelih, kompore ora dakcilikake dhisik langsung dakdamu sarosane. Eeee...alah, genine ora mati malah mbulat munggah kena raiku, untung ora kobong. Nanging, rambutku sing kobong, aku bingung, enggal-enggal dakuyeg. Alhamdulillah terus mati, nanging rambutku sing ngarep-ngarep kobong. Aku banjur ngilo arep delok kahanan rambutku kuwi mau. Eee...la dhalah, sithipku entek, alisku ya entek. Ya allah, aku nangis, aku dadi rasida maem, lan isin metu ngomah. Dina candhake, aku ora mlebu sekolah. Nyuwun pangapunten Mbah putri, uwong kuwi menawa dimangsakake, luwih becik apa anane

Dadi Repot

suk kuwi aku mangkat ngantor mruput, jalaran ana pagaweyan tambahan sadurunge jam kantor, tekan papan pegaweyan aku dhisik dhewe, mulane motorku dakparkir ing pojokan. Bareng kabeh wis siyaga aku terus wae nandangi jejibahan, nganti lali kunci kontak durung dakcabut isih cemanthel ing motor. Bu Ida kanca kantor teka saburiku, pirsa kunci kontak mau banjur dicabut lan diamanake ing papan kang kanggo ngaca ing kantor, pamrihe mengko yen aku ngaca ngerti kunci motor mau. Tekan bubar kantor aku durung kelingan bab kunci mau, mula nalika arep mangan, aku nggoleki kunci motor arep njupuk buntelan sega jangan ing ngisor jok motor. Dina kuwi aku kudu lembur gaweyan, mula bojoku banjur nggawani buntelan mangan awan, ning kojur aku ora bisa njupuk, jalaran kunci motor ora ketemu. Arep menyang warung mangan adoh papane, motor ora bisa ditumpaki, aku banjur telpun anak supaya ngeteri kunci serep lan sega rames, nalika anakku teka aku lagi bisa mangan awan lan banjur nutugake pagaweyan kantor. Para maos kuwi pengalamanku kang dakanggep lucu jalaran kurang komunikasi, banjur dadi repot, nuwun. Agus Suprapto, SDN1 Pacor, Kutoarjo, Purworejo

Napak Tilas

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

35

Petilasan Kraton Pajang ing Dukuh Pesanggrahan, Kelurahan Makam Haji, Kartasura, Sukoharjo. Inzet: Pangeran Benawa putra Sultan Hadiwijaya. (repro)

Diserbu Prajurit Gabungan

S

awise Sultan Hadiwijaya se­ da, Kraton Pajang tanpa pa­ nguwasa. Sing jenenge kutha tanpa paprintahan, kahanan bisa ho­reg. Bakal ana kedadeyan rebutan panguwasa ing wilayah Pajang. Nger­ti yen ing Kraton Pajang ora du­we panguwasa, Sunan Kudus ban­jur ngangkat raja nyulihi Sultan Ha­diwijaya. Sunan Kudus ngangkat putra mantune sing maune dadi adipati ing Demak yaiku Pangeran Pangiri dadi raja ing Kraton Pajang. Sawise ngangkat Pangeran Pangiri, Sunan Kudus banjur ngangkat Pa­ ngeran Benawa yaiku putra kan­ dhunge Sultan Hadiwijaya dadi pa­ nguwasa ing wilayah Jipang. Pangeran Benawa ora dadi re­ naning penggalih lan rumangsa kuciwa amarga katetepane Sunan Kudus iku. Rakyat ing Pajang uga ora trima yen sing jumeneng na­ta Pangeran Pangiri dudu putra kan­ dhunge Sultan Hadiwijaya. Kahanan ma­sarakat ing Pajang saya suwe ilang rasa tentreme, gumanti rasa susah. “Menawi ngaten punika, kawon­ tenan ing Pajang boten badhe tentrem.

Ingkang dipun suwun masarakat, ing­gih punika panjenengan ingkang ju­meneng nata, liripun ingkang nye­peng Kraton Pajang, sanes Pa­ ngeran Pangiri saking Demak. Ke­ jawi punika Pangeran Pangiri bo­ ten migatosaken kawontenan ma­ sarakat. Piyambakipun anengen­ aken usaha kados pundi saged ne­lukaken Mataram. Pramila ki­ prah­ipun Pangeran Pangiri boten da­mel tentreming masarakat mriki,” mang­kono pratelane salah sijining rakyat ngu­da rasa ing sangarepe Pangeran Be­nawa. Pangeran Benawa mendel, nata penggalih, sawise nam­pa pratelane salah sijining rak­yat iku. Yen kahanan ngene iki ora gage didandani, akeh rak­yat Pa­jang bakal lunga tumuju papan liya golek panguripan. Ma­ka­pingkaping Pangeran Benawa unjal na­ pas. Ora tega mriksani kahanan sing mangkono kuwi. Pangeran Benawa atur pangan­dikan, “Wis leremna atimu. Mengko ba­kal nemu dalan kang luwih becik ka­nggo mrantasi kahanan ing ke­ne.” “Supados manah kula lan ugi sa­daya rakyat Pajang saged lerem, sa­geda panjenengan nyuwun pitu­ lungan ing Mataram. Mugi saged andadosaken padhanging manah rakyat ing mriki,” mangkono panam­ bahe. Pangeran Benawa banjur nga­

nakake sesambungan karo Senapati Ma­taram. Pangeran Benawa luwih seneng lan rila menawa Senopati wae sing jumeneng nata ing Kraton Pa­jang nyulihi Sultan Hadiwijaya, amar­ga Senapati Mataram pri­yantune tegas lan prakosa, ora gigrig ngadhepi sapa wae sing tumindak nyempal. Senapati Mataram nyarujuki pa­ nyuwunane Pangeran Benawa. Ka­ tentremaning rakyat kudu luwih utama. Tanpa rakyat, ora bakal ana kraton. Ana sing mrintah kudu ana sing diprintah. Supaya ora ana gon­ jang-ganjinging ing Pajang, Mataram duwe pangarep-arep supaya Kra­ton Pajang tetep jejeg. Senapati Ma­ taram banjur ngumpulake prajurit Ma­taram lan Pangeran Benawa uga ngumpulake prajurit Jipang. Sa­wise prajurit Mataram nggabung karo prajurit Jipang, bebarengan nyer­ bu Kraton Pajang. Kraton Pa­jang kaget ana penyerbuan prajurit ga­ bungan. Prajurit sing ana ing kra­ ton ora kuwawa ngadhepi prajurit ga­bungan iku. Kraton Pajang ka­ lah. Pangeran Pangiri nyerah ka­ lah marang serangan prajurit ga­ bungan. Pangeran Pangiri dijabel ka­lenggahane dadi raja, banjur di­ balekake dadi Adipati Demak ma­ neh. Pangeran Benawa dadi pa­ ngu­wasa ing Pajang lan Jipang, uga ngakoni marang paprintahan Senapati Mataram. [Lis HS]

36

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Liputan

Festival Dhalang Bocah lan Rumaja Kota Yogyakarta dhalang rumaja kang duwe KIA/ KTP ko­ta Yogyakarta banjur kanggo pa­sarta dhalang bocah paugerane para dhalang bocah sing isih umur wolung taun tekan limolas taun, sawetara kanggo dhalang tingkat rumaja sing isih umur nembelas taun tekan rongpuluh taun. Kepala Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta Yetti Martanti S.Sos, MM. ana ing ruwang kerjane paring katerangan menawa Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja se-kota Yogyakarta iki kanthi tujuan yakuwi regenerasi seniman pedhalangan kanggo me­n ehi motivasi, nggugah (membangkitkan) kreatifitas sar­

P

Salah sijining dhalang bocah lagi tampil. (Foto: Bari/DL)

emerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Kebudayaan Kota (Kundha Kabudayan), ngadani kegiatan arupa Festival Dhalang Bocah lan Rumaja tingkat kota Yogyakarta Festival iki kaadani suwene rong dina dileksanakake rikala tanggal 6 tekan tanggal 7Juni 2022 kepungkur, mapan ing jeron Dalem Ngabean (Jl. Ngadisuryan No. 6 Patehan, Kraton Yogyakarta). Taun iki kuota kang sumadya ka­nggo pasarta ana sepuluh ka­ nggo dhalang bocah lan sepuluh ka­nggo dhalang rumaja sing bisa me­lu Festival Dhalang Bocah lan Rumaja iki, kanthi paugeran

Para Juri Pambiji Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja. (Foto: Bari/DL)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pangaji-aji kanggo para Juwara Festival. (Foto: Bari/DL) ta bisaa Festival iki nuwuhake ka­ tresnan para mudha marang seni pendhalangan awit wayang kuwi ya klebu budaya kang ngandhut filosofi kang luhur, pratelane. Piyambake nambahake pang­ ajab bisaa kegiyatan arupa Festival kaya ngene iki bi­sa tetep kaadani ing ta­untaun candhake. Ana ing taun iki Fes­tival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja diadani isih nganggo prosedur aturan “Da­ lam Rangka Pence­ gahan Covid-19” tam­bahe. Kejuwaran Festi­ val Dhalang Bocah lan Rumaja iki kapilih 5 pa­sarta pemenang, Ya kuwi Juwara I- II - III - IV lan V para ju­w ara iki bakal nam­­pa pangaji-aji arupa piagam peng­ har­gaan lan arupa dhuwit pem­binaan kanthi pem­bagian, juwara I pikantuk 5000.000, Juwara II 4.500.000, Juwara III 4000.000, Ju­wara IV 3.500.000, Juwara

V 3. 000.000,- . Sabanjure sing kasil pikantuk Juwara I bakal makili Kota Yogyakarta ana ing Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja ing tingkat DI. Yogyakarta (Provinsi). Nalika Djaka Lodang pepa­ng­

37

gihan karo salah sijine juri pam­ biji, Faizal Noor Singgih, S.T.P pa­ring keterangan, “Mbokbilih awit kawontenan ingkang sarwasarwi menika pasarta ing Festival Dhalang Bocah lan Rumaja ing taun menika kepetang menurun.” Sabanjure Faizal Noor Singgih paring atur tambahan menawa pa­ sarta Festival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja, sing rumaja ana pasarta cacah loro, banjur pasarta Dhalang bocah ana limang pasarta, ature marang DL. Sabanjure piyambake ngen­ dikakake para juri pambiji ing Fes­ tival Dhalang Bocah lan Dhalang Rumaja iki kabeh saka PEPADI (Per­ satuan Pedhalangan Indonesia) Yog­yakarta, juri pambiji kanggo di­na sepisan rikala tanggal 6 Ju­ni 2022, kepungkur yakuwi; 1. KRT. Probo Prayitno, 2. Fani Rickyan­ syah,S.Sn. 3. Bayu Aji Nugroho,S. Sn. Banjur ing dina candhake tang­ gal 7 Juni 2022 para juri pambiji yakuwi: 1. Giyatno Cermogundholo, 2. Gunawan,S.Sn. 3. Faizal Noor Sing­gih,S.T.P [Bari/DL]

Salah sijine pasarta rumaja sing lagi tampil. (Foto: Bari/DL)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

38

Tradhisi

Ngalab Berkah Ana Ing Pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo

Pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo dalah Rama lan ibune (Foto: Ist. Ay)

P

asareyan Wotgaleh kang mapan ana ing saburine Masjid Sultoni iki, alamate ing Jln. Raya Berbah RT 05,RW 38 Padhukuhan Maredan, Kalurahan Sendangtirto,Kapanewon Berbah, Kabupaten Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene kang sumare ana kana, yaiku KanjengPangeran Purboyo lair saka garwa selir Niken Purwosari utawa Roro Lembayung kang uga sinebut Ratu Giring. Pangeran Purbaya ya Kanjeng Panembahan Purboyo asmane uwis kawentar tumeka njaban rangkah. Krana duweni kasekten kang ngedhap edhapi, pilih tandhing. Amarga wiwit isih mudha tumaruna uwis seneng lelaku prihatin lan olah kanuragan marang eyange dhewe Ki Ageng Giring. Mula ora mokal, yen saben dina: Malem Senin Kliwon, Malem Selasa Kliwon, Malem Jemuwah Kliwon, Malem Jemuwah Paing lan Malem siji Sura akeh tamu ngalab berkah. Nanging yen Malem Senen Kliwon yaiku minangka surute Kanjeng Pangeran Purboyo. Miturut pangandikane MB. SRS. Muhammad Asrori abdi dalem

kraton kang pinercaya minangka Ketua Jurukunci Pasareyan Wotgaleh ngandharake, menawa Kanjeng Pangeran Purboyo rikala isih timur pinaringan asma Raden J o k o

MB.SRS. Muhammad Asrori Ketua abdi dalem pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo Wotgaleh(Foto: Ist. Ay)

Umbaran. Kanyata sawise mudha tumaruna duwe kaluwihan samu barange nganti tumeka surute yuswa. Swasana sakiwa tengene pasareyan lan Masjid Sultoni katon endah, regeng, asri krana sumunaring lampu saka Masjid kang madhangi plataran sing kebak kendharaan mobil, pit onthel lan motor. Semono uga ana sangisor wit ringin akeh pawongan padha lenggahan sinambi ngenteni acara bengi kuwi diwiwiti. Ewasemono ana kang lungguh ing pendhapa. Nanging saperangan ana sing wis mlebu ing jero komplek pasareyan Menawa awan lungguh sangisore ringin rasane eyup, sumiliring angin kaya nglela-lela dadi ngantuke* Nalika DL teka kana ngepasi dina malem Jemuwah Kliwon ana seperangkat tamu kang duwe atur penyuwunan marang Gusti Ingkang Akarya Jagad lantaran sawabe Kanjeng Pangeran Purboyo. Dene wujud kendurenan sawise didongani tumuli kanggo kembul bujana klawan para tamu liyane sing ngersakake. Sakehing tamu kang teka maneka warna. Nanging uga ora sethithik pegawe kang atur panuwun merga wis kasembadan munggah pangkat, wong sing ketampa nyambut gawe lan lancar anggone usaha, sing cetha merga kabul pangajabe Rikala Djaka Lodang nyambangi ana Wotgaleh kapener lagi ana sing atur panuwun marang Gusti Ingkang Murba Jagad supaya pangajabe klakon. Ing sarean iki, sadurunge kenduren diacarani dening juru kunci kang nglarapake tumuli diwacakake atur panyuwun lan ujube para tamu kang marak sowan ing sangarepe pasareyan kanthi donga lan ngaji bebarengan kang dipandhegani dening para ulama Swasana wening nalika padha memuji Gusti dibarengi swara tumetesing banyu udan grimis kang tumiba nelesi lemah sarean

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

nambahi khusuk lan sangsaya manther anggone ndedonga. Udakara sajaman, acara pujiyan wis rampung, para peziarah kembul dhahar ngrahapi dhaharan kang uwis dicawisake. Para tamu gilir gumanti lunga teka. Ana sing isih lungguhan lan tirakatan tekan esuk, malah uga ana kang terus mulih. Dene para jurukunci giliran anggone ngayahi jejibahan njaga sareyan kang dikeramatake dening para spiritualis. Amarga ana daya magis (linuwih) kasektene Kanjeng Pangeran Purboyo.

Abdi dalem MB.SRS. Haryanto ana sangarepe regol pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo(Foto: Ist. Ay) Kanjeng Pangeran Purboyo iki, minangka putrane raja Mataram Islam kang sepisanan. Pasareyan peninggalan jaman Mataram uga dipercaya dening para penerbang, ana wewalere lan bakal nemoni cilaka yen nganti mabur sandhuwuring Wotgaleh Kanjeng Pangeran Purboyo wiwit nom seneng lelaku. Kerep nglakoni semedi sarta mengumbara, mula ora mokal duwe kasekten sing linuwih. Temahan pinercaya minangka Panglima kang bisa ngayomi Kraton Mataram Ing regol kanggo mlebu pasareyan Wotgaleh ana pusakapusaka sarta gambar Pangeran Purboyo lan Kanjeng Panembahan Senopati. Ing pasareyan iki, kang sumare ora mung mligi Kanjeng Pangeran Purboyo.

39

Nanging uga pasareyane Ratu Giring g a r w a n e Kanjeng Pange­ ran Purboyo lan Ki Wirosobo uga minangka kerabat kra­ ton. Kanjeng Pa­ nge­ran Purboyo garwane ibu Ratu Giring, Ki Wirosobo lan krabate. Wotgaleh yaiku salah sa­ wijine pasare­ Para abdi dalem pasareyan Kanjeng Panembahan Purboyo foto bebarengan ana penjagaan juru kunci yan kang di­ (Foto: Ist. Ay) sakral­ake. Ana keda­ deyan kang wis makam Wotgaleh. Uga akeh kelakon merga ora ngerti yen ana kedadeyan liyane. Marga ora ngerti sareyan sing disakralake secara yen ana wewalere tanpa tinulis m i t o s . Hananging dumadakan ana prahara kang sarwa aneh anehi. Pratelane Bapa Asrori. Ketua Abdi Dalem kang rumeksa pasareyane Kanjeng Panembahan Purboyo sadurunge mungkasi pangandikane, uga ngandharake menawa para abdi dalem kang tinanggenah ngreksa pasareyan putra krajan mataram kang sekti mahambara iki, cacahe ana sanga, antarane: MB Surakso Sriwidarto, MB Surakso Zainudin, MB Surakso Hariyanto, MB Surakso Joko Taufik, MB Surakso Slamet, MB Surakso Para abdi dalem foto bebarengan Walidi, MB Surakso M.J Muh ana sangarepe regol juru kunci Sawal, M.J Muh Aan Prawoto pasareyan Kanjeng Panembahan sarta M.B Muhammad Asrori kang Purboyo mandhegani wolung abdi dalem. (Foto: Ist. Ay) Pungkas pangandikane Ketua Jurukunci Pasareyan Wotgaleh klawan Djaka Lodang. dipercaya dening sake­ Ay/DL hing­ wong. Kaya­ de­n e tanggal 20 Desember 2015 pesawat TNI T50i Golden Eagle tiba nalika lagi akrobat ing awangawang. Tanggal 29 Desember 2011, pesawat latih jenis Gilder 611 uga tiba ing sacedhake papan pasareyan. Swasana wengi ing malem Jemuwah Kabeh mau miturut Kliwon ana plataran sangarepe kapercayan mitos masjid Sulthoni Wotgaleh merga ngliwati (Foto: Ist. Ay)

40

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Kraton

Museum Sultan Hamengku Buwono IX

(2)

Bapak Pramuka Indonesia

K

anggo mengeti sawijining to­ koh misuwur, Museum Sul­ tan Hamengku Buwono IX ora mung papan kanggo nyimpen barang-barang ma­ti, ananging kauripake wu­­jud pameran. Ba­rangbarang kasebut di­pa­mer­ ake kalendhesi urut­an kedadeyan utawa seja­ rah. Ditambah la­bel wu­­ jud katrangan-ka­trang­ an satemah mu­judake crita sing nga­gungake sa­wijining tokoh sing patut dituladhani. Apa maneh wewangunan mu­­­­­seum kasebut wujud ar­­si­tektur Jawa kanthi ma­ ne­k a ukiran khas kraton mra­­­tandhani sansaya gedhe wi­­bawane sosok Agung Sultan Ha­ mengku Buwono IX. Ing museum kasebut bisa kita priksani bebarengan ing sisih kulon lor seperangkat meja kerja tilarane Sultan Hamengku Buwono IX. Meja kerja iki biyene diagem nyerat sing gegayutan karo ngasta minangka Gubernur lan Raja Kraton. Meja iki isih wujud asli ora ana owah-owah­ an. Amarga Sultan Hamengku Bu­wono IX priyantun kang setiti migunakake perangkat kuwi, mula nganti seprene isih wutuh lan peng­kuh. Nalika nglenggahi jabatan Menteri Pertahanan lan Keamanan taun 1949, uga migunakake meja ka­sebut, sing kebak ngandhut nilai sejarah. Kejaba kuwi satengahing mu­ seum ana seperangkat meja lan kur­si sing dikupengi tali supaya pa­ ra wisatawan ora ngrusak barangba­rang kasebut. Meja kursi kuwi bi­yene diagem Sultan Hamengku Bu­wono IX lan Letkol Soeharto nali­ ka ngrancang ngatur strategi arep diadani Serangan Umum 1 Ma­ret 1949. Kejaba kuwi, meja lan kursi kasebut nate kagem manggihi ta­ mu-tamu liyane ing zaman perju­

Sultan Hamengku Buwono IX katetepake dadi Bapak Pramuka Indonesia. (Foto: Herry) angan. Ing sisih kiwa museum ka­ sebut kapampang marmer cacah te­lu kang gedhe isine tumrap kita ka­beh. Marmer sisih lor wujud ‘Pia­ gam Penetapan’, sisih tengah wu­ jud ‘Amanat Seripaduka Ingkang Si­nuwun Kangdjeng Sultan Jogja­ karta’, sisih tengen ‘Cuplikan Ama­ nat Penobatan HB IX 18 Maret 1940’. Ing kono uga kapampang peng­ hargaan gelar Pahlawan Nasional na­lika tanggal 30 Juli 1990 saka Pr­e­­siden rikala kuwi Presiden Soe­ harto amarga jasa-jasane Sultan Ha­­mengku Buwono IX kang gedhe tumrap kemerdekaan Indonesia. Bab iki katulis ing Petikan, Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomor: 053/TK/Tahun 1990, tentang Pe­nga­ nugerahan Gelar Pahlawan Nasio­ nal, Memutuskan, Menetapkan; Me­­ nga­nugerahkan Gelar ‘Pahlawan Na­ sional’ kepada almarhum Sri Sultan Hamengku Buwono IX, man­tan Gu­

bernur Kepala Daerah Is­ti­mewa Yog­ yakarta (1945-1988)/mantan Wa­kil Presiden RI (1973-1978). Se­bagai penghargaan atas jasa-jasanya yang sangat luar biasa dan tindak kepahlawanannya dalam perjuangan melawan penjajah Pemerintah Ko­ lo­nial Belanda dan Pe­ merintah Pendudukan Jepang pada umumnya dan dalam perjuangan mempertahankan dan mengisi kemerdekaan pada khususnya, sehing­ ga tindak kepahlawanan yang demikian itu dapat dijadikan teladan bagi se­ tiap Warga Negara Indone­ sia. Petikan keputusan ini di­ sampaikan kepada ahli waris yang bersangkutan untuk di­ pergunakan sebagaimana mestinya. Petikan iki katetepake ing Jakarta tanggal 30 Juli 1990 lan ditanda tangani dening Presiden Republik Indonesia, tertanda Soeharto. Kejaba kuwi, ing museum uga di­jlentrehake babagan Sultan Ha­ mengku Buwono IX sing aktif ing kepramukaan. Hari pramuka di­ pengeti saben tanggal 14 Agustus yaiku Hari Pramuka Indonesia. Pra­ muka utawa Praja Muda Karana sawijining organisasi kepanduan sing wis misuwur ora mung ing Ne­ gara Indonesia ananging uga ing negara manca. Rikala isih remaja, Sultan Hamengku Buwono IX wis aktif ing gerakan kepanduan yaiku wiwit saka Sekolah Dasar nganti bangku kuliah. Sultan Hamengku Buwono IX uga aktif nyebarake se­mangat kepanduan ing masa perjuangan. Amarga kiprahe ka­ se­but Sultan Hamengku Buwono IX dinobatake dadi Pandu Agung (Pemimpin Kepanduan) taun 1960. Sultan Hamengku Buwono IX salah sijining anggota Panitia Pem­bentukan Gerakan Pramuka sing kabentuk tanggal 9 Maret

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

41

1961. Bebarengan ditetapake Ha­ ri Pramuka tanggal 14 Agustus 1961, Sultan Hamengku Buwono IX kalantik dadi Ketua Kwartir Nasional (Kwarnas) uga karo nglenggahi Wakil Ketua 1 Majelis Pimpinan Nasional (Mapinas). Nganti patang periode nglenggahi Ketua Kwarnas yaiku periode 1961-1963, 1963-1967, 1967-1970 lan 1970-1974) suwene 13 taun. Gerakan Pramuka Indonesia nu­wuhake gagasan-gagasan kang migunani sing pungkasane pina­ ringan penghargaan ing tingkat na­sional lan internasional. Sultan Hamengku Buwono IX uga kasil sing nggagas gegayutan karo nilai ‘ke­panduan’ dadi ‘kepramukaan’ le­w at Renewing of Scouting.

Seperangkat meja kursi, biyene diagem Sultan HB IX lan Letkol Soeharto nalika ngrancang strategi Serangan Umum 1 Maret 1949. (Foto: Herry)

Meja kerja tilarane Sultan Hamengku Buwono IX isih wutuh nganti seprene. (Foto: Herry)

Marmer cacah telu katulis Piagam Penetapan, Amanat Seripaduka Ingkang Sinuwun Kangdjeng Sultan Jogjakarta lan Cuplikan Amanat Penobatan Sultan HB IX. (Foto: Herry) Gagasan iki nandhesake bab pa­ nyeng­kuyunge Gerakan Pramuka ing pembangunan masarakat. Te­ robosan kang luhur iki pranyata entuk tanggapan positif saka ka­ langan internasional. Ing taun 1973 Sultan hamengku Buwono IX pikantuk anugerah penghargaan paling dhuwur saka World Organi­ zation of Scout Movement (WOSM) kasebut Bronze Wolf Award. Saka segudhang prestasi kasebut taun 1988 liwat Surat Keputusan nomer 10/MUNAS/88 bab Bapak Pramuka, Sultan Hamengku Buwono IX ka­ tetepake dadi Bapak Pramuka Indonesia ing Musyawarah Nasional Gerakan Pramuka ing Dili, Timortimur. (Herry SG)

42

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Sanja Desa

Sigit Tri Suhartoyo Guyub Rukun Gumregah Mbangun Selomartani

N

indakake ngibadah iku wajib lan Sholat Tahajud, Sholat Hajad sarta sungkem ana pepadane marang ibu kang nglairake ana ing donya. Te­mahan bisa duwe ka­ bisan, kepinteran maha­ nani bisa ngupiya pa­­ngopaboga. Se­ mo­n o uga antuk panjurunge bo­jo sar­ta penyeng­ku­ yunge warga ma­ sarakat, satemah Sigit Tri Suhartoyo bi­sa winisuda mi­ nangka Lurah Se­lo­mar­tani, Ka­ pa­newon Kalas­ an, Sleman, Yog­ yakarta taun 20212027. Sigit Tri Suhar­ toyo winisuda mi­ nang­ka Lurah Selo­ martani bebarengan Lurah Sumberarum, Mo­yudan, Sleman de­ ning Bupati Sleman Dra. Hj.Kustini Sri Purnomo tang­ gal 16 Desember 2021 tabuh 13.00 kang mapan ana Pendhapa Para Samya Kabupaten Sleman. Sa­rampunge winisuda ana ing

Lurah Sigit Tri Suhartoyo sawise winisuda ana Pendhapa Para Samya Kabupaten Sleman. (Foto: Jono,Hana)

Kabupaten tumuli tabuh 15.00 Wib kang mapan ana ing Gedhung Serbaguna Kalurahan diadani serah terima jabatan saka Pj. Lurah Sumijo klawan Sigit Tri Suhartoyo Lurah kepilih. Sigit Tri Suhar­to­ yo, lairan Sleman 11 Maret 1983 bisa kepilih lan winisuda minangka Lu­rah pancen sa­mes­ thine, ja­lar­a n ang­gone se­sra­ wungan kla­wan sapa wae lan sa­kehing warga masarakat ora tau mbeda-be­­ dakake sta­t us sosial ekono­ mi, agama lan keturunan. Na­ nging tansah di­ ang­gep kadang si­na­ rawedi. Kejaba kuwi, Mas Lurah Sigit asmane akrab duwe pribadi kang grapyak semanak lan uga duwe rasa tepaslira klawan masarakat. Bebudene kang becik iki ditindakake wiwit isih ana pawiyatan tumeka saiki. Krana

Para pamong lan staf foto bebarengan klawan Lurah Selomartani Sigit Tri Suhartoyo sawise Sertijab. (Foto: Jono,Hana)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

sakehing pasrawungan, garwane Hj, Aulia Hajar Chairunita, S.Pd kang uwis peputra loro Kiano Achazia Suhartoyo lan Cania Nayasella Suhartoyo iki, asmane kawentar tumeka sajabane Kalasan. Miturut pangandikane Lurah Sigit, kang pidalem ana ing Padhukuhan Kledokan RT 06,RW 02 Selomartani, Kalasan rikala disowani ana Kantor Kalurahan ngandharake, menawa sawise pinercaya masarakat yaiku bakal nindakake pakaryan kanthi becik minangka pelayan masarakat kang linandhesan prasaja (transparan) tanpa tedheng aling-aling klawan masarakat. Saben ngadani sakehing kegiyatan kang magepokan ba­ bagan pembangunan pisik lan infrastruktur, kesenian lan sa­pa­ nunggalane luwih dhi­sik rerem­ bugan klawan lem­ba­ga Kalurahan sing ana. Anta­rane: BPKal, LPMKal, PKK, Ka­rang Taruna, Para Pamong, Bha­b inkamtibmas, Babinsa, Pa­r an­p ara, Tokoh Masarakat, Bu­­dayawan sarta masarakat. Kan­­thi Musdhus lan Musren iki, samangsane migunakake ang­g aran dana pamarentah kang tinulis ana RPJMKal bisa jumbuh Klawan APBKal satemah program pamarentah Kalurahan Selomartani sing dumadi saka 20 Padhukuhan, 102 RT, 42 RW bisa maju lan ngrembaka kanthi becik, bener, pener lan masarakat. Kanggo bisa mujudake gegayuhan lan pangajabe iki, Mas Lurah Sigit Tri Suhartoyo ngajak masarakat supaya Gumregah lan Guyub Ru­kun mbangun Selomartani. Won­dene sing ana gegayutane karo seni budaya, Kalurahan Se­ lo­martani uwis kapacak ana Dis­ bud Sleman sinebut minangka Ka­ lurahan rintisan budaya. Amarga Se­lo­martani duwe maneka ke­ lompok kesenian tradhisional lan kesenian modheren. Kesenian tra­dhisional, kayata: karawitan, kethoprak, wayangwong, wayang kulit, srandhul (dhadhung awuk), ge­jok lesung jathilan, maca patan, bre­gada, salawatan, hadroh sarta

43

Serah terima jabatan lurah, saka Pj.Lurah Sumijo marang Sigit Tri Suhartoyo. (Foto: Jono,Hana) campursari. Nanging yen papan ple­siran (wisata) Selomartani kudu kerja bebarengan karo sponsor lan Dinas Pariwisata. Amarga kanthi cara iki papan wisata sing uwis ana ing Selomartani yaiku Monumen Plataran bisa akeh tamu saka luwar dha­erah lan mancanegara padha mirsani monumen kang ngemot sejarah bangsa Indonesia rikala para pejuwang ngusir penjajah. Apa­maneh sakiwa tengene wis binangun gasebo, warung kuliner.

Amrih warga masarakat kang pakaryane minangka petani, buruh tani, makarya ana perusahaan swasta, wirausaha lan ASN, TNI, Pulisi bisa duwe tambahan peng­ hasilan. Krana asile kang tumanja asile, sakehing kebutuwan uripe sa­ben dinane: Pangan, Sandhang, Papan lan kebutuwan liyane bisa dicukupi kanthi layak. Atur pangan­dikane Mas Lurah Sigit Klawan Dja­ka Lo­ dang. [Jono, Hana/DL]

Pj. Lurah Sumijo lan Lurah kepilih Sigit Tri Suhartoyo sadurunge Sertijab. (Foto: Jono,Hana)

44

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Warta Ringkes

Diva Press Gelar Pameran Buku

S

tutup tabuh 18.00 WIB. Maneka angsaya maju pera­ jinis buku kang digelar kayata dhaban sawijining bang­ buku-buku terbitan anyar Diva sa sangsaya dhuwur Press, buku anak, umum, tradhisi literasi (maca lan agama Islam, novel, filsafat, nulis) masarakate. Mula sastra, Iptek, psikologi nganti pihak kang duwe kawigaten buku-buku murah rega limang ing babagan literasi kayata ewunan, sepuluh ewunan, lan instansi pamarintah, penerbit sapanunggalane. buku, komunitas sastra, GPMB Salah sawijining pe­ngun­ (Gerakan Pemasyarakatan jung pameran Sukardi kang Minat Baca), Perpusdes (Per­ pidalem ing Pengasih marang pus­ta­kaan Desa), sastrawan Masarakat milih buku-buku Pameran Buku Diva Press DL ngendikakake rasah lan sapa­nunggalane kupiya lan Dinas Pussip Kulonprogo. bungah kanthi anane pameran nggrengsengake tradhisi (Foto: Sumarno) buku kasebut. Dheweke kang literasi masarakat kanthi­ kang ditemoni DL ing lokasi pancen seneng buku-buku maneka cara. Kayata ku­piya kang dilakoni Penerbit Diva Press pameran ngandharake, pameran relijius, wus mborong buku-buku be­barengan Dinas Perpustakaan buku kanthi tajuk “Pameran Buku sufisme Islam. Kanthi pameran buku, lan Ke­arsipan Kulonprogo (Pussip) Murah” kasebut kawit dina Selasa para siswa, anak-anak lan masarakat kanthi nggelar pameran buku mapan 17 Mei 2022 nganti tekan Setu 4 diajab sangsaya cerak karo bukuing plataran Dinas Perpustakaan lan Juni 2022. Pameran kang digelar buku, sebab buku minangka Kearsipan Kulonprogo, Jl. Sugiman kapindho Diva Press bebarengan cendhela ilmu. Kanthi seneng maca Dinas Pussip Kulonprogo ing taun masarakat sangsaya ningkat budaya Watulunyu Pengasih. Miturut perwakilan Diva Press 2022 iki, diwiwiti tabuh 08.00 WIB lan literasine. [Sumarno]

Pakurmatan Kanggo Telu Komponis Pejuang

J

roning rerangken mengeti dina laire Pancasila tanggal 1 Juni 2022, Panitia Nasional Tribute WR Supratman ngadani ziarah kebangsaan kanthi kawiwitan ziarah marang makame Pahlawan Nasional Sultan Agung ing Makam Raja-Raja Mataram, Pajimatan, Imogiri. Kabacutake ziarah menyang makame seniman musik (komponis) Kusbini kang nyipta lagu ‘Bagimu Negeri’ lan makame Liberty Manik kang nyipta lagu ‘Satu Nusa Satu Bangsa’, ing Makam Seniman Budayawan Girisapto, Imogiri kang dieloni dening para tokoh seniman nalika dina Rebo (1/6) minggu kapungkur. Sigit Sugito pinangka panitia mratelakake menawa paweh pakurmatan marang telu seniman musik (komponis) kasebut kaanggep penting laras klawan falsafahe Wong Jawa yaiku ‘mikul dhuwur mendhem jero’, kang kena diarani mulyakake jalaran lumantar lagu-lagu perjuangan kasebut ketelune wis duwe andhil kang gedhe anggone nuwuhake jiwa nasionalisme (kebangsaan) tumuju bangsa Indonesia anggone nggayuh kamardikan. Malah lagu Indonesia Raya karyane WR

Supratman wis katetepake pinangka lagu kebangsaan. Dene ke­ giyatan ziarah menyang P a h ­l a ­w a n Nasional Sultan Agung k a s e b u t pinangka t a n d h a awal saka kegiyatan saka saweneh kegiayatan Para seniman nalika ziarah ana makame Sulatan Agung ing kang bakal Raja-Raja Mataram, Pajimatan, Imogiri (Foto: Nug) katindakake jroning paweh Indonesia, kayadene telu seniman pakurmatan (tribute) yaiku ziarah musik (komponis) kang kanthi menyang makam WR Supratman musik lan cakepan (syair) satemah ana Surabaya, titi laku saka bisa nuwuhake semangat kanggo Jakarta tekan Makasar, ziarah tansah nresnani bangsa lan negara menyang Sumongari papan laire Indonesia. ing Purworejo, sarta bakal pasang Para seniman kang nindakake ‘tetenger’ ing trap kapitu makam ziarah kasebut kayata Yani Sapto seniman budayawan Girisapto, Hudoyo, Sigit Sugito, Satriya Imogiri. Wibawa, Sarwoto (mantan direktur Sigit Sugito nambahake Telkomsel) , Nurdi Antoro, para menawa saben warga bangsa dua keistimewaan, lan anggota Indonesia bisa dadi ‘pahlawan’ seniman kang kagabung ana kanggo paweh karya pengabdiane anggoa Koseta (Koperasi Seniman paling apik tumrap negara Yogyakarta). (Nug/DL)

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

D

45

Pembinaan Sastra Disbud Bantul

inas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul ngadani kegiyatan pembinaan sastra, pinangka kupiya kanggo ngurip-urip lan mekarakake sastra supaya bisa tansah laras klawan ombyake jaman temah sastra ora mandheg. Pembinaan arupa latihan (workshop) kang katindakake saka tanggal 23 Mei tekan 10 Juni 2022 mapan ana Ros in Hotel, Sewon kanthi 400 pasarta kang dumadi saka 10 jinis kegiyatan latihan (workshop). Manut palapurane Kepala Bidang Sejarah Bahasa lan Sastra Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul, Drs. Dahroni, MM kegiyatan kasebut nyakup pelatihan nulis geguritan, nulis cerita cekak, nulis dongeng, nulis puisi, nulis cerita pendek, tembang macapat, nulis naskah sandiwara radio, latihan pranatacara, maca manusksrip sarta nulis aksara Jawa. Dene pasarta dumadi saka masyarakakat umum srta guru PAUD, TK, SD/MI, SMP/ MTS, SMA/SMK kang saben sajinis kegiyatan dieloni 40 pasarta. Sekretaris Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul, Drs. Fauzan makili Kepala Dinas nalika mbuka latihan mratelakake menawa basa Jawa mono banget luwes anggone ngenut lakune jaman, mligine kang padha digunakake dening para mudha ana saben dinane temah perlu digatekake menawa perlu dicathet pinangka ukara utawa tembung-tembugn anyar. Senadyanta basa baku basa Jawa kang ana undha usuke basa,

Sekretaris Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul Drs. Fauzan (tengah) (Foto: Nug) kudu terus dijaga, pinangka srana kanggo nuntun marang tata krama lan budi pekerti luhur. Dene pelatihan diisi dening para narasumber dumadi saka akademisi lan praktisi kayata Suwarsidi, S.Pd lan Bambang Nugroh (geguritan), Prof. Dr. Suwardi Endraswara, M.Hum lan Ardini Pangastuti (cerkak), Umi Khulsum, S.Pd lan Suharmono Arimba (puisi), Tedhy Khusairi lan Joko Santosa (cerita pendek), Dr. Akhir Lusono lan Lephen Purwanto, M.Sc (dongeng), Angger Sukisno, S.Pd lan Dr. Arif Bintoro Johan (pranatacara), Bagus Febianto, M.Hum lan Sri Wahyuningsih (tembang macapat), Prof. Suminto A Sayuti lan Maria Kadarsih (naskah

Para pasarta nulis cerkak (Foto: Nug)

sandiwara radio), Setyo Amrih Prasaja, S.S lan Arif Budiharto, S.Pd (manuskrip) sarta Kingkin Nurdiana Winanti, M.Pd lan Venny Indra Ekowati, S.Pd, M.Lit (aksara Jawa). Salah sijine pasarta pelatihan Titik Ruswanti saka guru SD rumangsa seneng bisa melu latihan engga bisa nambah wawasane babagan sastra Jawa mligine nulis geguritan, amarga pelatihan kasebut ora mung piye carane nulis nanging uga ana praktik nulis sarta maca geguritan kang becik. Kepara uga diwenehi wewarah kapriye carane karya geguritan kasebut, bisa kababar ana media massa utawa media sosial. (Nug/DL)

46

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Pariwisata

Omah penginepan ing Mangli (Foto Ist.)

MANGLI

M

Desa Wisata Ing Perenge Gunung Sumbing

angli klebu salah sijine desa ing pereng Gunung Sumbing (3.371 meter) sing mlebu kukuban Kecamatan Kaliangkrik, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Desa Mangli nyakup telung pedhusunan yaiku Mangli, Bojong, lan Dadapan. Dumunung ing papan sing dhuwure antarane 1.400 – 1.730 diitepus saka lumahe banyu segara, Mangli klebu dalan (jalur) kanggo ngunggahi Gunung Sumbing. Wektu iki dalan ngunggahi S u m b i n g tumuju pucuk g u n u n g (puncak) bisa liwat patang jalur yaiku liwat Bowongso, liwat Garung, liwat Butuh, lan liwat Mangli. Gunung Sumbing duweni sawetara pucuk kayata Pucuk Buntu, Pucuk Kawah, Pucuk Rajawali, lan Pucuk Sejati. Antarane pucuk paling

dhuwur lan dianggep pucuk paling pokok Sumbing yaiku Pucuk Sejati sing dununge paling dhuwur (3.371 meter). Antarane dalan ngunggahi gunung sing kaloka yaiku jalur kang liwat Dhusun Butuh ing Desa Temanggung, Kecamatan

Hutan-Pinus-Mangli-Magelang (Foto Ist.)

Kaliangkrik, Kabupaten Magelang, sawenehe dhusun paling dhuwur ing perenge Sumbing. Tatarakite bangunan omah sing nurut munggahe dalan dhusun menehi sesawaangan kang mencutake lan banjur dipadhakake karo perkampungan pepereng Himalaya ing Negara Nepal. Iku sebabe Dhusun Butuh asring disebut Nepal ing Pulo Jawa (Nepal van Java). Kejaba liwat jalur Dhusun Butuh, ngunggahi Puncak Sejati S u m b i n g uga bisa liwat Dhusun Mangli. Mangli mencutake ora krana mung hawane sing adhem jekut, nanging sesawangane uga mencutake. Kejaba perkampungan sing tinata becik, uga ana grojogan, ana alas, ana pucuk gumuk, ana guwa watu, lan

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

47

– Andong – Telomoyo – Ungaran – Sundoro – Giyanti – Menoreh – Tidar – Telomoyo sing pucuke asring kinemulan pedhut. Tumuju Mangli paling cerak bisa ditempuh saka kutha Magelang tumuju Pasar Bandongan terus tumuju Pasara Kalegen banjur bablas munggah tumuju Mangli. Dalane aspalan becik ana sawetara unggahunggahan sing dhuwur nanging dalane jembar. Mlebu Dhusun Mangli luwih dhisik liwat gapura Sesawangan alam tumuju Dhusun Mangli ing pereng Gunung Sumbing (Foto Ist.) dhusun banjur mlebu perkampungan sing wus papan leter bawera sing metha Sumbing. Antarane dhadah sing tinata becik. Wisatawan swasana ngangeni. Apa maneh gumelar akeh gumuk-gumuk cilik bisa milih paket wisata kaya wargane semanak gapyak seneng sing dimanpangatake kanggo mlebu gerdhu pandang apadene sapa aruh kepara ngampirake gardhu pandhang. Saka gardhu camping. Keperluan camping omahe. Cekake, Mangli ora kalah pandang wisatawan bisa mirsani bisa nyewa kanggo tendha isi pamor ditandhing karo Dhusun menyang keblat papat, nyekseni loro utawa papat rega sewane Butuh. Kekarone klebu dhusun endahe kutha-kutha Magelang - antarane 35 ewu rupiyah tekan ing Kecamatan Kaliangkrik. Temanggung – Wonosobo ing seket ewu rupiyah. Uga bisa Sadurunge tekan pucuk Sum­ wayah bengi. Bisa mriksani jedhule myewa sleeping bag, matras, bing, dalan unggah-unggahan srengenge esuk utawa angslupe kompor PTB, tabung gas, apadene paling dhuwur ing Mangli nlusup pratanggapati ing wanci surup nesting Dene menawa ngersakake ing tengahe alas pinus. Kepara alas kasumba. Ana gardhu-gardhu mriksani sesawangan ing gerdhu pinus iku bagean paling dhuwur pandhang sing cacahe puluhan pandhang cukup tuku tiket sing saka Dhusun Mangli sing akeh iku gawe wisatawan bisa mriksani regane limang ewu rupiyah.* dimanpangatake kanggo kemping gunng-gunung sing ngupengi (Sanjaya / DL) lan wisata wana. Kejaba mirengake Sumbing kaya Merapi – Merbabu ocehe manuk sing urip bebas ing alam kang asri uga bakal mirengake akehe ayam alas kluruk sinambi pethangkringan ing pang uwit gegrum­ bulan. Mangli sing racak wargane olah tetanen janganan (sayuran) nyu­g uhake akehe dhadhah ijo royoroyo krana subure tetanduran. Banyu ing mangsa ketiga uga ora kekurangan krana ana kali sing tuke saka pucuk

Wayah surup ing Dhusun Mangli (Foto Ist.)

48

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Crita lan Gambar: Toto Winarno

Uthak-Uthik DL

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

49

kaping pindho: Araning panganan - 19. Timah sari - 20. Kerengan tumrap sato khewan - 23. Wadhah buku - 24. Kali ing Benua Afrika. SYARAT BATANG UTHAK –UTHIK 04: 01. Batangan ditulis ing kartu pos kanthi alamat pengirim cetha, Kupon Uthak-Uthik, No. Telpon, jeneng lan alamat agen. sarta klebu kode pose. Dikirim menyang Redaksi Minggon Djaka Lodang, Jl. Patehan Tengah No. 29, YOGYAKARTA – 55133. 02. Saben pemenang (cacah 2) dicaosi bebungah arta Rp 100.000. 03. Kiriman batangan paling kasep tekan meja redaksi dina Setu Legi, 09 Juli 2022.

NENGEN : 1. Bengkong tangane - 3. Usreg, tansah rame - 6. Tembung liya: Kalenan - 8. Seneng, Marem atine - 9. Tegese: Owel banget - l0. Jinis ula - 13. Narungake, rebutan sapa sing luwih unggul - 15. Aras-arasen merga kakehan melek - 17. Dadi manten - 19. Bioskop - 21. Istilah ing olahraga Tinju - 22. Metu kringete - 25. Pathokan jejerjejer - 26. Tembung liya: Tumbak. MUDHUN:

1. Sandhangan ing aksara Jawa - 2. Dhuwung - 4. 0ra bunder - 5. Endhog semut ngangrang - 6. Anak tawon - 7. Wilangan ganjil - 11. Mubeng nawakake dagangan - 12. Sing mimpin sholat ing masjid - 14. Ngenggarenggar ati sarana mlaku-mlaku - 15. Endhas sepur - 16. Araning dolanan bocah sing digawe saka kayu bunder - 17. Sawang omah kemangga - 18. Diwaca

BADHARE UTHAK – UTHIK N0. 52 Manengen : 01. SAMARINDA, 05. YEN, 06. AWU, 07. GRENGSENG, 12. GEMBOR, 14. LUDRUK, 16. LA, 17. EA, 18. MEI, 19. KPR, 21. NIP, 23. PANEN, 25. DURGA, 26. INTIP, 27. KASAB Mudhun : 01. RUYUNG, 02. SONG, 03. AJAG, 04. BLULUK, 08. RIBA, 09. NERAK, 10. SOLAR, 11. NADE, 13. MLINCUR, 15. RANGKET, 18. MEMEDI, 20. PANTES, 22. PALAPA, 23. PYAK, 24.NAIB Batangan Uthak – Uthik Djaka Lodang 52 wus kaundhi lan kang beja nampa bebungah wujud arta Rp 100.000 saka Djaka Lodang: 01. Th. Retno Wahyuningsih, d/a Prawirodirjan GM2/558 RT 48/RW 14 Gondomanan, Yogyakarta 55121 02. Djarwono, d/a Pucung, Kranggan II 5/32 Jogotirto, Berbah, Sleman, Yogyakarta

Wasita Adi

P

Pangeran Kuwi Maha Kuwasa

epesthen kang wus diputusake Pangeran, ora bisa diwurungake. Sapa kang bisa ngowahi pepesthen? Ora ana! Manungsa mung kari nampa apa kang kinarsakake Pangeran. Kabegjaning urip ing donya iki mung saka nugrahaning Pangeran kang Maha Welas sarta Maha Asih. (Pitutur Jati)

KUPON UTHAK-UTHIK DL NO. 04

Kiva

50

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Satleraman

Damitri Ardian

P

CHEFF KANG NATE NGUBENGI DONYA

riya bagus sing duwe pawakan atletis iki asmane Damitri Ardian, priya kelairan tanggal 29 Januari 1991, wektu isih ing bangku Sekolah Dasar tekan SMP wis duwe pepenginan dadi dhalang kang monjo, nanging tibane seneng karo bab "masak memasak". Awit ketarik rikala ibune olah-olah apa wae sing bisa dipesthekake rasane enak. Banjur Damitri Ardian asring pitakon bab bumbubumbu mangsakan, nalika ibune lagi olah-olah. Rikala dheweke lulus saka SMA, dheweke banjur duwe krenteg mujudake pepenginane dadi chef profesional. Mula Damitri Ardian nerusake sinau menyang Bandung ana ing Sekolah Tinggi Pariwisata Bandung, dhasare Damitri Ardian iki bocah sing temen lan tekun, rikala durung lulus anggone sinau chef ana tawaran nyambut gawe ing salah sijine perusahaan kapal pesiar kanthi bayar sing murwat. Sanajan mangkono ora ngendhekake niyate tetep mantep bisa ngrampungake anggone sekolah chef luwih dhisik, "Menawi kula nampi tawaran menika ateges kula kedah medhot anggenipun sekolah," pratelane. Ananging sapa nyana managemen sing nawani gaweyan kuwi, tetep nunggu Damitri Ardian tekan lulus, minangka chef. Dheweke sesambungan

GUYON

meneh karo manager kapal pesiar Amerika Diamond Princess Queen. Damitri Ardian ana ing kapal pesiar nglungguhi minangka chef kanthi kontrak suwene 6 wulan. Sawise 6 wulan kontrak, dheweke teken kontrak sing kaping pindho. Banjur taun ke 2 dheweke pindhah kapal Dawn Princess, suwene setaun lan banjur makarya ing Sea Princess. Sasat Damitri Ardian keliling negara-negara Eropa lan Asia minangka chef. Sawise 4 taun uripe sasat mung ana dhuwur kapal, banjur ana "panggilan kerja" ing Wynndham Garden Manama Hotel sing mapan ing Bahrain (Timur Tengah). Dheweke kanggo sawetara wektu bali menyang Indonesia, bukak usaha dhewe ya kuwi "Insalata Sallad" (Sallad Sayur), sing bisa dibukak liwat Gofood. Priya gantheng lulusan SMPN 8 lan lulusan SMAN 6 iki kegiyatane saben dina Minggu olahraga bareng karo komunitase jenis "Calisthenic". Babagan wayang dheweke ngaku isih kesengsem, mula pendhak ana pagelaran wayang kulit tansah nonton. "Kadhang kula mesammesem piyambak Mas, cita-cita dados dhalang jebul diadang kalihan profesi chef," ngono pratelane Damitri Ardian marang DL. B A R I / DL

FX. Subroto

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Kembang Alas Jati Sambunge kaca 2

karu-karuwan mengko tembe burine. Bisa kisruh lan bubrah anggone padha kuliyah utawa sekolah. “Ni, arepa aku iki ora bakal dadi bojone Mas Raka lan Mas Rinto, aku wis marem yen bisa macari salah siji utawa loro-lorone. Yen aku bisa kaya ngono aku bakal dadi wanita sing sepisanan sing digepok dening kekarone. Aku yakin kekarone kae Ni, isih jaka thing-thing!” “Mbak?” “Apa kowe ora bangga, ora mong­kog, Ni yen bisa macari jaka thing-thing sing nggantheng, sekolahan, lan pinter? Kamangka jejaka mau padha besus-besus, resik, rapi, lan gandane arum lho, Ni. Dedege ya entuk. Atletis, kenceng, lan kulite semu-semu sawo mateng. Ni, aku yakin Mas Raka lan Mas Rinto kae yen ana sekolahan utawa papan kuliyahe mesthi dadi bocah lanang sing digandrungi kanca-kancane wedok ana sekolahan utawa papan kuliyahe. Kowe ora kepengin bisa macari bocah lanang sing kaya ngono apa kepriye, Ni? Yen ora kepengin kuwi tegese kowe ngapusi batinmu dhewe. Yen ora kepincut, kuwi tegese kowe selak. Munafik. Sapa wae sing bisa macari cah loro kae Ni mesthi bakal bombong. Mongkog. Marem. Kepara uga rumangsa bagya mulya, Ni. Yen aku bisa, tegese aku sing bakal dadi juwarane. Wong wedok liyane sing dadi pacare sawise aku, wis kalah dhisik karo aku. Mung nampa tipak utawa sisaku, Ni.” “Mbak Sum, Mbak Sum kok kaya ngono ta? Yen kaya ngono ora apik lho, Mbak. Mbak Sum kok ora mesakake?” “Hm, lha yen dheweke padha seneng karo aku, gelem karo aku, kowe arep ngapa? Ora perduli omongane wong-wong. Sing penting aku seneng lan sing dipacari ya seneng.

Beres ta, Ni?” Sawise omong-omongan utawa glenikan wengi kuwi atiku dadi tansah was sumelang. Kuwatir. Sumelang marang Mas Raka utawa Mas Rinto. Kaya kandhane Sumi, wong lanang kuwi umume ringkih yen nyawang kaendahane wanita. Ah, kamangka Sumi tansah mamerake kaendahane awake kanthi mancingmancing terus. Mengko gek Mas Raka lan Mas Rinto kena kepancing. Yen nganti kepancing banjur kepriye. Yen Sumi pancen nyawisake, ngladekake, utawa munjung nganggo dhiri pribadine kanggo Mas Raka lan Mas Rinto banjur kepriye. Sakuwat-kuwate kucing yen ora ana pangan liya mesthi bangsane gereh krosok ya doyan. Ngono kandhane wong-wong kae. Ora kudu iwak bandeng, cakalang, cumi, urang, utawa

51

wise ngrungokake gunemane Sumi sing mutawatiri kuwi. Awan kuwi sawise padha rolasan, Bu Ngadirah kedhayohan cah wedok sing manut pangeling-elingku, aku wis nate ketemu. Sing cetha praupane aku wis nate meruhi. Saelingku cah wedok iki mau wis rada kerep tuku lawuh ana warung makane Bu Ngadirah. Semonoa aku durung ngerti tenan, sapa satemene cah wedok iki mau. Sawise cah wedok iki mau padha rembugan sauntara karo Bu Ngadirah banjur unclukuncluk mlebu pawon nemoni aku, Sumi, Nanik, lan Narsih. “Mbak, tempat untuk baju ko­ tornya Mas Raka sama Mas Rinto di mana ya?” Entuk pitakonan kaya mangkono iku, aku, Sumi, Nanik, lan Narsih padha pating plenggong. Sumi ban-

“Apa Mbak Sum kepengin dadi pacar utawa jodhone Mas Raka apa Mas Rinto?” tongkol. Kamangka yen Sumi, Sumi bisa wae dudu iwak gereh krosok, nanging saora-orane iwak pindhang kranjangan. Bangsane tongkol cilik. Semonoa mesthi luwih ndaging, luwih nyenut, luwih gurih tinimbang gereh krosok. Ah, Mas Raka lan Mas Rinto muga-muga njenengan padha kuwat. Kuwat! Ngono uni batinku sa-

jur njlentrehake menawa wadhah regedan sandhangane Mas Rinto lan Mas Raka ana kamare dhewedhewe. Bubar nampa panjlentrehe Sumi bocah wedok mau nguncluk tumuju kamare Mas Raka lan Mas Rinto karo muni, “Saya Niken, Mbak. Saya tetangga sebelah.” [Ana candhake]

52

Djaka Lodang No. 04v 25/6/2022 Setu Paing, 25 Dulkaidah 1955 Alip

Atur Panuwun Inna Lillahi Wa Inna Illaihi Roji’un Ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami saking sedanipun Garwa, Putra, Wayah, kinasih

Alm. Drs. Suharno Yuswa : 61 Taun

Ingkang seda rikala dinten Rebo, 01 Juni 2022 wonten R.S. Panti Nugroho, Jl. Kaliurang, Yogyakarta. Keluwarga ageng Tatiek Poerwa Kalingga Suharno pidalem wonten Candiwinangun, Sardonoharjo, Ngaglik, Sleman, Yogyakarta, ngaturaken panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun paring donga ugi panyengkuyung arupi menapa kemawon , mugi sedaya wau dados amal sae panjenengan. Saha donga panjenengan sedaya dipun ijabahi Gusti Allah satemah Alm. Drs. Suharno kondur husnul khotimah. Aamiin Atur panuwun dhumateng 1. KADISINFOLAHTA ANGKATAN UDARA BESERTA STAF 2. Direktur Djaka Lodang Pers Yogyakarta saha Karyawan 3. Ketua IKWI DIY, Ny. Sri Suryawidati Idham Samawi 4. Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) DIY 5. Keluarga Besar Balai Bahasa Yogyakarta 6. Pimpinan dan Karyawan HEPICAR Yogyakarta 7. Keluarga Besar SMP N 3 Ngaglik 8. Alumni 76 SMP HP Pakem 9. Alumni 80 SPG HP Pakem 10. Guru dan Karyawan SMP N I Ngluwar Magelang 11. Alumni 80 SPG Bogem, Kalasan 12. Keluarga Besar SD N Sardonoharjo, Ngaglik 13. Keluarga Besar Sekar Pangawikan Yogyakarta 14. Keluarga Besar Trah Kromo Pawiro 15. Keluarga Besar Jetakan Magelang 16. Keluwarga Besar Pawirotomo 17. Keluwarga Besar Bleber, Prambanan 18. Keluwarga Besar Kamas Maryadi, Prambanan 19. Kadang Taruna, Bapak Dhukuh, RW, RT, Warga Candiwinangun 20. Sedaya pihak ingkang boten saged kula sebat mbaka setunggal Ingkang nandhang duhkita: 1. Tatiek Poerwa Kalingga (Garwa) Candiwinangun 2. Wita Kurniawati/Doddy (Putra/Mantu) Magelang 3. Hardhika Kurnianto (Putra) Candiwinangun 4. Hj. Djuminah Dwijo Sukarno (Mertua) Cilikan, 5. Suharti/Wahyu Astanto (Kakak) Gejayan 6. Dwi Rustanto/Sri Rejeki (Adik) Turi 7. Edy Triyanto/Atik (Adik) Meces 8. Tikno Riyanto/Susana Yuli (Adik) Jakarta 9. Alfalah, Jibril, Fathir (Cucu) Magelang 10. Sedaya Brayat Ageng

Get in touch

Social

© Copyright 2013 - 2024 MYDOKUMENT.COM - All rights reserved.